Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 08 Maret 2026 07:45 WIB)
Roncean Cerita: Sepatu ring Paesan (pungkas)
“Yum…Jare rika akeh PR. Wayah mene buru teka iku, uwis digarap kabeh tah? Sepurane kadhung isun rada cerewet. Bengen-bengen kan sing gedigi isun,Yum. Isun bolak-balik ngapusi ibu kos. Kerana rika sing jenek kaya bengen. Isun kuwatir ibu kos wadul ning keluwarganrika. Aju isun mesthi diurus pisan ambi keluwarganrika,” jare Watik, kanca sak kosan ambi Yumarsini.
“Wat…Isun duwe jadwal dhewek kapan kudu marek-aken kewajiban. Maning saiki yara malem Minggu. Engkesok mari latihan Pramuka kan bisa. Maning Isun sing tau njaluk tulung ning rika kon nggarapaken,” semaure Yumarsini rada munggah merga keringete durung asat.
“Yum,…sepurane…..setemene dudu masalah PR hang sun takokaken, naming isun kerasa keganggu merga kudu mbokakaken lawang saben bengi. Kadhang isun pas liyep-liyep emeh kesirep, rika dhodhog-dhodhog lawang!”
“Selawase iki, ping pira Rika rumangsa Sun ganggu? Kan buru rong malem mingguan iki thok. Ya wis….sepurane hang gedhi…..!” abane Yumarsini hang sing disauti ambi Watik iku. Watik apus-apus turu kemulan rapet. Yumarsini ngitung picis ulihe ngamen mau ambi dicathet. Hang adate sak kasur dituroni uwong loro, bengi iku Yumarsini turu ring keramik lemek selimut. Blek sek sampek tarhim subuh. Yumarsini mberejag aju gancang adus lan berangkat subuhan ring masjid hang parek kos-kosane.
Mari subuhan, Yumarsini melaku mulih ning kosan ambi kaya uwong mikir: ”Watik iku salah-sijine ujianisun….Isun, ya aja sampek nggadug ning sapa-sapa kadhung iyane iku setemene ya kerep ketemuan ambi uwong lanang sapa bain, tuwek-enom ring Hotel. Isun sing tau ngurusi. Tau sepisan, ngengetaken malah salah terima. Sekaken emak-apake ring desa. Nggethu nggarap sawah, anake sekolah ambi nyeper ring kutha. Ah…Pengeran sing tau kethip. Mesthi weruhe, mesthi ana balesane….!”
“Assalaamu’alaikum…!” sapa Ibu Kos, arane Bu Rini.
“Wa’alaikumussalaam…!” semaur Yumarsini ambi munyik renyah. Mari nyemauri, iyane mara lan salaman ambi Bu Rini hang magih nyekel tasbih.
“Alhamdulillaah….Gok dhewek?” takon Bu Rini ambi ngebleg pundhake Yumarsini.
“Enggih, Bu. Alhamdulillaah…..!” semaure Yumarsini ambi pamit melebu kamar kos. Bu Rini mandeng jangkahe Yumarsini ambi dhileg-dhileg.
“Lare kadhung gelem sembahyang, mesthi disiplin. Naming paran hang diwadulaken Watik ning isun gok sing cocog ambi nyatane? Isun sing sepisan pindho weruh Yumarsini mulih teka sembahyang ring masjid. Naming isun durung tau weruh Watik wudlu’. Paran maning nganggo rukuk,” batin Bu Rini.
Isuk iku serngenge ngemuning ngangeti sekabehane hang ana ring donya. Yumarsini mentu teka kamar kos nganggo sepatu olahraga aju melaku-melaku ring dalan kampung Watu Buncul-Cungking-Mojopanggung-Penataban-Boyolangu lan balik maning ning kos-kosan. Nyandhak sapu kerek aju nyapu latar kos-kosan. Watik magih ngorok. Cangkeme mangap, sikile methothok. Sekira jam setengah sanga, Wanto teka nggawa sepidhah udhude Yumarsini nganggo seragam Pramuka lengkap. Yumarsini mentu teka kamar kos uga uwis nganggo pakaian Pramuka lengkap. Sepedhah udhud dijaglang, lare loro iku melaku nyang lapangan sekolahan kumpul ambi anggota Pramuka liyane. Latihan baris berbaris sampek jam suwelas ngarepaken bedhug aju melebu kelas.
“Salam Pramuka!” salame Kak Jamal.
“Salam!” saute kabeh anggota.
“Kaya hang disampekaken dina Minggu kepungkur, Isun lan Rika sanggup ngumpulaken kelambi utawa rok utawa celana utawa kathok hang magih pantes dienggo, kanggo disumbangaken ning panti asuhan. Kelendi?”
