Sapa Mbah Semi, Sapa Mak Midah?
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 18 Februari 2025 09:48 WIB)
- Opini
Sapa Mbah Semi, Sapa Mak Midah?
Ditulis ring Eko Budi Setianto
Tulisan hang awujud sejarah bisa bain diuwah merga ana inpormasi anyar hang bisa mbecikaken kelawan nduduhaken bukti hang nyugihi.
Jaman bengen ana sejarawan Landa hang aran Joh. Scholte hang nyathet sejarah wong Belambangan sak latar mburi seni budayane.
Ring tulisane Gandroeng Van Banjoewangi, Scholte hang uga kepala
sekolah Landa “HBS” (setingkat SMA) ring Blitar iki uga nyathet asal-usule penari gandrung wadon kawitan ring Banyuwangi.
Bab gandrung wadon kawitan, Scholte nulis gedigi: Hang kawitan tampil ring 1895, yaiku hang aran Semi, anak wadone Mak Midah pendhudhuk Desa Cungking hang magih nganut agama Hindu Jawa (Syiwa) ..... lan sak teruse.
Ring kene, Scholte mungkasi tulisane gedigi: sampek semene keterangan hang hun juwut teka Tuan Van Der Tuuk. Dene paragrap sak teruse Scholte nulis gedigi: Sejarah hang sun ceritakaken ini hun rungu dhewek teka cangkeme Mak Midah dhewek. Aju Scholte njelenterehaken riwayat kadhemane Semi tepak umur 10 taun sampek dadi penari gandrung.
Hang ditulis Scholte, hususe aran Mak Midah hang disebut minangka emake Semi dibantah ring putune Mbah Semi. Jare salah siji putune, Sumarto, ngaku ulih keterangan teka silsilah keluwargane ruwahe Pak Suwoto, Midah dudu aran buyut wadone. Aran Midah iku aran anak penggarep teka pasangan Pak Midin lan Raminah, wong tuweke Semi.
Ring silsilah iku disebut pasangan Midin lan Raminah duwe 8 anak, yaiku 5 wadon lan 3 lanang. Yaiku Midah (penggarepe), Semi, Kulbahari, Suyati, Kalidjo, Misti, Mustadjab lan Miyati. Teka anak wadon lima iku hang hing tau dadi gandrung mung Midah.
Masiya hing kabeh, ana sebagiyan masarakat Using hang diceluk teka aran anak penggarepe. Umpamane Pak Buang, artine bapake si Buang.
Kadhung dideleng teka kono, ana benere kadhung Mak Midah iku setemene emake Midah, hang aran setuhune Raminah.
Cumpu aran celukan teka penggarep iki kedaden ring Mbah Semi dhewek. Ring kalangan wong Kemiren, Mbah Semi diceluk kelawan aran Mbah Sutrani aran penggarepe.
Ring cathetan ndhuwur, Scholte ngomong gok iyane rungu teka van der Tuuk, dene ring tulisan pemungkase iyane ngomong gok rungu dhewek teka Mak Midah.
Dadi setemene Mak Midah iku sapa? Emake tah emboke? “Terus terang kene hing duwe kepentingan paran-paran. Kene iki mung kepingin ngelurusaken sejarahe embah," jare Sumarto.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Eko Budi Setianto
Editor: Hani Z. Noor