Semanggi Sambel Sere

Hani Z. Noor (dipublikasikan pada Sabtu, 11 Juli 2020 08:47 WIB)
- Kuliner



Salah sijine panganan ring Banyuwangi hang paceke digoleti yaiku semanggi. Mula wis anjerah ring Banyuwangi hang aran Semanggi Sambel Sere.
Ndileng semanggine hang iju seger, aju sambele hang pedhes kecut, aja takon rasane, seru indhule.

Ring kutha Banyuwangi ana pisan hang ngewani semanggi iki dienggo njangkepi Sega Cawuk utawa Sega Janganan, naming akeh hang dhemen mangan semanggi ya mung dienggo amik-amikan.

Ring kampung- kampung uga ring pasar kutha, ana hang adol panganan iki kelawan disuwun melibeng ring kampung-kampung, naming ana pisan hang manggon ambi dodolan panganan liyane.

Ring Banyuwangi, semanggi mentak ya ana pisan hang adol ring pasar, sing kaya ring kutha liya, Surabaya umpamane. Masiyatah ring Surabaya ya wis kesuwur pisan panganan Semanggi Surabaya, naming sing gampang golet wong dodol semanggi mentak ring pasar.

Paran hang mbedakaken semanggi Banyuwangi lan Surabaya?

Kadhung ring Surabaya, semanggine rada garing lan sambele nganggo sambel sabrang, ana hang campur kacang brol. 

Kadhung ring Banyuwangi mula has semanggine iju seger, sambele nganggo sambel sere, hang ragine nganggo rajangan sere lan belimbing wuluh.
Mulane, kadhung kanggone wong Banyuwangi hang ngumbara, panganan iki seru dadi amik-amikan hang digoleti tepak mulih ngetan.

Kelendi carane olah Semanggi Sambel Sere iki?

Resep Semanggi Sambel Sere

Semanggi digodhog ring banyu gemulak hang wis dicemplungi uyah ambi gula (makene matenge tetep katon ijo), kadhung wis alum mateng lan kelire ijo seger, aju dientas lan disiram banyu adhem makene kelire tetep katon ayu. Ana pisan hang dhemen semanggine dikukus.

Sambel Sere

Ragine:
lobok litik lima sampek pitu
Terasi setengah sendhok teh
Uyah sak jumput
Gula abang rong iris
Gula pasir sak jumput
Sere rong lonjor hang dijuwut empol putihe dirajang rada tipis
Belimbing wuluh telu sampek lima

Pedhes, manis lan asine bisa bain sukake hang olah ya!

Carane:
Lobok, terasi, uyah, gula abang, gula pasir digerus kaya nggawe sambel biyasah, aju ditambahi rajangan sere ambi irisan belimbing wuluh lan digerus sing sepira alus.

Ana hang dhemen pisan nganggo ranti, ana hang lobok rantine dialup-alupi ring lenga panas utawa digodhog sulung.
Hang mesthi ana ya belimbing sere, arane bain Sambel Sere, iya ra?

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf