Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 31 Agustus 2025 06:40 WIB)
(Roncean Cerita) Untu Emas, bagiyan 4
(Roncean Cerita) Untu Emas, bagiyan 4
“Hu…Hem…Perasanisun ana ring jero kamar peteng. Dhewek. Aju lawange kamar iku mbukak. Ana uwong nganggo celana telung perapatan gedigu, dhogolan lan…hih…!” abane Saudah ambi gigil-gigil nutupi raine nganggo bantal hang dipeluk.
“Uwong iku arep ngerusuhi Rika? Aja songkan Rika ngomong!”
“Arep Rika kapakaken uwonge?”
“Ya, ya Sun…Eh iya yoh…Rika kene mau cerita ngimpi yara yoh. Hem...!” abane Kang Maun ambi rada kemisinen. Saudah arep munyik magih katon-katonen uwong lanang hang ring jero impine.
“Kadhung gedigu, aja turu maning wis. Sedhela engkas ya uwis melebu Subuh. Tandhane, kene iki, dikongkon tahajjud!”
“Bener, Kang. Isun kerasa uwis lawas perei tahajjud. Ketang Rika iki…!”
“Apuwa Isun?”
“Angger digugah iku, hang tangi liyane yah!”
“Rika apuwa nuruti?”
“Ya eman-eman…!”
“Kumat…kumat…Age gantiyan ring cedhing!” jare Kang Maun ngongkon Saudah.
“Amplok!”
“Ayo gancang!”
Kang Maun ngamplok rabine, digawa nyang cedhing. Serta mudhun teka amplokan, Saudah gancang melebu cedhing. Lawange sing diineb. Kang Maun nganteni ring kerosi pawon ambi nyawangi paga panggonane nyengidakaken kelunthung untu emas. Mari rijig-rijig lan sesuci, Saudah aju cepak-cepak ring sembayangan ambi nganteni lakine hang abete magih wuduk. Sedhela, Kang Maun aju melebu ring sembayangan.
“Damare patenana bain, Kang!” kongkone Saudah.
“Geningena murub bain wis, Dah!”
“Sing husuk, Kang!”
“Kadhung peteng pikirane malah merana-merana. Paran maning Rika mau ngipi hang sing-sing. Geningena murub bain wis!” jare Kang Maun aju bareng-bareng mangkat tahajjud. Rong rekaat salam-rong rekaat salam aju wirid sampek nggadug wayah Subuh. Kaya dene wekasane, mari subuhan, Kang Maun mapan ngeluk boyog. Saudah mangkat nggoreng sega kanggo sarapane anak-anake, aju candhak-candhak korahan, muputi kumbahan, digawa nyang sumber elor umahe sampek wayah rantag. Langit wetan semu kuning abang. Manuk sikatan pelencungan. Manuk cocak ngoceh saut-sautan kaya muni : “Lamyalid walamyulad…Lamyalid walam yulad." Kemeriyek naming rumang!
Wayah isuk iku, sumber magih katon kening. Watu-watu sak gegem-gegeman ring dhasare katon kewela-wela. Saudah ngindhit sak pengaron korahan lan nyuwun sak tenong kumbahan, digawa mulih. Kerana umahe sing pati adoh teka sumber, sedhela bain uwis gadug. Buru bain ngetap korahan ring pelanca pawon lan nggedher-nggedher kumbahan ring sangsangan wetan umahe, anake padha teka. Mari salaman ambi Saudah lare-lare iku melebu ring umahe. Wangune padha sarapan. Saudah mari pepe-pepe, anak-anake runtung-runtung ketelon salaman arep melaku nyang Maderasah Ibtida’iyah Miftahul Falah.
“Assalaamu’alaikum!” abane anak-anake. Saudah ambi munyik ulihe nyawang lakune anake hang ngincling tandha dhemen arep luru ilmu ring maderasah. Iyane nerusaken penggaweyan pawon. Urub-urub lan diindeli banyu setengah panci. Ambi nganteni gemulak, iyane mucusi beras. Mari pucus-pucus methiki bayem ring mburitan umahe. Iyane wis cepak-cepak irisan bawang abang, gula-uyah lan sekabehane ragat sambel uga cemepak ring cuwek. Gancange cerita, sekira jam woluwan gedigu, kabeh uwis cemepak ring meja. Sak wedang kopine. Mari singkrih sampek rijig, Saudah nggugah lakine sampek tangi aju pamitan nyang umahe Mbok Haulah.
Kang Maun ngulet-ngulet. Lungguh sedhengkul ring pelanca. Boyoge ngecap galar. Mudhun teka pelanca turu melaku serendengan nyang kerosi ngarep. Magih serongoban ping kaping-kaping. “Halah nuruti ngantuk!” abane Kang Maun ngomong dhewek ambi ngadeg melaku nyang pawon. Nguyup kopi aju sarapan. Nyawang menjaba, pitik padha selamberan ring latar mburitan umahe. Ana hang ceker-ceker nggoletaken pangan piyike, ya ana uga hang wajang.
Mari sarapan, Kang Maun ngubub sak ududan. Saben nyawang ulek, mesthi enget untu emas hang magih njangget ring kelunthung. Sekala iku iyane aju ngedhunaken kelunthung teka paga, nyandhak pethil lan dipethili ring jero umah. Kerana sing makan, njuwut penancal lan dithethel ping kaping-kaping. Sing makan. “Halah…digawa sak kelunthunge bain wis!” jare Kang Maun ngomong dhewek. Kelunthunge aju dibuntil maning lan diwadhahi jabil aju dipuket ring goncengan sepidhahe.
Serngenge uwis kerasa anget. Dalan kampung uwis akeh kendharaan seliwar-seliwer masiya arang-arang. Kang Jaman jongos karipan ulihe nggiring bebek nyang sawah panggonane angon. Polae jare mabengi suwengi jampleng ndeleng Damarulan Patoman sampek keturon ring ngisore jerambah. Ngelilir-ngelilir, uwong undangan walimah uwis padha serakalan.
Kang Maun nggenjot sepidhah untane ngulonaken sampek gadug pertelon dalan gedhi, biluk nengen. Sedawane dalan, ring kiwa-tengene magih akeh uwit asem. Iyane ngonthel edheng-edheng merga nana hang diuber. Sedhela-sedhela ngungang hang digonceng, nawi miring. Gadug elore sasak Tambong, iyane mandheg ring iyup-yupan uwit nyamplung. Lungguh ring oyod gedhi ambi nggelintir bakuk. Sedhat-sedhot ambi ngerasakaken silire angin. Abane gendhingan lamat-lamat teka coronge uwong duwe gawe. Adoh. Suwarane njumbul-ilang, njumbul-ilang.
(Ana terusane)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)