Rujak Soto, Angenan Ring Tanah Umbaran
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 17 Oktober 2020 06:18 WIB)
- Kuliner
Salah siji panganan hang dadi ciri hase Banyuwangi lan bisa dadi andelan ring njaban iku Rujak Soto. Hang aran Rujak Soto ya wis mesthi teka Banyuwangi. Kadhung hang sedina-dinane ngumbara ring tanah njaban, Rujak Petis Janganan hang disiram soto daging utawa jeroan mesthi dadi angenan. Lan mesthi digoleti para kumbara hang mulih sambang nyang tanah kelairan, mula windhul temenan.
Kelendi kadhung tepak awak dhewek hang ngumbara noring tanah njaban taping ngilur kepingin Rujak Soto? Ya nggawe dhewek, yong bahan-bahan lan ragine bisa digoleti ring kutha liya.
Kelendi tah kirane nggawene? Acake, nawi resep iki bisa ditiru.
Soto Daging utawa Soto Jeroan
Bahan-bahan hang dibutuhaken:
Seperapat kilo jeroan sapi campur (babat, ucus, paru) ditugeli cilik-cilik kaya soto biyasahe lan digodhog sampek mateng taping aja empuk seru, buwangen banyune, delehen sulung.
Sak on daging thethelan uga diirisi kaya soto biyasahe, aju digodhog sak gemulakan, buwangen banyune, dadekena siji ambi jeroan hang wis mateng mauka, aju siyapaken ragi sotone.
Ragine soto
Hang digerus:
Sak jempolan kunir.
Rong jempolan jae.
Rong iris laos.
Telung siyung bawang putih hang rada gedhi.
Telung bungkul bawang hang ukurane sedhengan.
Setengah sendhok teh merica bubukan, kadhung nganggo hang magih wungkul ya kira-kira enem-pitung iji.
Rong iji kemiri, digoreng sulung sedurunge digerus (bisa hing kathik kemiri kadhung dhemen soto hang kening).
Sak iris gula abang.
Uyah secukupe.
Hang dirajang:
Telung bungkul bawang abang dirajang tipis lan digoreng, dienggo bawang goreng sawuran.
Rong siyung bawang putih dirajang tipis lan digoreng garing.
Bawang pre rong ler dirajang alus.
Telung lembar godhong jeruk purut.
Rong lonjor sere digejah.
Bahan ragi gerusan iku mau digerus sampek alus, aju digerengseng sampek arum.
Tambahana rajangan bawang pre, godhong jeruk purut lan sere aju digerengseng sedhilut maning sampek godhong jeruk purute alum.
Ragi iku aju diuledaken nyang daging lan jeroan.
Wenana banyu secukupe, aju digodhog maning sampek ragine nyesep lan daging uga jeroane empuk. Tambahana bawang putih gorengan mauka.
Tilikana, tambahana kadhung ana hang kurang ring rasane.
Soto jeroan campur wis siyap.
Rujak janganan:
Sak unting kangkung, dikulub.
Sak unting kacang lanjaran, dikulub.
Sak kobokan cukulan, dikulub.
Tahu 5 iji, digoreng.
Tempe sak delamakan, digoreng.
Ragine
Sak on kacang cina aliyas kacang brol kencetan, digoreng garing.
Rong iji gedhang keluthuk.
Sak sendhok mangan petis pindhang aliyas petis abang.
Telung sendhok mangan petis cemeng aliyas petis urang.
Setengah jempolan terasi.
Sak gegem gula jawa aliyas gula abang.
Uyah secukupe.
Banyu asem mateng setengah cingkir.
Carane:
Kacang cina hang wis digoreng, gedhang keluthuk hang wis dikenceti lan diirisi tipis-tipis, gula abang, terasi ambi uyah digerus.
Kadhung wis bencah kabeh kacange nyawiji ambi ragi liyane, tambahena petis pindhang, petis cemeng lan banyu asem aju digerus maning sampek rada alus. Kadhung kurang kepus bisa ditambahi banyu mateng.
Ragi rujake wis siyap.
Bahan tambahan penjangkepe:
Lonthong.
Timun diiris kothak-kothak rada tipis.
Kecap manis.
Rajangan seladri.
Endhog godhog (bisa hing kathik).
Kerupuk.
Melinjo goreng (kanggo hang dhemen).
Rujak soto wis siyap ditaning ring jembung utawa piring.
Lonthong (bisa hing kathik) diirisi lan dideleh nong piring/jembung.
Kuluban kangkung, kacang lanjaran lan cukulan dideleh nong ndhuwure, uga irisan timun, tahu lan tempe. Uwenana ragi rujake, tambahana endhog godhog, aju disiram kokoh soto sak daging lan jeroane.
Hang pungkasan, kelocorana kecap manis secukupe, aju diwur-wuri rajangan seladri lan bawang goreng.
Kerupuk lan keripik melinjo (bisa hing kathik) dadi sandhingan penjangkepe.
Cathetan:
Bisa dadi 4-5 porsi.
Aja lali kabeh bahan dirijigi sulung sedurunge diolah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.