(Seminggu Ngomongaken Boom Bengen) Boom Jaman Regentschap
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 07 Agustus 2025 07:30 WIB)
- Opini
Banyuwangi jaman Regentschap (jaman penjajahan Landa), kapan kepingin nyang Boom, kudu nunggang dhongkar, merga ning Boom akeh manol hang nepak gedhang nyang kapal Cunia, digawa nyang kapal gedhi hang mandheg ning tengahe segara.
Gedhang-gedhang iku diuwot sepur, melebu nang pelabuhan dideleh nyang gudhang. Hang uwis mateng, dibuwang nyang dalan, dijuwuti manol lan lare-lare. Sak nalika iku Banyuwangi diarani Kota Pisang.
Hang diwedeni lare-lare dudu mung manol hang dhemen nguwel, taping uwong Bugis hang kelambiyan sak enake dhewek. Lanang wadon kemul-kemul sarung.
Kapal Cunia lan perahu uwong Bugis, padha dirik ning pinggire Boom Meneng ngarepe gudhang. Hang ning pinggire Boom Ombak, mung kapal gedhi ning tengahe segara.
Kapal bout hang ning ngarepe kantor Sahbandar, husus kanggo uwong-uwong hang nyang Bali. Umume uwong-uwong Bali lan lare-lare Bali hang sekolah ning tanah Jawa. Aju uwong-uwong Banyuwangi hang karep nyang Bali, nunggang perahu katir. Cepet lan enak, milu lakune arus lan angin.
Ning Kampung Mandar, pinggire Boom Meneng, ana Gudhang Kapuk, nerima kiriman teka kapal, bal-balan akehe. Adhep-adhepan ambi Gudhang Kapuk iku, ana panggonan uwong-uwong nakal, ngedhang manol lan uwong Bugis, hang mulih lan hang melaku-melaku soren.
Aran Gudhang Kapuk, dadi unen-unen hang sing enak dirungokaken kuping, yaiku panggonane uwong lanang mampir lan ngaso. Hang aran gudhang ning Banyuwangi, duwe unen-unen hang sing enak kanggo kahanan kutha. Merga ana maning Gudang Kopra ning Tukang Kayu hang nampung kopra, meh padha karepe ambi Gudhang Kapuk, anane panggonan lare wadon nakal kaya ring Gudhang Kapuk.
Saben soren, uwong-uwong wadon mau nunggang dhongkar keliling kutha puter kayun. Pamer awake, pupuran, celakan, lipenan, nganggo kebaya, gelungan gedhi-gedhi. Mung dhongkare sing akeh lan dawa kaya puter kayun lebaran.
Kutha Banyuwangi katon rame, raina bengi, kadhung wis meh lebaran. Lebaran ring Banyuwangi suwine bisa pitung dina pitung bengi.Wong-wong ambyak-ambyakan menganan nung Boom, nunggang dhongkar. Sak durunge dianakaken Puter Kayun sak ubenge kutha. Mulaine ring terminal dhongkar ring ngarep bioskop Srikandi (bioskop Sampurna sandhinge Masjid Jamik) ngalor sampek perapatan Lateng, meliguk nganan sampek Kampung Mandar, aju ngiwa nang Boom, utawa belok nengen nyang setapsiyun, lan ngulonaken maning sampek perliman, aju mandheg ring bioskop Srikandi.
Saktemene Puter Kayun ring dina lebaran iku, hang ngawiti para ambtenar Landa lan rabine. Aju ditiru ambi wong-wong sugih lan sak teruse dipiloni ambi wong-wong akeh, dadi teradhisi. Kadhung ndileng dalan hang diliwati, emeh padha ambi dalanan karnaval jaman saiki. Puter Kayun dikawiti teka ring ngarepe masjid lan dipungkasi ring ngarep bioskop Srikandi. Naming saiki, pawai dikawiti teka bekas kuburan Landa hang medeni (saiki kantor camat Banyuwangi), lan dipungkasi ring benteng VOC hang saiki dadi Gedung Wanita Paramita Kencana.
(Hasnan Singodimayan)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Enam Mata Tentang Banyuwangi