“Siap Kak!” semaure kabeh anggota.
“Engkesok Senen ngelumpuk, mari jam sekolah bareng-bareng nggawa bantuwan iku nyang panti asuhan!” abane Wanto hang ketiban sampur dadi koordinator.
“Bener ya Wan. Isun kabarana. Isun milu ngawal!” abane Kak Jamal, pulisi hang dinese ring Polsek Giri.
“Pokoke jam siji kumpul ring aula sekolahan, Kak!”
“Sepakat jam siji kumpul?” tari Kak Jamal.
“Siap!”
Mari musawarah, diskusi, nyanyi lan guyon sedhela, latihan Pramuka mari lan padha mulih. Wanto lan Yumarsini gesah ambi guyon.
“Eh, Iya……Picis mabengi sun itung ana pitungewuan gedigu. Sun total ambi hang sedurunge, ana rongatus suwidak ewuan gedigu,” jare Yumarsini.
“Teka picis iku, Rika duwe rencana paran?” takon Wantok.
“Isun kepingin tuku seragam sekolah ulihe keringetisun dhewek lan nukokaken kaos kanggo lare-lare SLB. Seragamisun hang mula, sun sumbangaken kanggo panti asuhan,” abane Yumarsini. “Rika tuku paran?” tambahe.
“Sepatunisun iki bolak-balik sun gawa ning tukang sol sepatu. Dadi isun kepingin duwe sepatu anyar!”
“Sepatu thok? Picis iki akeh, Wan!” abane Yumarsini ambi gemuyu renyah. Wanto gemuyu pisan ambi nguyek-uyek bun-bunane Yumarsini hang gandholan bangkekane Wanto. Wanto njerit: ”Iya maaaaak….!” Yumarsini saya ketheng. Lali kadhung Wanto keriyan lan setengah latah.
“Kadhung gedigu, ayo pamit Bu Rini. Isun kepingin duwe penganggo ulihe keringetisun dhewek!” jare Yumarsini sing kerasa mbaleni omongane. Sangking girange.
“Ayo wis!”
Wanto lan Yumarsini seru “cemeng kopine”. Watik uwis sing ana ning kamar kos. Hang aran seprei molak-malik sing karuwan, bantal lan kemul pulet dadi siji. Kathok, sempak nyelengkrah ring bucune kasur, Yumarsini methuthur, Wanto sing wani marek ring lawang kamar. Digancangi melaku ring sepedhah udhud. “Kamare lare wadon gok badheg gedigu yoh?” batin Wanto ambi dhenguh.
“Eh, Wanto….Arep ana acara maning tah?” takon Bu Rini hang uwis mula kenal ning Wanto.
“Niki, Bu. Yumar nedhi ater belanja teng peken!”
“Yeh….Aja bengi-bengi yah!”
“Siap, Bu!” semaur Wanto.
“Yumi ningendi?”
“Niku teng kamar!”
Bu Rini sing kathik ngomong maning, mara ning kamare Yumarsini hang magih ngadeg nganggreng ambi nyawang kasur hang nyelengkrah. Serta weruh, Bu Rini dhileg-dhileg.
“Wadon-wadon gok kemproh gedigu yoh!” abane Bu Rini ngagetaken Yumarsini, hang aju mbalik awak.
“Sepuntene, Bu. Kula wau dalu tilem teng ngandhap. Nggelar selimut. Kula melampah latihan Pramuka wau, Watik dereng tangi. Kula dugi empun mboten enten, ninggal peturon hang kados ngoten niku!”
“Iya wis Yum. Kadhung gedigu isun weruh dhewek. Sira kadhung arep nyang pasar gancang melakuwa wis. Aja bengi-bengi yah!”
“Enggeh,Bu!”
Mari njuwut celengane, Yumarsini aju pamit ning Bu Rini lan berangkat nyang pasar.
Bu Rini celuk-celuk Bik Atun hang magih korah-korah ring pawon. Bik Atun gacar-gacar mara ambi ngusap-usapaken capah tangane ring tapihe dhewek. Serta uwis parek, Bik Atun takon: “Enten napa, Bu?”
“Tulung singkrih-singkriha ring kamar iku sulung. Korahane sun tutugaken,”
“Enggih, Bu!” semaur Bik Atun aju tandang. Seprei, bantal lan kemul diedhunaken ring keramik. Kasure dikurihi, Kathok lan sempak dideleh ring keranjang kumbahan. Seprei dikiblas-kiblasaken aju dietap maning sampek apik. Bantal dietap maning lan kemul dilepit aju dideleh ring ndhuwure bantal. Bik Atun sing lali nguripi kipas angin hang tememplek ring tembok kamar. Pungkasan, Bik Atun nyemprot-nyemprotaken pengharum ruangan aju lawang kamar ditutup lan balik maning nyang pawon.
