Rujak Bangkok Mbok Ucik

Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 02 Juli 2022 06:33 WIB)
- Kuliner



Sing kaya ring Banyuwangi, rujak akeh maceme

Durung rasane buru arane, nganeh-anehi

Kadhung rika niliki, hang endhul rasane

Laliya nyang hang dodol, aja lali nyang rujake

 

Mula bener guplikan gendhing ring dhuwur iku. Maceme rujak ring Banyuwangi, sepirang-pirang. Wis anjerah kanggone wong Banyuwangi mangan rujak lonthong lan rujak soto. Durung maning rujak buah (uwong kerep ngarani rujak ramonan/rujak woh-wohan), ana rujak lethok lan rujak kecut. Rujak lethok, umume buahe mung diiris terus didulitaken ning ragi rujake (sing ana kuahe). Ragi rujake lobok, uyah, terasi, asem lan gula abang, kala-kala ditambahi kacang goreng hang uga digerus pisan. Kadhung rujak kecut, woh-wohane ana hang dipasrah, ana uga hang diceceg/diiris lebih cilik. Ragine rujak kecut sing sepira adoh kaya  ragi rujak dhulit, mungne rujak kecut iki bisa sing kathik asem merga kuah (banyu) rujake dicampuri cuka utawa werak.

Ring donya iki, setemene bain sing mung Banyuwangi hang duwe rujak. Ana rujak cingur ring Surabaya, ana rujak kuah pindang ring Bali, rujak kelang, rujak U Groh ring Aceh lan rujak bebeg ring Jakarta. Ring negara liya kaya Kamboja lan Vietnam uga ana rujak taping ragine dibebeg kaya ring Jakarta. Uga rame ring media sosial nggesahaken njumbule Rujak Bangkok hang jare asale teka Thailand iki. Paran bidhane ambi rujak lethok, rujak kecut utawane rujak woh-wohan hang ana ring Banyuwangi?

Setemene bain ya emeh padha. Mungne, ragi rujak iki sing nganggo lobok seger taping nganggo lobok garing/lobok hang wis dipepe (bon cabe). Rika ya bisa nyepakaken/gawe dhewek ring umah. Gula pasir, terasi, uyah, bubuk lobok dicampur dadi siji, digerus, lan sing kathik diweni banyu.

Kanggone wong metheng enom, mangan rujak kaya wis anjerah pisan. Rika kudu nyacak tilik rujak hang jare aseline teka Thailand iki. Endane leren nyang Thailand kadhung arep tilik rujak Bangkok? Sing.

Ring Banyuwangi, wis ana hang adol rujak Bangkok. Rujak hang uga dadi jujugan lan langgane Mbok Virgia Hassan iki duwene Suci Lestari (Ucik) hang manggon ana ring Cungking. Ucik, wis ngangkati dodolan rujak iki sakat taun 2018. Ramonan hang dienggo ana jambu kristal, jambu wer, kates kemunir, gedondong, bengkoang, nanas, lan apel. Regane sak porsi mung limolas ewu. Rika bisa milih menu rujak Bangkok komplit (kaya ring menu ngisor iki), utawa rika ana penjalukan husus, mesthi dilayani ambi Mbok Ucik.

Miturut Mbok Iggie celukan akrabe Mbok Virgia Hassan, rujak Bangkok dodolane Mbok Ucik iki rijig munggaha ring istilah kesehatan ika higienis. Merga Mbok Ucik ya sing lali wisuh tangan angger arep layan-layan. “Maningan nugel lan ngiris buahe, madak melid tah,” abane Mbok Iggie hang angger ngalor mesthi ngoberaken tuku rujak Bangkoke Mbok Ucik. 

Mbok Ucik uga adol Asinan hang regane macem-macem. Kemasane wis nganggo pelastik hang bisa ngadeg alias standing pouch hang ana zip lock e.  Temune sing kuwatir tublek tah ceceran. 

Kadhung dienggo wong akeh, Mbok Ucik duwe Rujak Bangkok ring nampan (kaya nyiru digu). Regane Rp. 50.000 (cukup kanggo wong 4 - 6), Rp. 100.000 (porsi 6-10 uwong).


Kelendi wis kemecer tah nulih gambar-gambare? Wis ngilur tah?


Mbok Ucik uga ngelayani Tumpeng Rujak hang regane bisa dicocogaken ambi kekarepan dompet rika. Liyane iku, Mbok Ucik uga ngelayani pesenan ragi rujake thok. Ragi Rujak Bangkok lan Ragi Sambel Petis Madura. 

Rika bisa tilpun nyang 089 694 407 595. Utawa saiki ya wis canggih, bisa pesen liwat aplikasi Go Food. Cukup rika ndulek-ndulek HP, antenana ring umah, Rujak Bangkok gelis gadug nyang panggonrika. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Wawancara Mbok Ucik

Editor: Antariksawan Jusuf