Sambel Gerang Peda

Arlita Asjkari (dipublikasikan pada Sabtu, 19 September 2020 06:30 WIB)
- Kuliner



Banyuwangi mula kutha hang nduwe pesisir hang dawa kira-kira 175 kilometer. Wis mula anjerah kadhung ring Banyuwangi akeh iwak, maneka maceme lan magih seger nggadug ring pasar tradhisional.

Sakliyane iwak hang magih seger mauka, sapa ndane hang sing weruh nyang hang arane iwak gerang? Sega anget kemebul, jangan uyah asem seladhah, sambel ranti ambi gorengan iwak gerang, nana wih, bisa imbal bolak-balik ngentekaken sega setengah kemarang.

Aju kelendi kadhung iwak gerang mauka didadekaken sambel? Pantese indhul temenan. Salah sijine gerang hang bisa didadekaken sambel ya iwak gerang Peda asin.

Kelendi carane? Kek kaya gedigi.

Bahan-bahan hang dibutuhaken:
- telung iji iwak gerang peda asin
- 100 gram lobok litik
- telung iji lobok jawa
- limang bungkul bawang abang
- telung siyung bawang putih  
- sak jempolan gula abang


Bahan liyane:
- limang sendhok teh lenga dienggo nggerengseng
- rong iji tomat/ranti ukuran sedheng
- setengah jempolan terasi bakar
- siji jeruk purut/lima
- kaldu bubuk sak cukupe


Carane Olah:
1. Gerang peda dirijigi kelawan diumbah sukur dicelup-celupaken ring banyu, dielap sampek garing aju digoreng setengah mateng. Buwangen belung eri lan endhase, digerus kasar, aju delehen sulung.

2. Lobok, bawang, bawang putih lan gula abang digerus, geningaken sulung.

3. Tomat/ranti diirisi kothak-kothak cilik digerengseng sampek rada alum, aju ditambahi bahan hang digerus mauka lan ditambahi terasi, kaldu bubuk sak cukupe. Digaluh sampek rata.

4. tambahana gerang peda, digaluh maning sampek gerang pedane rada ajur lan kecampur ambi ragine. Hing kathik ditambahi uyah maning kerana gerang pedane wis asin.

5. Dikeceri jeruk purut/lima lan diwur-wuri bawang goreng kadhung dhemen.

Hang pungkasan, kari njuwut sega anget aju mangkat niliki sambel pedane. Windhul yara?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf