Rudi Maspuali: Sing Nyageraken Upahe Sukwan

HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Jumat, 04 Maret 2022 08:29 WIB)
- Tokoh



Paribasan nulih gunung, kaya parek lan endah sawangane. Naming serta diparani, temakaken adoh lan mung alas gedhe belaka. Gedigu ujare Rudi Maspuali, guru honorer ring SD Negeri Kenjo, Desa Kenjo Kecamatan Glagah, Banyuwangi nyauti anggepane masyarakat kang nyebut gok profesi guru iku pegaweyan kang enak, ayem naming bayarane gedhi lan bisa diangkat dadi PNS.

Kanggo Rudi kang dadi guru honorer sakat taun 2012, dadi guru sing mung sewates mulang bain, naming kudu bisa ndhidhik lan dadi conto kang apik kanggo murid-muride. Paran maning tingkah lakune ditiru lare, makene lare duwe ahlak kang apik. Kang dikarepaken mbisukane lalare iku dadi wong kang ngerti agama lan mesthine uga gelem njunjung adat lan budayane.

“Dadi miturut Isun anggepane masyarakat iku sing kabeh keliru. Anjrah bain, wong urip iku jare wong Banyuwangi sawang-sinawang, Mbok”, ujar lakine Laily Maghfiroh iku.

Dadi guru iku akeh tantangane lan akeh susah-senenge. Paran maning guru sukwan kang honore magih tangeh kadhung diarani cukup.

“Perasanisun, kaya meh kabeh kanca-kanca guru honorer ngalami kaya isun. Upahe sing nyukupi.” ujare lare Using asli kelahiran Banyuwangi, 29 Juni 1991 iku ambi gemuyu.

Mulane, kanggo ngimbangi kewajiban dadi guru lan kepala rumah tangga, upahe guru honorer kang sing sepira iku, iyane kudu bisa golet ceperan kanggo nyukupi kebutuhane.

“Ketepakan keluwarganisun duwe usaha ngolah kulite sapi dadi rambak. Kadhung ring bidhang pertanian Isun uga nandur pari lan palawija, kang Sun ugemi sakat taun 2015 sampik saiki. Ya lumayan asile. Temune kebutuhan pawon sing kari abot, Mbok. Sing nutut kadhung mung nyageraken honor guru. Sukur tah wis, serta sepuluh taun ngabdi ring SD akhire ulih angin seger teka Pemkab," ujare Rudi kang uga dadi sekretaris ring organisasi Majelis Wakil Cabang NU kecamatan Glagah lan Operator Dapodik ring SD Negeri Kenjo.

Rudi cerita, alasane iyane dadi guru iku merga wis mula cita-citane sakat bengen. Suwi-suwi iyane kerasa temakaken dadi guru iku seliyane ibadah lan ngabdi, uga dadi cara kanggo ngelatih potensi iyane.

“Akeh kanggone wong ngajar iku, Mbok. Bisa lebih paham karakteristike lare lan Isun uga bisa latihan dadi wong sabar,” ujar bapake Arka lan Arya iku.

 “Kanggo ngurubi semangat uripisun ana unen-unen kang Sun cekel, man jada wa jadda, sapa-sapaa kang temenanan, mesthi bain ngundhuh asile, paran bain wis iku," pungkase Rudi kang saiki magih berjuwang ning PPPK Tahap 3.

 

 Rudi ambi muride SD Negeri Kenjo

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : HENI KURNIAWATI

Editor: Hani Z. Noor