“Bik…..Semene akehe lare hang kos ring kene iki, macem-macem watek lan tingkahe ya Bik!” abane Bu Rini.
“Nggih niku ya Bu. Ale padha sekolah nggih, Bu!”
“Iyok. Taping apak-emake dhewek-dhewek yuh. Alamat kampung asale ya beda-beda. Lha…endhog sak petarangan bain kadhung netes wulune beda-beda……!”
“Nggih niku. Enten hang jujur, rijigan, patheng ibadah ya patheng sinau. Enten malih hang apus-apus sekolah, naming….!”
“Naming apuwa, Bik?”
“Lagake kados pelajar. Injing medal ngangge seragam sekolah naming mboten jelas sekolahe teng pundi. Medal dugi kos-kosan aju njanggol ring bucu pertelon, ngerantos susulan. Kadhung dugi mobil, lawang mobil mbokak, lare pelajar wadon niku wau perdang-perding aju melebet mobil. Kirangan dibeta nyang endi. Mengke ngarepaken Ashar dugi pun!” cerita Bik Atun hang tau niteni siji lan sijine pelajar hang ngekos ring umahe Bu Rini.
“Sapa iku, Bik?”
“Mengke Ibuk semerap kiyambek. Kula emong wadul-wadul. Polae nate kepergok kula kaya kemisinen ngoten. Kadhung empun gadug wayahe, mengke kebokak kiyambek, Bu!”
“Iya wis, Bik. Isun nak cepak-cepak asaran aju nekani kumpulan PKK ring Bale Desa Banjarsari”.
“Enggih,Bu!”
* * *
Adan Asar muni teka corong-corong langgar lan masjid, Wanto lan Yumarsini magih mider ring jero pasar Banyuwangi. Belanja penganggo seragam uwis mari. Kari tuku sepatune.
“Yum….isun kadhang-kadhang kudu gemuyu nulih Rika iki yah!”
“Apuwa sih, ana hang lucu tah?”
“Using….rika iku belanja penganggo mestine ring toko-toko kutha gedhi, kaya hang ana ring Surabaya, Jakarta gedigu….Eh, toko-toko cilik njero pasar, ha,ha,ha…..!”
“Wan…Kadhung ukuran donya, keluwarganisun mula sugih. Taping atinisun garing. Uripisun kaku. Sing tau guyon, sing tau gemuyu. Isun kepingin dawa umur, Wan. Mulane isun belajar urip ning rika. Isun ulih akeh pelajaran urip sing teka sekolahan, taping teka rika, teka emakrika, teka adhik-adhikrika hang neriman ngelakoni urip hang pas-pasan. Masiya gedigu, sun rasakaken keluwarganrika iku adhem, sing tau bengkerengan siji lan sijine. Neriman masiya mangan mung sega kecap lan kerupuk bleng. Isun iri, Wan!” abane Yumarsini ambi nahan tangis.
“Isun kari kepingin mberik, Wan….. !” tambahe.
“Ya sing kepingin mberik thok kan?”
Yumarsini lirak-lirik kiwa-tengen aju nyethut tangane Wanto ambi meringis munyik masiya iluh sing keneng dicegah merambat ring pipine. Wanto ngusapi nganggo jempolane. Lare loro iku aju melebu ring toko cilik jero pasar. Milih-milih sepatu hang cocog kelire, ukurane ya cocog regane. Serta mari belanja, aju nyang masjid Baiturrahman. Sembahyang Asar. Ring ruang wadon uwis ana rukuk hang mula dicepakaken kanggo jamaah wadon hang sing nggawa, uga kanggo musapir.
Mari sembahyang Asar, Wanto lan Yumarsini mangu-mangu sedhela ring emperane masjid ambi nyawang kendharaan hang mider-mider melibengi tegal Sritanjung.
“Wan….Selawase isun kancaan ambi rika, picis kirimane apak sun kelumpukaken. Tulung engko cekelen. Keneng dienggo mbayari tunggakan-tunggakanrika ring sekolahan. Polahe kan uwis emeh ujian semester genap. Rika aja tersinggung ana isun ngomong gedigi. Jare rika uwong urip iku kan kudu tulung-tinulung. Kadhung lebih, titip uwakena emakrika”.
“Sulung tah….Rika iki arep nyangendi sih?”
