Sego Cawuk Mak Mente, Rasane Jangget Ring Lambe
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Rabu, 29 Januari 2020 07:41 WIB)
- Kuliner
Kadhung rika nyang Rogojampi, sing adoh teka tapsiun arah menyang pasar Rogojampi, ring pinggir kiwa dalan ana warung emperan hang dodol "Sega Cawuk". Iki salah sijine sarapan has wong Banyuwangi, utamane wong Using. Warung cilik pase ring Desa Prejengan, Rogojampi iki, sakat puluhan taun ngadeg lan Mak Mante (78 taun) hang ngadhep warung iku. Angger isuk sing tau sepi, ana hang dipangan ring panggonan, akeh uga hang dibungkus digawa mulih.
"Isun mangkat dodol antarane taun 1972, magih jamane larang pangan. Resepe ya magih padha, irisan jagung enom hang dibakar, aju diuled ambi parudan kelapa enom ambi ana ragine. Magih ditambahi kokoh pindang lemuru, utawa iwak segara liyane hang rasane manis, merga nganggo gula pasir hang digendam. Kadhung seneng pedhes, bisa ditambah sambel", ujare Mak Mante njelasaken olah-olahane hang angger isuk dadi rebutan pelanggane.
Saben dina Mak Mante bukak sakat jam setengah enem, tutup sampek entek antarane jam 10 awan. Pelanggane sak liyane wong sak ubenge Rogojampi, uga akeh hang teka njabane Banyuwangi utawa wong Banyuwangi hang megawe ring njaba, nyeja kepingin ngerasakaken Sega Cawuk hang anane mung ring Banyuwangi. "Isun sakat SMA bengen langganan Sega Cawuk Mak Mante, tapi saiki rasane kok rada manis, bengen iku gurih lan seger. Naming saiki macem-macem pilihan iwake, sak liyane endhog encit uga werna macem pelasan. Iku hang sing bisa ditemoni ring dhaerah liya", jare Samsul Hadi, wong Gladag, Rogojampi hang saiki manggon ring kudus Jawa Tengah.
Saiki wis ngunduri tuwek, Mak Mante sak uwise olah-olah ring pawon, aju ditulungi putune ngadoli mulai isuk. Engko ngarepaken entek, Mak Mante buru metu teka umahe hang melebu gang mburi warunge. Sarapan has wong Using iki, terus dijaga mane tetep lestari. Mangkane akeh wong Using hang teka nyang warunge Mak Mante, ambi ngejak anake. "Isun angger pereiyan utawa longgar, mesti milih mangan sarapan merene ngajak anak lan rabinisun. Kanggo lare-lare cilik, kan ana pindhang iwak segara hang rasane manis lan proteine ya akeh. Kadhung hang tuwek akeh seru pilihane, utamane pelasan lan rasane sing gampang dilalekaken. Iling sega cawuk, mesti iling Mak Mante", jare Arif hang teka Padang, Singojuruh, kira-kira 7 kilometer adohe teka Warunge Mak Mante.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.