Semi, Gandrung Wadon Kawitan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 03 Februari 2025 10:34 WIB)
- Tokoh

Gandrung Semi Gandrung Wadon Kawitan
Ditulis ring Eko Budi Setianto
Miturut cathetan sejarah, gandrung wadon kawitan hang ana ring Banyuwangi arane Semi, anake Embah Raminah teka Desa Cungking. Jare Embah Raminah hang nyeritakaken riwayate Semi nyang penulis teka Landa, Joh. Scholte (Gandroeng van Banjoewangi – 1926)
Kawitane Semi dadi gandrung iku merga ana nadar teka emake. Diceritakaken, kala magih umur 10 taunan Semi keneng penyakit hang sara digoleti tambane. Kabeh cara wis dilakoni, naming Semi tetep sing gelem aron. Merga iku, Embah Raminah hang ning tulisane Joh. Scholte diarani ‘Mak Midah’, aju ngucap nadar: “Kadhung Sira mari, Sun dadekaken Seblang, kadhung sing mari ya using.”
Gedigu unine nadare. Embah Raminah diceluk Mak Midah merga anak penggarepe arane Midah. Semi hang dinadari iku aju bisa aron. Kanggo netepi nadare iku, Mak Midah aju ngongkon Semi nyerot weleke menyan hang melkudhuk teka pedupan.
Sekala iku Semi kaya wong kejimen, aju jugedan kaya dene jugedane Seblang. Sakwetara iku, gendhing-gendhing; Seblang Lukinta, Cengkir Gadhing, Padha Nonton hang digendhingaken Mak Midah ambi keluwargane, nggarai Semi saya ndadi jugedan nong ngarep umahe.
Sak mareke nyeblang iku, Semi aju diajari njuged gandrung kaya hang dijugedaken ambi Pak Marsan, gandrung lanang hang kesuwur kala iku. Ya sakat iku, miturut ceritane, kesenian gandrung terus dijugedaken ambi wong wadon sampek seperene iki.
Semi hang sing ana umur tanggal 7 Oktober 1970 iku aju kesuwur minangka gandrung wadon kawitan ring Banyuwangi. Kadhung miloni cathetan silsilah keluwarga hang diparoti ambi Pak Sumarto, salah siji putune Embah Semi, dijelasaken, Embah Raminah (asal Semarang) hang dikawin ambi Pak Midin (asal Ponorogo) – karo-karone pendhudhuk Desa Cungking – iku duwe anak 8, wadone 5 lan lanange 3. Anake hang penggarep arane Midah, aju Semi, Kulbahari, Suyati, Kalidjo, Misti, Mustadjab lan Miyati. Kaya hang tau diceritakaken ambi ruwahe Sumarto nyang penulis, iyane diuweni weruh ngenani silsilah keluwargane iku langsung teka ruwahe bapake. Jare Sumarto, teka anak-anak wadone Embah Raminah lan Pak Midin iku hang sing tau dadi gandrung mung Midah.
Sakmarine Semi, adhik-adhike hang dadi gandrung yaiku Suyati, Misti lan Miyati. Semi hang kawin ambi Sutomo, duwe anak akehe 14. Wadone enem lanange wolu. Anak-anake Semi yaiku Sutrani, Suwoto, Sutiyah, Sunar, Sumo, Sudiyo, Ngadiyo, Djumhar, Djuri, Supatiyah, Supadeni, Suwati, Suwanah, lan Suwari. Teka anak-anak wadone Semi hang akehe enem iku hang dadi gandrung mung Suwanah. Sakliyane Suwanah, keponakane Semi hang uga milu nggandrung yaiku Sutinah (anake Midah) lan Sundari (anake Suyati). Dene putuputune Semi hang dadi gandrung akehe enem, yaiku Suhaemah lan Sudartik (anake Ngadiyo), Suprapti, Armulik/Lilik, Wiwik Sumartini (anake Djumhar), lan Sumarmi (anake Djuri).
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Buku Isun Gandrung
Editor: Hani Z. Noor