Sastra Using Tinggalane Don Mis
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 24 Juni 2026 06:50 WIB)
- Esai
Ditulis ring Heni Kurniawati
Hang ana ring poto iki arane Don Mis. Saiki uwonge wis sing ana umur. Petang taun kepungkur jenek engumah. Nempuhi isun ngapalaken rapal-rapal kanggo sedinane lan selametan-selametane adat Using. Byek, wis apal, lali maning. Isun wis apal, cumpu lali maning. Merga sing dienggo saben dinane. Kelagut nganggo donga-donga basa Arab. Dadiya sithik, isun tau ngaji nyang Ruwahe Mbah Timbul. Temune rapale arep madhang dikawiti 'allohuma barik' madak 'niyat isun'.
Ya wis gedigu iku pergeseran budaya. Agama nggeser sistem kepercayaan nenek moyang nyang ajaran agama kang buru teka.
Setemene kabeh iku ngajaraken kang apik-apik. Aran niyat iku asale teka ati. Mbah Buyut ngajaraken nyang anak-putune duweya ati kang rijig, apik, lan bener.
"Sira iku wis dadi guru iku arane wis mangku wewenang. Duweya ati kang padhang, niyate kang apik! Makene sing nemu alangan iku ana rapale," wekase Don Mis ambi lungguh kunjur ning pawon. Iyane rumangsa wis tuwek, kepingin nurunaken ilmu turun-temurun teka wong tuweke.
Isun dhewek ya sing weruh jawane apuwa gok isun kang dituju. Ale iyane duwe putu teka peranakane dhewek petang uwong. Daya isun iki madak putu dhenese. Isun mung putu akon-akon. Bapakisun adhike lakine Don Mis. Kadhung diselusur, dhenese isun nyeluk uwak. Taping merga bapakisun atim sakat cilik, anak-anake adhike Nang Tris-Don Mis dibasakaken Anang-Adon.
Petang taun sakat diumani rapal-rapal (isun ngarani 'Sastra Using' bain wis) makene sing dikira isun iki dhukun. Saben tangi turu isuk mesthi enget omonge Don Mis. Ana rasa kuwatir pisan, wedi Sastra Using iku ilang lan pedhot mekadha isun. Taping isun ya bingung kelendi carane sastra teka Mbah Buyut iki sing ilang.
Kadhung diajaraken nyang lare saiki nawi diuwel wong tuweke. Aja-aja isun dikira ngajari lare medodoh teka ajaran agama.
Alah embuh wis, isun sungkan mikir abot. Lamuna Sastra Using iki ilang, isun sing rugi paran-paran. Lamuna Sastra Using iki dienggo lare nom-noman saiki, isun ya sing asil paran-paran.
Sapa weruh rasa kuwatir kang nguber-uber saben isun tangi turu iki ilang karepe dhewek dipangan waktu. Taping kari eman-eman ya.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.