S. Yadi K: Isun Iki Wonge Getap

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 06 Juli 2024 05:49 WIB)
- Tokoh



Salah siji pelukis paling hebat ring Banyuwangi, Kang Yadi, setengahe ngucap sukur merga lair ring keluwarga hang kurang mampu. Bapake sopir lan emake wong umahan biyasah.
   "Kadhung Isun anake wong sugih nawi hing kaya gedigi. Daya juwange kurang nawi," jare pelukis hang biografine hang ditulis nyang Henri Nurcahyo arep dipeleciraken.
   Kang Yadi cerita, sedurunge dadi pelukis hang wis ulih aran lan mapan kaya saiki, iyane tau megawe serabutan nang Jakarta.
   Ndeleng carane wong urip ring Jakarta, iyane nyerah, hing kuwat ngadhepi sarane urip ring ibukota. Aju iyane melayu nang Bali. Buru ring Pulo Dewata iku iyane bisa nemu donya hang digolet-goleti, hang cocog ambi atine minangka seniman lan pelukis.
   Masiyatah wis iyane ngaku kurang kesit, kurang pergaulan lan mula hing pati dhemen sesrawungan.
   "Nong Bali pelukis-pelukis iku jejer, pergaulan ambi turis, basa Inggrise padha ngecepres, Isun using, nang setudhiyo nggambar bain. Ring pergaulan, Isun kurang. Tapi kanca-kancanisun hang akeh bergaul ambi turis internasional ahire hing dadi paran-paran. Ya paling wis takdhirisun gedigi," jare Kang Yadi hang lukisane dikoleksi Istana Negara lan Galeri Nasional.
   Cumpu, asil lukisane iku hang ngoleksi akeh-akehe ya wong Jakarta.
   "Picis hang Hun gawa nang Banyuwangi iki teka Jakarta akeh-akehe."
    Merga hing pati akeh pergaulan iki lan sipat isin uga sithike minangka "seniman ana sombonge", sakat bengen seperene Kang Yadi ngaku hing tau jaja, nawak-nawakaken lukisane. Pokoke iyane mung ngelukis, aju kolektor hang tuku.
   Kondhisi awake saiki ana kurange, tambah maning iyane dhewek wonge sungkan obah. "Kadhung hing diejak rabi tah anak, hing metu.. nong umah bain. Jare rabinisun, masiya bengen magih sehat kelakuwane ya gedigu," jare ambi ngakak.
   Pengalamane nang negara manca, keliling pitung negara ya tepak diejak ambi Agus Dermawan T., wong Rogojampi hang akeh nulis soal lukisan lan nulis biografine wong-wong pelukis. Nang Eropa, iyane bareng rabine, Pak Agus ambi rabine lan ambi Pak Suteja Neka hang duwe galeri lukisan gedhi nong Bali. Tepak melaku-melaku iku, iyane mung mbayar ambi lukisane. Kala semono, anake hang saiki nerusaken bakate Kang Yadi, yaiku Aji, magih umur enem ulan. "Emane Isun diuntungaken duwe keluwarga. Emakisun magih sehat, adhikisun magih sehat. Dadi hang momong ya keluwarganisun iku wis."    Tepak melaku-melaku, hing bisa basa internasional, Kang Yadi modhale mung peta ambi kalkulator. Tepak mbayar taksi, picise diduduhaken kabeh nang supire, lan supire hang njuwut sak cukupe. Emane apik-apik wonge. "Untunge diejak kanca. Isun iki wonge getap Kang."
   Tambah umur Kang Yadi saya suda nikmat hang ana ring awake, kayata untune coplok.
   "Isun bangkel, iri nang uwong hang mangan magih bisa kraus-kraus," jare Kang Yadi ambi munyik.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor