Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 17 Agustus 2025 07:54 WIB)

(Roncean Cerita) Untu Emas (Bagiyan 2)


(Roncean Cerita) Untu Emas (Bagiyan 2)

Kampung Bades. Kang Maun njagang sepidhahe ambi sengidan-sengidan liwat mburitan, melebu umah liwat lawang pawon. Buntilan kelunthung untu emas mau disengidakaken ring paga pawon, aju metu maning liwat lawang pawon lan nuntun sepidhahe liwat lompongan lan njebul ring ngarep umahe. Hang wadon, Saudah durung mudhun teka langgar pojokan dalan kampung. Anak-anake padha ngaji ring langgare Wak Guru Ali Murtono. Guru ngaji naming rambute gondrong. Mulane ambi santrine diceluki Wak Guru Gondrong.
   Mari mageriban, Kang Maun lungguh ring kerosi matahari hang pelungguhane nam-naman penjalin. Ngedhepi kopi sak centhong lontrik ijo-putih lan sak irig gedhang raja godhog.
   Mari ngethepi gedhang godhog, nguyup kopi teka centhong luntrik ijo-putih iku mau, aju nggelintir bako kanggo udud.    
   Sikile dikunjuraken ring meja bunder hang peliturane uwis mbelawuk, ilang gemilape. Udud diserod aju weleke disemprongaken edheng-edheng.
   Angen-angene kegawa welek: Kadhung untu emas hang telung jejer iku bobote nggadug pitung puluh lima gram, sak grame payu seket ewu, ya wis kari ngitung seket ewu ping pitung puluh lima, nggadug angka telungjuta pitungatus seket ewu rupiyah. Keneng dienggo tuku kebonan kelapa rong hektar, lebihe dienggo tuku pikep kanggo ngunjali panenane. Lebihe maning kanggo sekolah lan mondhoke lare-lare. Saben petang puluh dina ngedhunaken kelapa.  
“Gelonthang…!” abane wajan hang dicantholaken ring kelothok gedheg pawon cicir neblugi panci jangan hang magih ana ring bengahan.
   Kang Maun kelunjuk lan mberejag ngadeg aju gancang nyang pawon, ngungang-ungang kelunthung hang disengidakaken ring paga. Sing kathik nulih wajan hang cicir mau. Iyane ngira kadhung suwara gemelonthang mau abane tikus nyenthok barang pawon hang ana ring meja panganan.
   Sing sampek suwi, iyane balik maning lungguh ring kerosi mau, nerusaken sedhot-sedhot udude. Angen-angene katut welek maning : Kadhung anake wis pinter lan ngerti ilmu, bakale diundangi merana-merana. Dadi mubaligh lan mubalighoh. Pikirane ayem merga wis duwe panenan kelapa lan panenan suwarga. Kadhung salah sijine anake diundang ceramah, iyane lan rabine milu ngawal, wis mesthi akeh uwong hang salaman ngambung tangane. Sak sing-singe, rong taun utawa telung taun mengarep bisa menyang haji ambi rabine. Weh…ngalor-ngidul diceluk Kang Haji Maun lan Mbok Hajjah Saudah.
   “Assalaamualaikum!” abane Saudah ambi ngengekaken lawang. Kang Maun kaget. Nyemauri ambi ngedhunaken sikile hang kunjur ring meja. Uthis udude  diusek-diusekaken ring asbak kethokan ros Jajang. Angen-angene mau magih kesangsang ring gedheg piyan.
“Wa’alaikumussalaam…Adate sampek mesisan isakan ring langgar, Dah?”
“Enget ning gedhang godhog iki yah. Kuwatir nawi Rika sing weruh. Polae sun kudhungi jedhog iku mau. Ya, Alhamdulillah Rika wis weruh dhewek,” abane Saudah ambi ndeleh gulungan rukuk lan sajadahe ring kamar sembayangan.
“Kopine sing kurang manis tah, Kang?” takon Saudah teka kamar. Suwarane rada anter.
“Enak wih. Manis kaya hang nggodhog. Gedhange ya enak. Punel!”
“Iku magih olah-olahane!”
“Yaiku. Paran maning hang olah!”
“Kok…ngelantur…!” jare Saudah ambi mara maning, aju lungguh ring kerosi hang adhep-adhepan.
“Lare-lare jam pira melaku nyang Kang Guru Ali mau?”
“Jam pira mau yuh? Ya ngarepaken magerib kono mau yah. Mau wekas, kadhung sakat bengi iki sampek emben turune ning guthekane Kang Guru Ali!” jare Saudah ambi milu ngethepi gedhang godhog.
“Wayahe sekolah, mulih?”
“Iya…Mulih, sarapan aju sekolah!”
“Engko iki sembayang Isak ring kene bain yah!”
“Iya wis, Kang. Maning mari isakan Isun ya kudu turu. Engkisuk mari singkrih paran lan umbah-umbah arep nulungi Mbok Haulah!”
“Duwe iwuh paran?”
“Eh, lali Rika yuh. Satuse Kang Tamyis Kancil yah!”
“Hah, iya tah? Perasanisun kaya buru sabene Kang Tamyis iku ninggal. Kari cepet donya saiki iki yuh?”
“Sekaken. Mbok Haulah iku dulur sing duwe. Mulane sing pati akeh hang nulungi. Naming kadhung hang duwe gawe uwong sugih donya, magih isuk hang arep tulung-tulung dhirik wis padha gesah ring emperan umahe. Dayatah hang duwe gawe durung tangi,” jare Saudah nyeritakaken uwong-uwong hang ana ring kampung liya.
“Dadi, engkesuk mari Magerib tahlilan yara?”
“Iya!”
“Isun engkesuk, em… engkesuk nyang umahe Kang Holik Penataban!”
“Sing megawe, tah?”
“Lali tah Rika, Dah? Saiki malem Jemuwah yah”.
“Alak iyok…Anu paran?”
“Ya golet-golet tambahan, Dah…Kang Holik iku kancanisun sekolah ring Sekolah Teknik Pertama Pancasila. Sakat lulus teka STM Pradana, iyane iku malah dadi makelar. Makelaran ukuran tanah, makelaran sepidhah udhud, makelaran umah uga tau dadi makelar proyek”.
“Engko makelaran lare wadon pisan, Kang!”
“Halah, aja ngawur kadhung ngomong. Sukur melendhong bain. Mari subuhan engkesuk Isun nak nggelethak sulung ya, Dah. Kadhung Rika arep melaku nyang umahe Mbok Haulah, Isun gugahen!”
“Enggih…!”

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor