Sega Cawuk Bu Sri Kepatihan

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 13 Agustus 2022 06:39 WIB)
- Kuliner



Sega Cawuk utawa Sega Janganan mula wis anjerah dadi salah sijine menu sarapan ring masarakat Banyuwangi.

Sing mung kanggone masarakat hang manggon ana ring Banyuwangi, naming para diaspora hang wis puluhan taun ngumbara ya mesthi sing lali nggoleti sega cawuk iki dhung nepaki mulih nang tanah kelairan. Malahan akeh pisan wong njaban hang nepaki dines ring Banyuwangi uga kepincut nyang windhule menu sarapan iki.

Kadhung isuk-isuk melibeng ring Banyuwangi kutha bain ana sak arat-arat wong adol panganan iki. Ring pinggir lurung, parek pasar sampek nang kampung-kampung mesthi ana bain hang mbukak dhasar dodolan sega cawuk utawane sega janganan iki.

Ana pirangane panggonan hang wis kawentar, embuh iku merga panggonane hang gampang digoleti, utawane duwe ciri has, merga wis sakat bengen turun temurun adol sega cawuk, embuh merga windhule, merga jangkepe, utawa merga regane hang murah lan liya-liyane.

Salah sijine hang wis kawentar iki ana ring Kepatihan, dalan mudhun teka sebelahe sasak Kepatihan kidule mesjid jamek, kira-kira mudhun ngiwa 50 meter lan warunge pinggir tengen. Saiki arane Jalan Kiai Saleh (iki ya rada mbingungi Kiai Saleh iku wong Lateng taping arane dalane dipindhah merene teka dalan antarane Lateng lan Temenggungan).

Sega Cawuk Bu Sri hang wis dodolan sakat taun 1993 iki saikine dicekel nyang mantune polae anake Bu Sri iki lanang kabeh, dadi mantune hang aseli Wonosobo iki hang saiki dodolan Sega Cawuk nerusaken usahane emak maratuwane.

Ana hang has ring sega  cawuke Bu Sri iki, yaiku sambel serene hang digerus dadakan. Dadi ana jebeg hang paceke cemepak ana ring ndhuwur meja dhasarane. Mula sing kabeh wong adol sega cawuk iki nyedhiyani semanggi sambel sere, Bu Sri iki salah siji hang paceke njangkepi nganggo semanggi sambel sere hang sambele digerus dadakan.

Bengen nepaki jaman emak maratuwane hang adol, penulis weruh magih ana sambel kemirine, naming saiki akeh hang nganggo sambel kacang, gedigu pisan nang warung sega cawuke Bu Sri iki. Nawi merga kacang bisa lebih murah lan gampang, ale sambel kemiri iku setemene dadi salah siji ciri has ring sega cawuk iki.

Kadhung menyang warunge Bu Sri nunggang montor mula rada sara golet parkiran merga dalane hing sepira wera, lebih gampang nunggang sepidhah montor.

Naming kadhung nepaki rika sungkan metu umah, utawa sungkan repot nyang parkire, rika bisa pisan pesen liwat whatsapp nomer 0812 3463 2270, pesenanrika bakal dikirim nganggo kurir.

Jaman mula wis uwah, saiki sembarang kalir mula kudu miloni majune teknologi. Bisa nggampangaken hang adol uga nggampangaken hang tuku pisan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf