Rujak Lanang Taman Sritanjung, Magih Ana Apa Wis Ilang?

Hasan Sentot (dipublikasikan pada Minggu, 26 Januari 2020 18:19 WIB)
- Kuliner



Kuliner has Banyuwangi siji iki, anane mung wayah ana tontotan utawa rame-rame. Bengen umume wayah bengi, makane iku aju dipadhangi ambi damar telempik hang urupe mobat-mabit. Arane Rujak Lanang, merga hang dodol akeh-akehe wong lanang. Wujude kaya Rujak Lethok, ramonane sekehe uwoh-uwohan aju ditambahi tahuk. Ragine gula abang, asem, kadhung jare wong Jawa Rujak Manis. 

Bengen akeh angger soren ring Taman Sritanjung, pinggir kulon seberange Masjid Jamik. Wayah dibongkar lan direnovasi Taman Sritanjung, wong hang dodol rujak lanang  iki ilang. Naming jare Pak Camat Kota Banyuwangi, Moch Lutfi magih ana Rujak Lanang ring Taman Sritanjung.

"Mula sing akeh kaya setahun kepungkur, saiki kari siji hang dodol rujak lanang iki. Marek iki nak sun tata, ambi dilatih sulung hang dodol. Mane rujake tambah enak, ana standar rasa has Banyuwangi. Penampilan hang dodol ya kudu diuwah pisan, nganggo kelambi cemeng lan udhengan", jare Moch Lutfi hang buru pindah teka Camat Singojuruh iki.

Akeh-akehe wong-wong hang tahu ngerasakaken Rujak Lanang, tepak ana tontotan utawa kerameyan. Hang dodol asale akeh-akehe teka dhaerah Banyuwangi eloran.

"Isun pungkasan mangan rujak lanang, tepak ndeleng barong ring dhaerah Tamansuruh. Magih akeh hang dodol ring kana, tapi kadhung ana kerameyan thok", digu ujare Fitria hang pungkasan mangan taun 1995.

Malah ana uga hang dodol manggon, naming sing dipikul maning. Bakul Rujak Lanang iki nunggang sepidhah montor, kaya wong dodol Rujak Manis, merga cirine pikulan lan damar telempik ilang. "Ring Tegalmojo, Desa Kemiri sampek saiki magih ana hang dodol, wenak lan murah. Mung Rp. 10 ewu wis ulih sak piring munjung", jare Rudy.

Malah ring Glondong, Blimbingsari ya magih ana sampek saiki, manggon ring perapatan. Ana hang laporan uga, bakul Rujak Lanang ring Gitik, Rogojampi hang akeh, naming kadhung wayah ana tontonan bain adole. "Malah hang dodol teng Taman Sritanjung niku sengen enten tiyang Gitik angsal tiyang Banyuwangi. Kirangen, sak niki empun mboten dodol. Ale enak seru mangan rujak lanang, ambi njaluk imbuh tahuk", jare Satria wong Gitik. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf