Sejarah Belambangan Dudu Cerita Janger

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 25 Januari 2025 07:22 WIB)
- Opini



Sejarah Belambangan Dudu Cerita Janger

“Paran tah wis Belambangan iku?” Oh, iku kerajaan hang bengen ana ring Banyuwangi.
“Sapa rajane?” Minakjingga. Tawangalun.
"Kadhung asale Banyuwangi?"
"Iku Sri Tanjung disuduk ring banyu, getihe mambu wangi. Dadi Banyuwangi. Ana sumure pisan ring Temenggungan."

Mula hing luput kadhung ahli sejarah teka Universitas Gajahmada Dr. Sri Margana ngomong Banyuwangi iku kaya negeri antah berantah, hing akeh wong hang ngomongaken.
   Akeh-akehe mula bengen sejarahe ditulis setugel-setugel. Kadhung hing babad ya tulisane wong Landa sak cuwil sak cuwil. Sejarah Blambangan lan Banyuwangi sumbere akeh diputer teka ring cerita janger. Hing mung wong Banyuwangi, naming akeh wong njaba hang yakin gok Minakjingga iku raja hang setuhune teka Belambangan.
   Pitakon lan jawaban kaya ring ndhuwur iku mau mula kerep ditemoni ring masarakat, dadi gesahan, diskusi sampek hang mung omong kelamong. Sakwetara kadhung ana pitakonan: Apuwa gok Laskar Minakjingga dadi aran supporter tembung Persipro Probolinggo? Utawa apuwa Tawangalun gok dadi aran terminal bis ring Jember? Jawabane mesthi bain kaya kesangglek ring gorokan, ya iku kerana kurange maca buku sejarah.
   Kadhung babad lan cathetan hang ditulis jaman kolonial noring buku-buku cathetan sejarah iku kudu diwaca kelawan kritis: Nulise cathetan iku tepak nong endi? Hang nulis sapa? Karepe nulis iku paran?
   Ring mburi-buri wis rada akeh hang njugeri. Umpamane Nagari Tawon Madu tulisane I Made Sudjana, Sam Subur, Perebutan Hegemoni Blambangan karyane Pak Margana, Suluh Blambangan lan Suluh Blambangan 2 karyane Aji Ramawidi.
   Buku “Suluh Blambangan” lan “Suluh Blambangan 2”, bisa dadi salah siji sumber wacanan sejarah hang nyacak manggonaken pirang-pirangane cathetan sejarah kelawan nguweni jalar sambung (konteks) nyang kedadeyan sejarah hang seprene akeh-akehe kaya kelangan jalar sambunge.
    Miturut penulise, Mas Aji, akeh cathetan-cathetan hang ana hubungane ambi sejarah, ditulis merga pesenane penjajah lan ngewolak-walik kasunyatan.
  Teka ring paran hang dijelentrehaken ring Mas Aji, cumpune Tawangalun iku sing mung siji, naming ana tawangalun I, Tawangalun II, sampek Tawangalun V. Semono uga bab aran Bhre Wirabhumi, sing mung siji anane. Lan wilayah Belambangan iku sing mung sakwates Banyuwangi bain, naming gadug nyang Puger-Jember, Lumajang, Panarukan lan Probolinggo.
   Rata-rata pemahaman sejarah hang dipercaya uwong-uwong Banyuwangi saiki iki yaiku gok pungkase perjuwangan Belambangan ngelawan kompeni yaiku kala Rempeg Jagapati kalah perang lan uwong-uwong Belambangan ditumpes kelor ring tentara kompeni ring taun 1773-1774, sampek Mas Alit dimunggahaken dadi bupati kawitan nyang pemerintah Welanda.
    “Alihe, magih ana sak usinge limolas aran hang ngelawan penjajah sak uwise taun iku,” ujare Mas Aji.
   Dadi aja maning nggawe rujukan cerita janger kadhung ngomongaken sejarah, ya?

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor