Sawur Semembur ring Aren, Marai Madhang sing Leren-Leren

Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 28 Agustus 2021 08:00 WIB)
- Kuliner



Kelapa mula salah sijine uwit hang duwe sewu manpaat. Sakate odod sampek pucuk janur, bisa dimanpaataken kanggo paran bain. Sakane umah, digawe sirap, jeliring kelapa digawe nam-naman kepang, janure keneng dienggo kelonthongane kupat lepet. Belarak, Bongkok, Mancung, Kerucuk hang wis garing mesthi bain keneng dienggo urub-urub dandan geni. 

Sing kelalen uga uwoh kelapa. Tepak magih beluluk paceke cicir, dipuputi keneng digawe menganan, diginyer muter nganggo karet hang diandohi semat ring tengahe. Durung maning, uwoh kelapa hang magih daugan, magih kemumbel, utawa kelapa kiringe hang bisa dijuwut banyu santene. Sing kelalen kelapa hang semawur hang bisa diolah dadi sawur. Kanggone wong Jawa paceke diarani Serundeng. 
 

Iki resepe kadhung nak olah sawur kanggone kelapa siji, ukuran sedhengan. 
Kanggo ragi aluse rika perlu nyepakaken:
Lobok jawa, limang iji. 
Lobok lithik, akehe sekareprika. (Isun sing nganggo, mergane makene bisa dienggo dulange thulik)
Bawang putih limang siung. 
Kencur rong ros deriji. 
Laos rong ros deriji. 
Ketumbar sak sendhok.
Godhong jeruk purut limang lembar. 
Gula abang, sak ons. 
Sing lali, uyah sakcukupe.

Kelapa hang semawur, dipacaki sulung, dibuang banyune. Banyune paceke magih bisa diombe, seger. Aja lali mariku aju diwisuhi sulung sakdurunge arep diparud. 

Ragi hang wis rika cepakaken mauka digerus sampek kira-kira alus. Utawane kanggo wong jaman saiki, golet gampange dibelender bain, makene sing mbuang akeh tenaga lan praktis. Kari nyolokaken mesin belendere bain nyang listrik, sing kathik kipa tangane. 

Ragi hang wis alus, diuled bareng ambi parudan kelapa jung bak hang wera. Serta wis diuled rata, bisa disangrai nyang wajan ndhuwure kompor. Genine aja kari meromong. Cilik sedheng bain. Mergane nyangrai sawur iki perlune ulih asil sawur hang merkisik. Kadhung genine kebaraken, kuwatire gempung, gosong lan keberangasen. Sangrai kira-kira, setengah jam utawa 45 menit. Hang penting sawure temenan wis kemerisik lan sing kumel. Kadhung kelapa hang disawur saya akeh, ya mesti bain durasi nyangrai-ne saya suwi.

Kadhung wis kemerisik, sawur siap diuled ambi sega anget. Utawa dadi musuhe sega kuning. Digeningaken semembur ring aren, bisa nggarai madhang sing leren-leren. 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen Pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf