Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 21 September 2025 08:14 WIB)

(Roncean Cerita) Untu Emas, bagiyan pungkasan



(Roncean Cerita) Untu Emas, bagiyan pungkasan
Ditulis ring Kang Ujik


Sing kathik semaur, Kang Maun munyik ambi meluk Saudah. Langit soren iku rada soklat. Rombongan bebek uwek uwis padha digiring mulih melebu kandhang. Rombongan kuntul padha teka selamberan ring ndhuwure uwit asem, golet panggonane pethingkringan. Pitik-pitik padha ipek-ipek ring ngisore kombonge. Man Jaet, nuntun sapine mulih teka sawahe, Man Wanuh mikul singkal ambi mengkek-mengkek, merga ditumpuki rambanan kanggo rawan wedhuse.
Magerib dalan kampung lan lompong-lompongan Bades nana seliwere uwong. Paran maning lare. Sak mudhune teka langgar, pating terungsung nyang umahe Mbok Haulah hang uwis katon berai. Tahlilan mangkat dituntun ambi Guru Ali gondrong. Kadhung ditinggal kundangan gedigu, hang mbadali ngulang ring langgare ya anake Kang Maun. Selamet. Tahlilan mari, ambi nganteni edum-duman suguhan, uwong-uwong padha muyab dhewek-dhewek. Biyasah wis, ring kampung iku uwong-uwonge padha dhemen poyokan. Nana hang ngersula. Masiya tah wis keliwat-liwat ulihe poyokan. Hang kaya gedigu iku kanggo ngeraketaken seduluran.
“Eh, mbok randha kari ngarep-ngarepi ak yuh!” abane Kang Julik hang uwis taunan urip dadi pudhot, bisik-bisik ning Kaelanik bathuk.
“Kerekana apuwa wis. Rika pudhot, Mbok Haulah randha. Cocog ra wis. Timbangane dienggo nguyuh thok. Munggone lading karaten iku wis!” poyoke Kaelanik bathuk. Kanca-kancane hang kerungu padha gemuyu ketheng. Kang Maun hang nemenan ulihe moyoki.
“Bungkus…Makene Saudah hang Sun jaluki tulung dadi jarumane. Kelendi. Cocog roh? Timbangane dibatin-batin thok. Pungkasane digaup uwong liya, lara mandaneya!”
Poyokan iku mandheg nalika kabeh uwis padha nyendhok. Abane kesenthoke sendhok ring piring kaya lare cilik belajar tabuh-tabuhan. Hang ring pawon, uwong wadon-wadon hang melabot wangune uga poyokan. Moyoki Mbok Haulah hang bathuke katon kelimis.
   Mari madhang, uwong-wong padha mulih. Poyokan kono mau nana pecake. Mari ya wis mari. Kang Maun jagongan ring ngarep umahe Mbok Haulah, merga nganteni rabine magih korah-korah ring mburine umahe Mbok Haulah. Maningane wis wekasan, mari teka kundangan sing aju mulih, naming nyang warung jamu.
Langit katon cemeng, lintang-lintang kemeredep kaya seriwine samberlilen. Maklum kampung, ring desa pisan. Sedawane dalan kampung ngulonaken sampek gadug dalan gedhi, wis nana kendharaan seliwar-seliwer. Mung ana sepidhah untane Kang Maun nggonceng Saudah nang Rogojampi. Sakdalan-dalan uwong loro iku magih akeh cekakakane. Saudah nyeritakaken Mbok Haulah hang uwis mangkat endah-endah, Kang Maun nyeritakaken  Kang Julik hang wangune ana ati ning Mbok Haulah. Uwong loro iku duwe rencana, kelendi carane bisa nggathukaken Mbok Haulah lan Kang Julik.
Gadug Gitik, Saudah mudhun teka goncengan. Kerana sekaken kerungu ambekane Kang Maun hang kempis-kempis merga dalane rada munggah. Kang Maun uga mudhun teka sepidhahe. Emane warung jamu sing kari adoh teka dalan unggah-unggahan.      
Angin bengi iku silir-silir icis. Sedhela, ana bis liwat ngidulaken. Sedhela maning colt roti tawar ngaloraken. Kang Maun lan Saudah goncengan sepidhah edheng-edhengan ngaloraken. Arep mulih nyang umahe.
 “Kari katon-katonen Kasur Isun yah!” abane Kang Maun. Saudah methol bangkekane Kang Maun hang latah : “Iya, Mak…! Alah Rika iki, Dah!”
Saudah ketheng-ketheng. Dhemen nggeredho lakine. Kerana ambi poyokan, sing kerasa wis gadug ring ngarep umahe. Saudah mudhun teka goncengan aju kurih-kurih kasure. Kang Maun lungguh ring kerosi ambi kepet-kepet. Kelambine ngablah.
“Kang…Wis Sun kurihi kasure!”
“Hulung tah. Jamune makene ngeresep sulung. Maning Isun magih gobyos!”
 “Kadhung gedigu Isun nak ngeluk boyok sulung yah. Engko kadhung wis wayahe, gugahen!”
“Aja kuwatir…!”
Penthongan bale desa Karang Bendho ana hang nabuh ping sewelas. Dalan kampung sepi. Naming suwarane walang ijo magih anter-anteran ambi jangkrik ring sawah-sawah hang ditanduri wijonan. Kang Maun uga ngelilir. Wangune keturon pisan ring kerosi panggonane lirih-lirih. Mberejag aju nyang cedhing. Rijig-rijig nganggo sabun wangi, sikatan lan metu teka cedhing sing lali nganggo wangi-wangiyan. Semono uga Saudah hang wis kembenan tapih thok. Gulune disemproti wangi-wangiyan. Serta matane Saudah melek, mara-mara kelunjuk, lungguh aju melayu metu teka umahe. Kang Maun heran lan metenggengen. Saudah melayu melebu metu lompongan kampung ambi melung-melung: “Tulung…tulung…wedi…wedi…singana endhase…Kang Maun singana endhase…!”
Saudah melayune kesit. Kang Maun sing nutut. Tanggan-tanggane hang umahe merenca-merenca iku padha tangi lan kaget nulih Kang Maun uber-uberan ambi Saudah. Kang Maun njaluk tulung ning uwong akeh supaya ngendhek pelayune Saudah. Kerana dijaluki tulung, uwong sak kampung Bades padha umek nyandhak Saudah hang tapihe coplok teka awake. Pungkasane uwong wadon-wadon hang nguber sampek kecandhak. Saudah dipuket sabuk aju dibelebet tapih, digotong jakakehan, digawa ning umahe Mbok Haulah lan digelimpangaken ring kasur. Saudah kencal-kencal ambi jerit-jerit : “Wedi….wedi…singana endhase….singana endhase…!”
Kabeh uwong padha bingung. Sing ngerti ambi karepe Saudah. Kerana ditakoni sing semaur. Nangis kencal-kencal ambi nutupi raine nganggo delamakan tangane. Puketan sabuk mau dibujari, Saudah dibelebet tapih maning. Uwong lanang-lanang padha jagongan ring jabane umahe Mbok Haulah. Kang Maun melayu nyang umahe Guru Ali Gondrong. Njaluk banyu sarat kanggo ngombeni Saudah. Kerana panggonane sing kari adoh, Kang Maun teka ambi nggawa sepidhah untane lan nggonceng puketan jabil. Mari ngelungaken sak centhong banyu sarat ning uwong-wong hang ana, iyane ngonthel sepidhah untane  ngulonaken. Serta gadug dalan gedhi, Kang Maun nyeput ngaloraken. Hang dituju proyek bangunan Gedung KORPRI elore kantor Camat Banyuwangi. Gadug kana, sing kathik engko maning, kelunthung hang dietheng-etheng dipendhem kumpul ambi belung-belung mula. Sak jabil-jabile.
“Gusti… kepundi Kula niki? Nana gawe golet gawe, pungkasane dadi gawe. Hem…Sepuntene Gusti…!” batin Kang Maun ambi nuntun sepidhah untane metu teka pekuburan Landa.
 
Banyuwangi, 2023-2025.
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor