Sate Kepel Iwak Kelapa
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 08 Agustus 2020 08:15 WIB)
- Kuliner
Banyuwangi panggonane iwak segara, ring pasare akeh wong dodol iwak pancingan hang gedhi-gedhi. Kadhang ya ana hang jaja. Kadhung lalare hing pati doyan olah-olahan hang nganggo iwak merga ambune amis lan iwake magih katon kewela-wela, salah siji carane iwake bisa digawe sulung dadi sate-sateyan. Dadi sate iwak kelapa. Makene ambune seger pisan, sujene nganggo sere wutuh hang wis dikenceti sampek emeh empole.
Setemene bisa iwak paran bain hang bisa dijuwut daginge, taping hang enak teka iwak tengiri utawa abangan tah kerapu hang daginge putih, alus.
Bahan-bahan hang diperloaken:
Iwak hang wis dijuwut erine kari daginge, kira-kira seperapat kilo.
Kelapa enom diparut setengah.
Lenga kelentik (utawa lenga dienggo nggoreng) sak sendhok mangan.
Santen telung sendhok.
Wite sere hang wis dirijigi, enem.
Ragine:
Bawang abang telung bungkul
Bawang putih telung siung
Lobok abang telu
Kemiri telung bungkul
Kencur sak iris
Jae sak iris
Kunir sak jempol
Gula pasir sak sendhok teh
Carane:
Daginge iwak mau dicacah sulung. Kadhung duwe belendher ya bisa dibelendher.
Aju ragi kabeh hang wis digerus alus, digongso sampek alum lan arum.
Kadhung wis marek, rada geningaken sedhilut makene sing panas seru, aju ragine mau dicampur daging lan kelapa enom parut ambi santen, diuled sampek rata.
Kadhung wis rata, dijuwuti sak kepel-kepel lan disunduki kaya sate dawa-dawa ring wit sere hang wis rijig. Gedigu terus sampek entek.
Aju sundukan sate mau dibakar, kayadene paran maning kadhung hing sate, sampek mateng.
Dipangan ambi sega anget. Lalare hang hing doyan iwak, hing kerasa gok iyane mangan iwak. Taping mangan sate kelapa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.