“Singana….mumpung enget….Mari wiridan sembahyang mau, isun kaya ana hang ngengetaken. Terus, sepidhah udhud iku ulihisun nyelengi nalika magih SMP bengen. Uwong tuwekisun sing ngerti kadhung isun bisa tuku dhewek. Belanjaan iki dideleh ring jok bain yah. Engetena, engkesok nggawa penganggo kanggo disumbangaken ning panti asuhan,” abane Yumarsini kaya nitip wasiyat ning Wanto.
“Yum….jantungisun kari ndheredheg ya Yum. Awak panas-adhem. Ayo wis balik ning kosan!”
“Mari ngeteraken, sepidhah udhud iki gawanen wis yah!”
“Gampang wis!”
“Aja ngomong gampang gedigu……temenan iki…!”
“Iya, ya……ayok wis!”
Yumarsini lan Wanto nunggangi sepedhah udhude ngidul sampek gadug perliman aju biluk nengen. Serta gadug kos-kosan ring Watu Buncul kana, Yumarsini kaget merga lawang kamar kose njemblang. Sedheng umahe Bu rini tutupan rapet. “Aja-aja Watik teka!” batine Yumarsini. Wanto ngawal Yumarsini sampek gadug ngarepe lawang kosan, sampek lali njuwut ulihe belanja hang dideleh ring jok sepidhah udhude mau. Yumarsini kelunjuk nulih apake lungguh ring kasur kamar kose.
“Lungguh kene!” abane dr. Hamam ambi mendelik. Mari nyalami apake, Yumarsini lungguh ring kerosi belajare. Wanto repot ubah. Mari salaman iyane mbejegreg ringarepe lawang.
“Isun apake Yumarsini. dr. Hamam. Sira sapa?”
“Kula Wanto, Pak…rencange Yumarsini!”
“Wis….sakat saiki, aja kancaan ambi Yumarsini. Wis ngaliha…..tinggalen Yumarsini ring kene!”
Sing kathik semaur, Wanto nyawang Yumarsini hang uga mandeng Wanto ambi nangis. Wanto aju ninggalaken Yumarsini hang bingung.
“Buku-buku lan kabeh seragamira, rangkuten. Mulih nyang Serono. Engkesok apake ngurusi surat kepindhahan sekolahira!”
Yumarsini ringkes-ringkes ambi geruh-geruh. Penganggone sing kathik dilepit, diuwel-uwel dilebokaken ring tas gedhi.
Apak lan anak ninggalaken kamar kos-kosan ambi gotong-gotong barang balik pindho. Wanto uwis sing katon. Naming setemene Wanto sengidan ring mburine uwit gedhi pinggir dalan ngarepe sekolahan. Montor hang ditunggangi Yumarsini melaku edheng-edheng, Yumarsini mbokak kaca montore, matane pencilakan kaya ambi nggoleti Wanto. Serta ngeliwati uwit gedhi, tangane Wanto dhadhah-dhadhah lesu ning Yumarsini hang sing wani dhadhah pisan. Wanto ngetutaken ring mburine montor nganggo sepedhah udhud. Yumarsini nulihi Wanto teka kaca spion montore. Gadug lampu setopan cungking, montor mandheg lan Wanto uga mandheg ring kiwane Yumarsini hang terus nangis. Wanto uga nangis. Serta murub ijo, montor biluk nengen ring dalan Brawijaya, Wanto magih ngetutaken sampek gadug Karangente. Apese Wanto, gadug Karangente, damar stopan murub ijo. Dadi hang aran montor sing kathik mandheg, Wanto uga sing mandheg taping meliguk ngiwa. Ngaloraken, mulih ring Wirodayan.
Liya dina, Wanto diceluk kepala sekolah merga kabar wis umum kadhung Yumarsini kepergok apake dhewek nalikane turu “kumpul” ambi Wanto ring kamar kosan. Pungkasane Yumarsini dipeksa ngalih sekolahe, wanto dilaporaken ning pulisi.
“Pak, kalau saya memang berbuat yang tidak senonoh seperti itu, saya berhenti sekolah. Saya menunggu panggilan pihak kepolisian, Jika memang benar saya dilaporkan ke pihak berwajib. Tapi, saya minta ijin untuk melakukan pengamatan dan penyelidikan di sekolah ini, siapa yang menyebarkan isu bodoh seperti itu!”
“Wanto jangan emosi begitu….Saya dan semua guru mengerti, siapa kamu. Kalau mau mengambil ikan, air sumbernya jangan sampai keruh dulu. Mengerti maksud saya?”
“Mengerti, Pak!”
“Ya sudah. Kamu bisa meninggalkan ruang saya!”
