Sambel Lucu
Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 21 November 2020 08:43 WIB)
- Kuliner
Lucu mula lucu arane, taping aja mung gemuyu, kadhung Sambel Lucu bisa nggarai penyar lan getih nong awak kaya nak melayu.
Lucu, ring dhaerah liya ana hang ngarani Honje, Kecombrang lan nawi ana aran liyane, taping yaiku, nong Banyuwangi arane mula Lucu.
Dina iki, acake olah sambel Lucu iki, seru cocog temenan kadhung disandhingaken nyang iwak bakar tah goreng hang gampang digoleti ring Banyuwangi.
Bahan-bahan hang dibutuhaken:
Rong lonjor kembang Lucu, dirijigi dijuwut tengahe hang magih katon putih.
15 iji lobok litik abang
5 bungkul bawang
3 siyung bawang putih
2 iji ranti/tomat (bisa hing kathik)
Sak sendhok teh terasi
Jeruk lima dienggo keceran
Uyah secukupe
Gula secukupe
Lenga telung sendhok mangan utawa sak dhemene dienggo nggerengseng.
Carane:
Lucu, 3 bungkul bawang, 2 siyung bawang putih, 10 iji lobok, siji ranti/tomat dirajang tipis-tipis.
Sisihena sulung.
Sisane lobok litik, bawang, bawang putih, ranti/tomat hang sing dirajang mauka ditambahi terasi digerus kaya nggawe sambel biyasah.
Siyapaken wajan, sunteken lenga keletik hang dienggo nggerengseng, aju sambel hang digerus mau digerengseng sampek arum. Kadhung wis arum, tambahena bahan-bahan liyane hang dirajang mauka. Digaluh sedhilut bain sukur katon wis rada alum. Tambahana uyah lan gula secukupe aju tilikana rasane.
Wadhahana jembung sambele aju dikeceri jeruk lima secukupe.
Sambel Lucu wis dadi, sedhiyakena piringe.
Sega kemebul ring kemarang katon wis awe-awe,
Arep iwak bakar tah iwak goreng sandhingane?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.