Sega Pecel Gurit Pengatigan Rogojampi

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 19 Juni 2021 11:35 WIB)
- Kuliner



Aran sega pecel ring masyarakat Banyuwangi iku wis umum, akeh hang weruh paran maning akeh hang bisa nggawe. Tapi kadhang kerana sing kober nggawe dhewek wong-wong ya akeh hang lebih milih tuku nong warung sebab ya lebih ringkes lan gelis mung kari madhange bain. Nggesahaken warung sega pecel, ring dhaerah Rogojampi, jelase ring Dusun Gurit Desa Pengatigan ana siji warung sega pecel hang rame saben dinane. Ring kana hang diedol ya mung sega pecel lan sing ana liyane maning tapi buktine garus mau merga ana sebabe. Ring kana wis akeh wong hang dadi langganan lan kabar rasane hang enak lan murahe wis merambat ring desa-desa liyane.

Sebab hang sepisan yaiku kerana murah, cukup 7.000 rupiah wis bisa tuku sak porsi sega pecel. Mula akeh warung hang lebih murah teka warung Gurit iku tapi ya masiya larang tetep sumbut ambi regane. 

Sebab hang keloro yaiku kerana ulihe akeh, ring sajian panganane bain ana jangane, ana bumbu pecel hang pedhes uga akeh pisan, ana tempene, lan ana krupuk ambi kerimpinge. Aja dikira segane mung sithik, iwake bain wis akeh maceme, paran maning segane ya nggarai weteng kewaregen. Kayane sak porsi bain bisa dienggo madhang wong loro.

Sebab hang ketelu yaiku rasane. Saben warung nduweni ciri has pecel hang beda, utamane ring warung Gurit iku rasane pedhes. Akeh hang dhemen ring antara umure lalare sampek golongane wong tuwek-tuwek merga bumbu pecel hang pedhes mauka.

Warung sega pecel Gurit iku ya bisa ngelayani madhang ring panggonan uga bisa dibungkus. Bukake warung ring antara jam 10 isuk sampek dalu kadhang ya sak enteke sega pecele sebab sangking garuse mauka. Isun bain kadhung arep tuku merana ya kadhang gagem nganteni antrian hang kebek ring panggonan ngelayani. Ale wis diimbangi ambi hang dodol hang telikas anggone ngeraciki sega pecele. Dadi nawi arep tuku ring warung sega pecel Gurit iku ya untung-untungan, bisa bain tepak rame hang tuku ya bisa bain tepak sepi. Biyasahe ramene iku tepak bedhug ambi soren kerana ring jam-jam semono iku akeh hang padha golet panganan bedhug (makan siang) uga kadhung soren iku dinggo sangu laut.

Lokasi warunge mula cilik, tapi kadhung wis aran akeh hang dhemen arep kelendi maning sebab ya hing bisa maksa karepe uwong lan ilate uwong. Akeh warung sega pecel paran maning ring dhaerah Rogojampi tapi ya kadhung akeh hang ngesir ring warung Gurit ya arep kelendi. Iki ya dudu mbandhingaken antara sega pecel siji lan liyane tapi iki isun mung ngungkapaken pengalaman serta bukti kuliner sega pecel ring dhaerah Rogojampi hang garus salah sijine ana ring Dusun Gurit Desa Pengatigan.

Wong hang tuku kadhang tepak duwe acara ring umahe, panganane bain masa olah dhewek tapi malah tuku ring warung sega pecel iku. Dadi hang ngelayani ring warung iku dudu ngelayani hang marung merono thok tapi ya ambi pesenan hang dibungkus. Sak weruhisun kadhang ana hang sampek mesen 10 bungkus kanggo sak uwong thok iku. Paran maning serang ramene sun tau ngintep ring pawone bain kanggo ngimbangi akehe hang tuku ana telung uwong hang nulungi adang lan ngeracik bumbu uga sak nyiyapaken bahan-bahan ring sega pecele iku.

Hang dodol kadhung ngeracik sega pecele, kaya dene mung sak ketipan mata. Tepak njuwut segane, nguweni jangan, iwak tempe, bumbu pecel, kerimping, lan liyane maning. Miturut isun iku hang nggawe nambah puas ring pelanggan sebab sing perlu nganteni suwi kanggo ngelayani sak porsi bain embuh iku bungkus utawa marung. Tapi kadhang tepak ana pelanggan hang ruwet ring njerone antrian paran maning nggupuhi ring hang ngelayani, tepak gedigu hang biyasahe ngelayani wong lanang. 

Sampek keneng uwel pelanggan mauka serang ngocos thok ring pesenan hang dikarepaken iyane. Munggone weruha, keringete bain sampek kaya kesiram ring awake hang ngelayani iku. Tapi ya gedigu, iku hang nggarai sing enake kerana ramene pembeli sing diimbangi ambi hang ngelayani sega. Sebab sak akehe pelanggan tetep hang ngelayani sega ya mung siji. Beda maning ambi hang nggawekaken wedang teh, mbungkusi ring keresek lan nariki picis. Kuwasane Pengeran, pelanggan hang biyasahe tau keuwel ya balik maning mergane ya mesthine dhemen ring sega pecel Gurit iku.

Sunsaranaken bain ya dulur, nawi arep tuku masiya tah kepingin niliki sega pecel Gurit iku ya kudu elom temenan sebab ulihe akeh. Paran maning jare isun masiya akeh ulihe hing nggarahi bosen, malah saya kepingin tuku maning. Gancang wis kadhung kepingin niliki makene sing penasaran aja sampek keliwatan. Paran maning rika kabeh kudu kuat atine kadhung tepak merana temekaken sega pecele wis entek. Teka jalan raya Pasar Rogojampi iku melebu kira-kira 1,5 km ngulon ring Stasiun Rogojampi, teka Pasar Rogojampi iku takona Gurit bain wis akeh hang weruh engko kadhung wis gadug dhusun Gurit takona wis warung sega pecel Insyaallah wis akeh hang weruh masyarakat ring kana.

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor