Sak Kuthek Ros-Rose Laku Mbah Mas Saleh
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 Januari 2026 06:37 WIB)
- Tokoh
Sak Kuthek Ros-rose Laku Mbah Mas Saleh.
Mbah Mas Saleh nalikane lancing luru ilmu ning Mbah Buyut Syargi Utawa Mbah Kyai Zen alas Karangtigan, kulone Pagerjaban Pandhapan. Iyane bareng ambi Mas Pringgokusumo lan Mas Sailan. Serta wis wayahe, Mas Pringgokusumo dadi Bupati Banyuwangi hang kaping lima, Mas Saleh dadi Imam Besar masjid Jamek lan Mas Sailan Sampek seperene nana cathetan hang keneng dienggo cerita, masiya tah wis, mung cerita jare-jare.
Ruwahe Mbah Mas Saleh, serta uwis sepuh dhemenane keliling sambang-sambang muride. Kelebu uga nyang Kemiren. Ana siji cerita, nalika ana masarakat Kemiren hang tuku umah junjungan. Arane bain umah junjungan. Nalika ngelih teka panggonan mula, ya dijunjung cara ngersaya utawa gotong-royong.
"Ra weruwa, panggonan hang arep dienggo njujuge umah junjungan iku kudu ngeliwati dalan hang rada ciyut teka werane umah. Uwong-wong padha bingung golet akal. Ana hang ngotot, umahe diperetheli bain. Ana hang ngotot, kadhung diperetheli sulung mesthine akeh kayune hang rusak, reng jajange diongkek ya padha kuthung. Pungkasane uwong-wong padha ngaso ambi nguyup wedang. Eh, mara-mara teka Mbah Mas Saleh. Serta mari gesah sedhela, Mbah Mas Saleh ngajak njunjung umah junjungan iku kanggo diencepaken ring umpak watu hang uwis dicepakaken. Uwong-wong sing wani semaur kadhung dalane iku ciyut, umah hang dijunjung sing kira cukup ukurane. Naming kala iku, umah bisa dijunjung sampek gadug panggonane. Uwong sak kampung padha gawok. Heran. Sing nemu ring akal," abane Kang Gathot nyeritakaken serawungane ruwahe Mbah Mas Saleh ambi uwong-wong Kemiren kala semono.
Ana cerita hang sampek seperene nana hang wani nyathet merga jare Mas Soepranoto, putune Mbah Mas Saleh, sing terima kelawan anane cerita iku. Kelendi ceritane?
Kang Kadir Panderejo tau cerita. Bupati Raden Mas Tumenggung Pringgokusumo iku sekti. Naming Mbah Mas Saleh sing percaya merga iyane merguru bareng ning Mbah Buyut Syargi Kerantigan.
"Sekti paran. Selawase kumpul sakat cilik ya Nana tengere kadhung Pringgo iku sekti. Acake engko Isun nak sanja ning Pendhapa, gedigu kira-kira kalimahe Mbah Mas Saleh, " abane Kang Kadir. Jare, sak mudhune teka mesjid Jamek Baiturrahman, Mbah Mas Saleh mampir arep nemoni bupati. Naming, serta buru gadug ngarepe lawang pager Pendhapa, Mbah Mas Saleh mandheg sing bisa njangkah melebu latare Pendhapa. Rada suwi ulihe mandheg. Eh, mara-mara gulune Mbah Mas Saleh ndawak-ndawakaken kaya cangak. Serta Mbah Mas Saleh melung-melung ambi ngucap- iya wis...iya wis....isun gugu....percaya....- sekala iku gulune mungsret mbalik kaya kawitane.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.