Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 24 Agustus 2025 06:14 WIB)
(Roncean Cerita) Untu Emas, bagiyan 3
(Roncean Cerita) Untu Emas, bagiyan 3
Gesah tuwek antarane Kang Maun lan Saudah sampek nggadug wayah Isak. Uwong loro iku aju melebu kamar sembayangan. Suwi ulihe sembayang lan wiridan. Wangune langit nyiciraken banyu gerigis dibarengi ambi suwarane angin teka kulon ngetanaken. Saudah arep mapan turu, ngerewek rambute sulung hang dawane sampek nggadug bangkekane. Kelambi sembayange uwis ganti you can see. Kang Maun balik lungguh ring kerosi penjalin mau. Lawang lan cendhela ngarep umah uwis diselot. Buru bain sikile dikunjuraken ring meja, Kang Maun kesirep.
Udan hang mudhun sakat ngarepaken Isak mau magih ngecek. Ngenakaken uwong turu lan ngenakaken maling. Merga nggarahi uwong males mbokak lawang umah, paran maning metu nangga. Suwarane angin silir-silir alus ngelus-elus godhong-godhong Jajang barongan hang ana ring pinggir kalen elor umahe Kang Maun.
“Eh, eh, eh….huh…emong…emong…!” abane Saudah ngelindur. Kang Maun ngelilir lan kethip-kethip. Kerungu ana suwarane Saudah ngelindur aju gancang mara ring kamar turune lan nabok-nabok pipine Saudah hang magih dhilag-dhileg. Matane magih merem lan tangane ubah kaya nggesuh-nggesuh pitik. Rada suwi mandheg ulihe ngelindur. Kang Maun nunggoni sedhela ambi mbatin :”Buruane Saudah iki ngelindur. Selawase urip bareng masa tau ngelinduran tah!” Kerana Saudah wis sing ngelindur maning, Kang Maun balik lungguh ring kerosi penjalin mau. Serongoban. Ababe mambu bakuk. Diungang, kopi ring centhong magih kari sithik. Diuyup aju nggelintir bakuk maning. Kerungu suwarane pitik kukuruyuk. Adoh. Udan magih ngecek. Tekek hang manggon ring gelandar wuwungan muni pisan. Ambi nyedhot udud, Kang Maun nempali suwarane tekek: Sugih…Melarat…Sugih…Melarat…Sug…alah sing tutug. Pungkase suwara tekek mung muni..Tek….gedigu thok. Ulek udud disemprongaken maning mendhuwur. Untu emas hang magih jangget ring jejeran untu pelengan kelunthung nyelempat maning. Sekala iku kebonan kelapa uga katon manig, pikep njumbul maning: Lebihe tuku kebonan kelapa lan pikep, dienggo nyekolahaken lan mondhokaken anak-anake magih bisa dienggo tuku umah ring kutha. Pinggir lurung aju mbokak warung panganan. Isuk ndhasar sega janganan, jam songoan gedigu mbokak rujak soto ambi rujak cemplung utawa rujak montor, rujak kecut, rujak ramonan, rujak janganan lan rujak lethok. Soren mbokak sega tempong ambi sate lang ole. Hang dodol kudu gonta-ganti. Dulur-dulur Bades hang durung duwe pengasilan, bisa diejak megawe bareng ning kutha. Isun dadi juragan kelapa lan juragan warung panganan.
“Jeh!” abane Kang Maun ambi nyontokaken ketheman tangan tengene ring delamakan tangan kiwane. Aja uwong liya. Awake dhewek kaget setengah kemisinen lan ungang-ungang nawi bain Saudah kerungu.
Kelangenan iku mau pedhot merga Saudah jerit-jerit, suwarane ngungkuli linduran hang kawitan. Kang Maun mberejag aju berigi-berigi melebu kamar panggonane rabine turu. Saudah wis lungguh naming raine ditutupi bantal ambi kencal-kencal.
“Wedi… wedi…wedi….!”
Kang Maun meluk Saudah sak singset-singsete ambi malung-malungaken rambute hang nutupi raine.
“Dah, Saudah…Dah….Heh…Meleka tah sulung, Dah….!” Abane Kang Maun ambi ngoyak-oyak awake rabine iku. Saudah malah nangis jerit-jerit ambi meluk bantal. Kang Maun sing kanthi, Saudah digotong mengarep lungguhaken ring kerosi dawa. Saudah meneng pelengas-pelengos. Gulu lan raine kemeringet. Kang Maun njuwut banyu kekeb aju diombekaken ning Saudah. Abane kaya suwarane sapi ngokob banyu kalen.
“Hah…!” dhenguh Saudah ambi metenggengen.
“Rika iki sing tau-tauwa ngelindur. Iki sak bengian ping pindho. Setemene Rika iki ngipi paran sih?”
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)