Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 07 Desember 2025 07:49 WIB)

Ronceyan Cerita: Pancinge Kecanthol Andha (Bagiyan 1)


Ronceyan Cerita: Pancinge Kecanthol Andha (Bagiyan 1)

   Sarbinik, uwong buru manggon ring Desa Banjar. Asale, manggon ring lemah kelairane yaiku Desa Watu Ula, magih kelebu sak Kecamatan Glagah. Buru serawung limang ulan ambi masarakat Banjar, sak keluwarga gentan-gentun keneng rambit.
   Iyane ngira-ira kadhung awake sing cocog ambi banyu sumber panggonane adus. Naming uwong liyane gok sing keneng rambit kaya awake? Rabine, anake, sumber panggonane adus ya bida-bida.   
   “Endane ana hang ngganggu keluwarganisun iki?” abane Sarbinik ngomong dhewek. Sapronik kerungu. Atine rada ngersula merga iyane lair lan gedhi ring Desa Banjar. Selawase iku nana ceritane uwong hang busung utawa lara liyane hang disihir tanggane. Naming, Sapronik  ngelus dhadha, ngedhem-ngedhemi atine dhewek.
   “Sar….acake, ayo teka ning umahe Pak Kades Sairik!” ejak Sapronik.
   “Lapor Pak Kades?” takon Sarbinik ambi mengkeredaken kulit bathuke.
   “Using! Rambit iku tambane dubang. Naming sarate, hang nginang kudu uwong lancing hang umah-umah ambi randha. Pak Kades Sairik iku lancing, rabine iku bengen randha”.
    “Ye….gedigu….?” abane Sarbinik setengah heran. Merga Sumiyatik, rabine Kades Sairik iku katone kaya magih umur-umur likuran. Nggales. “Jodho yuh….aran jodho iku mula dudu urusane menusa…Ketemune kelendi iku bengen?” abane Sarbinik takon ning Sapronik. Sapronik  cerita  ambi nggelintir udud.
   Sakat kepelayon teka umahe lakine ring Watu Buncul, Sumiyatik hang nalika magih perawan celukane Miya iku, sengidan ring umahe Wak Soher, pak uweke hang ana ring Segobang-Licin. Iyane wani metu-metu teka umahe Wak Soher nalika kerungu kadhung lakine hang aran Man Uwir uwis mati kendhat ring perengan Banyu Gulung kulon umahe.
   Sumiyatik hang nalika magih perawan dadi sisik melike Kampung Banjar, kampung panggonane emak lan apake, kampung tanah kelairane,  dadi  gampang kagetan kaya uwong latah. Kadhung uwis kaget sampek kancilen, raine pucet ambi melung-melung: “Tulung….tulung…..!” Lambene biru kaya lare kecindhilen mari kum-kum sumber banyu gunung hang adhem.
   Wak Soher lan Wak Johanah rabine, mari-mari bingung ngadhepi Sumiyatik. Saben ana uwong lanang hang ngelabaraken, Sumiyatik mbidheg, sing gelem mungel. Bisane mung dhileg-dhileg. Gelem-geleme muni: ”Emong wedi….wedi…..!”
    Ring wektu hang sing nyeja, Wak Soher kecaruk Guru Salehan ring langgar wakap pinggir sumber gedhi Segobang. Padha-padha arep sembahyang bedhug. Uwis adate uwong desa, masiya adus jak akehan ring sumber umum, ya belejedan. Semono uga Wak Soher lan Guru Salehan. Mari wiridan uwong loro iku aju nggelintir bakuk ring emperane langgar wakap.
   “Nyacaka bakonisun tah Dhik Guru! Wuindhul. Isun mesthi tuku rong tampang. Sedurunge dipepe, sun rageni sulung. Salah siji ragine yaiku gedhang ambon hang uwis dalu, diwejek campur gula aren aju diuled ambi bakuke. Buru dipepe. Wuih, kek….!” Abane Wak Soher ambi ndudokaken jempol tangane. Guru Salehan gemuyu suwing ambi nyandhak bakuke Wak Soher hang uga uwis mangkat nggelintir.
     “Candhakena rasane engko yah. Ha...ha…ha Kadhung bener wuenak, Isun nak ndhasar bakuk ring pasar Licin!” Abane Wak Soher ambi nyolok udude. Guru Salehan uga mangkat nyolok udude. Uwong loro sedhat-sedhot ambi ngerasakaken enake uwong ududan. Weleke disemprongaken mendhuwur ambi ngongsrong. Uwong loro iku meneng-menengan.
   “Kelendi Dhik Guru?”
   “Byek, wuindhul, Kang. Buru tumon iki bakuk rasane kari gedigi ak yuh……bida ambi liyane,” jare Guru Salehan.  
   “Guyih ra yoh?”
   “Byek…meketen!” abane Guru Salehan ambi njunjung jempol tangane.
    “Diwarah….., Parowan engko iku!” abane Wak Soher.
   “Walak, Kang Soher ngerambut pitik, yah,”
   “Masa ngelulu…….Dulur-dulurika makene padha tuku bakok ning isun!”
    “Ye….cocog….sun rewangi warah-warah engko!”
   Ketungkul ambi gesah, uwong loro iku sing kerasa sampek mbuwang utis ping papatan.
    “Munggane ana kopine, saya guyih Kang Soher!”
    “Mungga ring umah ya gelegeken kopi Rika, Dhik Guru. Serehne ning wakap pingir sumber, mecah degan bain wis yoh?” abane Wak Soher ambi mudhun teka wakap aju mara ning sepidhah untane hang ring goncengane ana kelapa tuwek lan degane. Wak Soher njuwut sak gentel ambi ndudut budhing hang diselempitaken ring bongkok hang ditaleni ring goncengan sepidhah untane. Degan loro iku aju dipecaki bagian buntute lan dibolongi cangkoke.
    “Lha…gedigi ra enak, nyak siji idhang!” abane Wak Soher ambi ngelungaken degan hang uwis kari nguyup banyune. Uwong loro iku ngokob banyu degan ambi sendhen saka jajange wakap. Aja takon njelembrete banyu degan ring dhadhane Wak Soher. Kaos kotange sampek keblesan. Semono uga Guru Salehan, jenggote kepus. Mari padha-padha ngombe banyu degan, nyandhak bakuk maning, nggelintir maning, aju sedhat-sedhot maning.
   “Eh, Kang Soher. Sabene Isun liwat ngarep umahrika. Kaya ana lare wadon siram-siram tanduran ring elor umahrika iku. Marunrika tah?” poyok Guru Salehan hang kethune miring kaya uwong kalah main.
   “Hus…! Muyab Dhik Guru iki. Endi ana maru dikumpulaken ambi hang tuwek iku. Kepingin kaya kucing ambi tikus? Pungkasane dadi gawenisun. Siji bain sing entek-entek yah. Perkara kempos kabeh iku ya anjerah. Kabeh uwong gedigu,” abane Wak Soher.
    “Naming ana Kang, hang sing kempos, malah saya mbelendhong,” jare Guru Salehan.
    “Pantese bain kakehen dikumpa iku Dhik Guru”.
   “Pantese bain. Hang ndhableg ya ana, hang mangane nana ukuran ya ana, uwong wadon akeh turune ya ana. Kabeh mbalik ring masalah pikirane. Masiya nana hang diadang, naming atine sing nggerangsang, jare basa agamane, qona’ah lah. Ya lemu-lemu. Burus-burus”.
    “Lare wadon iku keponakanisun hang teka Banjar,” abane Wak Soher.
   “Banjar? Benere anake sapa, tah?” takon Guru Salehan.
    “Anak kemunjilane Osok ambi rabi hang nomer loro, Sayu Sareh.  Hang kawitan yara majer. Sampek ninggal sing duwe anak,  Dhik. Kadhung adhikisun iku mula duwe maru. Uripe ya sak umah. Malah hang dhemen mondhongi nalikane keponakanisun iku magih bayi, ya rabine hang kawitan iku,” abane Wak Soher.
   “Keponakanrika iku sapa tah arane?” dhedhes Guru Salehan ambi nyedhot udud.
    “Sumiyatik yah. Hang bengen celukane Miya!”
   “Ye….Miya……hang nalika perawan bengen dhemenane ngemong Sairik ika endane?” jare Guru Salehan.
    “Sairik sapa?”
    “Dhooh….anake Suleman ambi Asemah iku, yah!” saur Guru Salehan.
     “Yeh….hang umahe adhep-adhepan ambi bale desa iku, tah?”
     “Aaah! Bener. Serta sekolah ning kutha celukane Boss. Arane yara Busairi. Rambute kerinting alus. Ring Banjar celukane Sairik, ring kutha diceluki Boss!” cerita Guru Salehan.  “m
   "Sakat cilik ngaji ningisun bengen. Pinter lare iku. Meneng, sing pati guyon, cepet apalane!” tambah Guru Salehan.
   “Saiki sakendi tah lare iku? Umpama ketemu gedigu, Sumiyatik magih enget endane?”
   “Larene magih dhewek. Masa tau sir-siran. Embuh nalika ning kutha bengen. Naming umpamane duwe sir-siran lare kutha, mesthine kadhung uwis mari sekolah yara aju diterusaken ulihe dhemenan iku. Sampek seperene nana lare wadon hang teka ring umahe Suleman,” cerita Guru Salehan.
    “Ye…. Anake Asemah?” abane Wak Soher ambi rada kajon.
   “Umpama lare loro iku digathukaken, Isun mari-mari setuju kok Kang!” jare Guru Salehan ambi nggelegeg banyu degane maning sampek entek. Sing terima, degane dikepluk aju diseroki nganggo sendhok-sendhokan hang digawe teka kulite kelopo hang ditipisaken nganggo budhing. Semono uga Wak Soher. Ambi kelamut-kelamut isine degan, Wak Soher kaya ambi mikir.
     “Acake engko Isun nak rundhingan ambi Johanah,” jare Wak Soher.
     “Edheng-edhengan bain, Kang. Aja gerusah-gerusuh. Ngadhepi lare saiki iki repot sing repot, gampang ya sing gampang. Kudu ngerti ning selane. Kadhung jamanrika lan isun iku, paran jare uwong tuwek. Kadhung saiki kebo kudu ngetutaken anake,” abane Guru Salehan.

(Ana terusane)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.