Sasak Bacot

Dian Pratama (dipublikasikan pada Selasa, 14 Januari 2025 07:12 WIB)
- Opini



Sasak bacot, gedigu wong-wong Garit kadhung ngarani. Sasak iki ana ring ndhuwure iline banyu Badeng. Diarani sasak bacot, mergane wujude kang kaya bacot, nduweni bolongan loro. Sasak iki dibangun jamane Landa, mulane ya kuat nyangga sampek saiki. Tapi, kadhung rika enget kedadeyan banjir ring desa Alasmalang tahun 2018 kepungkur. Iku kabeh sakliyane garise Pengeran, uga salah sijine merga anane sasak bacot iki mau.

Dina iku Jemuah, tanggal 22 Juni 2018, kampungisun hang ana ring dusun Bangunrejo, panggonane sasak Bacot iki mau, keneng musibah banjir bandhang merga anane longsor ring Gunung Pendil. Sakwise longsor, Banyuwangi diudani sing mari-mari. Ahire wit-witan, pasir, lan belethok keli kegawa banyu udan nong iline Banyu Badeng.

Tepak jam sanga isuk, ambi udan gerigis, banyune belabur. Ndeleng banyu belabur kang gedhene seru iku mau, wong-wong ya akeh kang ndeleng. Gok katon akeh wit kang katut, wong-wong tuwek padha ngabaraken nyang wong kampung, ayo siyap-siyapa nawi banyune munggah nyang kampungan.

Cumpune sing luput, dina iku nepaki tanggal 8 ulan sawal. Dusun Garit Wetan, buru bain nganakaken lebaran kupat (sawalan). Mari diselameti, tibane banyune belabur, aju munggah nyang kampungan. Aja takon kelendi emuke wong-wong kampung kang parek ambi iline Banyu Badeng. Kabeh padha semembur kepelayon nyelametaken awake lan keluwargane. Donya berana sing dipikir wis, kabeh bingung kelendi amerihe bisa selamet.

Apuwa sih gok bisa banjir, perasanisun iline Banyu Badeng iki wis diperengi dhuwur seru, gok magih bisa banjir?

Mesthi bain, saurane ya mergane pesthine Pengeran. Endane mung gedigu thok? Temakaken salah sijine ya merga anane sasak bacot iki. Paran mergane gok sasak bacot dadi jalarane musibah banjir bandhang iki mau. Ya kabeh iku merga ana bacote, sasak kang sing los iki ndadekaken wit-witan kang keli akhire sing bisa keli. Mandheg, mangklang nong tengahe bacote sasak iki mau. Ahire iline banyu kang santer seru iku mau munggah ring lurung aju semebar ring kampungan ndadekaken banyu, pasir, belethok, kayu-kayu gedhe padha melebu nyang umah-umahe warga. Tapi, sukur kedadeyan bengen iku sing ana kang dadi korban. Mula, kanggo njaga keselametane desane, akeh masarakat kang ahire njaluk, kadhung sasak bacot iki digawe los bain.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : https://www.tempo.co/politik/banjir-bandang-terjang-empat-dusun-di-banyuwangi--905841

Editor: Hani Z. Noor