Wanto mentu teka ruang kepala sekolah ambi manthuk-manthuk: “Uwong hang paling weruh rahasiane, ya kanca hang paling parek. Musuh uga bisa, teka uwong hang paling parek. Watik,
Watik,Watik,Watik……….!” Abane bisikan hang muni ring atine Wanto. Sekala iku, Wanto ngadhep ring Bu Rini hang duwe kos-kosan. Serta nyampekaken kabar hang rame ring sekolahane, Bu Rini kelunjuk. Matane mendelik. “Isun uga kerep ulih wadulan teka Watik masalah Yumarsini. Taping paran hang dipitenahaken iku sing ana buktine. Yumarsini iku lare apik. Patheng sembahyang. Watik hang jare sak sekolahan ambi sira, Selasa kepungkur sun usir. Mergane tekane dalu ambi uwong lanang-lanang hang mambu ombenan alkohol. Teka-teka mabuk. Wis roke ring ndhuwure dhengkul, sing sempakan pisan!” abane Bu Rini ambi getem-getem. “Makene isun marek iki ngadhep ring kepala sekolahira, Wan!” tambahe.
“Kadhung ngoten, nggih kesuwun Bu!”
“Iyok, wis balika ning sekolahan. Marek iki sun tututi!”
Wanto melaku balik ning sekolahan, Bu Rini ngetutaken ring mburine. Serta gadug sekolahan, dr. Hamam buru mentu teka ruang kepala sekolah, wangune mari njaluk surat keterangan kanggo ngalih sekolahe Yumarsini. Teka arah hang beda, Bu Rini melebu ring ruang kepala sekolah. Wanto aju melaku edheng-edheng ambi temungkul melebu kelase dhewek.
“Sira iki Wan….sekolah kurang setengah taun, keriyap-keriyap!” abane Julik kuping hang umume dadi sir-sirane Watik.
“Sira percaya?”
“Sing percaya kelendi, hang ngomong Watik. Watik iku sak kamar kosan ambi Yumarsini!”.
“Berarti, hang gawe-gawe kabar gedigu iku, Watik. Siap dadi saksi yah. Ayok ngadhep kepala sekolah!” ejak Wanto ambi getem-getem. Julik kuping keweden lan sing gelem diejak ngadhep kepala sekolah. Wanto nyeret tangane Julik sak anter-antere. Julik arep nyontok, ditangkis ambi Wantok lan kanca-kancae Wantok nelingkung tangane Julik aju digiring jakkakehan nyang ruang kepala sekolah. Ring ruang iku, Bu Rini magih methentheng nerangaken bedane Yumarsini ambi Watik. Julik dilungguhaken kepala sekolah. Disidhang. Julik gelagepan sing bisa semaur nalikane diurus Bu Rini.
Dina iku Watik sing ana ning sekolahan. Digoleti ring kelase ambi Wanto, sing ana. Jare kanca-kancane sing melebu uwis rong dina iki. Kepala sekolah nyimpulaken kadhung hang tukang gawe-gawe kabar ring sekolahan iku, Watik. Julik milu nyebar-nyebaraken. Aran omongan, kaya geni merambat ring kayu garing.
“Kamu harus mencari Watik sampai ketemu. Kalau tidak bisa menemukan Watik, tidak boleh masuk sekolah!” peksa kepala sekolah. Pipine Julik mberabag lan bathuke kemeringet.
* * *
“Yum. Sepatu iki sun rumat, aja sampek rosak kaya hubunganisun lan rika bengen. Sepurane, rika mula duwe angenan hang durung kegape. Sepurane isun sing mampir,” abane Wantok ngomong dhewek ambi nganggo sepatu ulihe tuku ambi Yumarsini ring toko njero pasar Banyuwangi rolas taun kepungkur. Ayang-ayangan uwit-witan uwis dhoyong ngetan. Wanto ninggalaken kuburane dr.Hamam. Melaku temungkul sampek mentu teka lawang pager pekuburan. Wanto arep golet dalan liya taping sing weruh. Ana lare kira-kira umur 9 taun sepidhah onthelan. Diendheg ambi Wanto.
“Eh, lare….milu takon. Arep nyang dalan gedhi, hang parek liwat nggir endi?”
“Iku Man…rika liwata lompongan elor ika, gadug dalan gedhi wis!” semaur lare mau.
“Aranira sapa? Kari nggantheng yah!”
"Iswantoro. Celukane Wanto!” semaure ambi mancat sepedhahe
“Hah…?” abane Wanto sing kerasa ambi mangap nulihi lare sepidhahan mau.
{kang ujik, 2024}
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.