Seminggu Buku Using: Sewelas Taun

Nur Holipah (dipublikasikan pada Kamis, 04 September 2025 07:01 WIB)
- Opini



Kadhung bengen taun 2013 sing milu lomba nulis lan nganggit cerita cendhek ngawiti njumbule Novel Dwibahasa Nawi BKL Inah, paling saiki iki ya nana hang bisa sun cageraken kanggone cekelan gok kudu duwe tinggalan. Ana hang ngomong gok urip iku urub. Yong jare peribahasa ‘Gajah mati meninggalkan gading, harimau mati meninggalkan belang’. Mbisuk dhung sampek umur gena sing kari aran. (Setemene rada wedi nulis gedigi, taping muga-muga kabeh diweni dawa umur lan manpaat, Amin).

Ulan Oktober 2024, maune mung selabar nyang Pak Yusup Khoiri nakokaken fasilitas  layanan Pusaka Banyuwangi (Pusat Penerbitan Karya Lokal) hang disedhiyani Dinas Perpustakaan lan Kearsipan Kabupaten Banyuwangi. Merga kepingin ndadekaken siji cerita-cerita hang leleran, gena bisa digoleti kelawan liwat njero kawat (daring). Pungkasane, merambat lan gadug nyetak buku, uga ngedumaken nyang sekolahan panggonisun bengene sinau. Polane kanggonisun enakan maca lan nyekel wujud bukune timbang kudu maca liwat HP lan liyane.

Kelumpuk-kelumpuk cerita hang wis ketulis sakat buru-buru lulus SMK (2013) sampek 2024, nyatane ana pitulas judhul cerita nung buku Sewelas Taun. Wis sunsaring lan sunpilihi endi bain hang dikatutaken. Antarane: (1) Sega Liwet; (2) Iwak Sapi; (3) Omonge Tangga; (4) Salah Donga; (5) Wurung Warang; (6) Mulih Selawase; (7) Katon-Katonen; (8) Dijaluk; (9) Getap; (10) Gati; (11) Tsabit, Anakisun; (12) Titip Tuku Sawi; (13) Endhog Sak Petarangan Hing Padha; (14) Sereg; (15) Yung; (16) Ring Capahe Apak; lan (17) Kakik

Masiya cerita apen-apen (fiktif), pitulas cerita iku akeh-akehe diangkati kelawan kedadeyan nyata hang sun alami. Mulane seja hing sun selimuraken aran-aran aseline. Ketang seru kepingine ndadekaken wong-wong hang ana ring uripisun, melebu nyang buku.

Sega Liwet (2016) setemene tau sun pilokaken lomba Penerbit Interlude Jogja, wis dadi buku ring Sekaring Pasamuwan bareng ambi cerita liyane dialek Banyumasan, Using lan Cirebonan. Iwak Sapi lan Omonge Tangga (2017), sun tulis ring taun hang nengeri pungkase sinau ring tanah Malang kana. Salah Donga (2018), kanggo ngenget-enget kedadeyan 2012 bangete magih SMK. Katon-Katonen lan Dijaluk (2019), sun tulis nepaki anyare ali-ali melungeri deriji. Tsabit Anakisun lan Titip Tuku Sawi sun tulis 2021, sun tulis pas wis umah-umah. Bangete nggendong kala-kala katon-katonen jaman urip ring kost, kuliyah. Getap sun tulis wayah anter-antere korona, lakone lare lanang umur-umuran pitung taunan hang wedian. Cerita Getap iki mestine cocog diwaca kanggo lare umur sakmunu. Siji engkas hang bisa diwaca kanggo lare SD, Sereg (2024). Husus Wurung Warang & Mulih Selawase (2018), Gati (2020), Yung (2024) lan Kakik (2024) rada nelangsa sun tulis ngenget-enget anang lan embah hang wis sampek umur. Dene Endhog Sak Petaranagn Hing Padha lan Ring Capahe Apak (2024), itungane ya anyar iki sun tulis, merga seperene emeh umur telung puluh taun—wis dadi rabine uwong lan emak anak siji—seru kepingine balik nyang jamane ‘dadi anak’.

Nekadi kepingin duwe buku hang ana aranisun lan ana potrekisun ring lembar sakdurunge samak mburi, kelakon temenan. Gena saya kerumat, Sewelas Taun ring ulan Pebruari 2025 sabene hun dumaken nyang sekolahan panggonisun sinau: SDN 1 Giri, MTsN 1 Banyuwangi, uga SMKN 1 Banyuwangi. Masiya mung nguweni loro ndhil, taping isun yakin gok Sewelas Taun bisa ditemu lan manpaat kanggo sapa-sapa. Yong buku mesti ketemu nyang jodho pembacanya.

Keri lan kemeremet deriji seperene tetep nulis kabeh cerita jaman cilik versi isun hang kelairan sangangpuluh lima. Ngerumat Sewelas Taun iki kanggonisun padha ambi ngerumati Basa Using.

Kanggone nyelameti Sewelas Taun, Sabtu kisuk 6 September 2025 ayo padha nyang Nidom Coffee Station Jl. HOS Cokroaminoto Nomer 71, Cungking. Ana rong buku Sewelas Taun, kanggone sapa hang ‘ketiban sampur’. Kecaruk nung kana ya!

Nur Holipah

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen Pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf