(Seminggu Ngomongaken Boom Bengen) Boom Meneng lan Gudhang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 04 Agustus 2025 07:57 WIB)
- Opini



(Seminggu Ngomongaken Boom Bengen)

Ater-ater: Seminggu mengarep, belambangan.com arep nguwot tulisan-tulisan hang nyeritakaken kahanan Boom jaman bengen. Gudhang-gudhange, ril sepur, area mburine Kodim, terminal penumpang Perpelin kanggo hang arep menyang Bali lan liyane. Tulisan juger-juger sejarah Boom iki disiyapaken ring Pak Abdul Hamid, wong Panderejo hang saiki manggon ring Jakarta.
 
Boom Meneng lan Gudhang

Kadhung jaman taun seketan boom bunder hang diubengi panggonan ndharate kapal iku diceluki "boom meneng", hang selat Bali iku diarani "boom ombak".
   Boom meneng (merga banyune hing patiya akeh kecipake ombak-red) iku embung ketemune boom ombak (asin) ambi bungkasane (hilir) Kali Lo (banyu tawa) hang nyigar kutha Banyuwangi.
   Jaman taun 1935-45 kapal-kapal pendharat (jenis LCM) bisa melebu sampek sebelahe kampung Mandar.
   Hang magih hun enget tulisan Landa "handelmaatschappij" ning dalan melebu boom bengen (wetane sithik sasak wesi, jembatan awal masuk Boom, akeh hang ngarani Sasak Cikar-red), gedhung keker akeh teralise. Hun goleti ning kamus, artine "perusahaan perdagangan". Cumpune iku cikal bakal salah sijine bank BUMN hang ana saiki.
   Isun enget, ring sakubengane Handelsbank iku temboke direngga nganggo watu-watu cilik. Akeh wedhus ngesreg boyok lan wetenge ning tembok iku.
   Ning pertelon Aniem (PLN) pinggir kidul ana handelsbank  maatschappij maning, cikal bakale BUMN ex Bank Ekspor Impor, saiki wis nana (dadi salah sijine bank hang dilebur dadi Bank Mandiri-red).
   Ana maning bank Landa ning Mojoroto (kulone setadhiyon Diponegoro)
Banyuwangi  yaiku Bank Koperasi Tani dan Nelayan (BKTN).
   Pitudhuh kala semono kutha Banyuwangi ana telu bank gedhi duwene pemerintah, nduduhaken gok Banyuwangi wis dadi kutha perdagangan utama Landa.
   Hing maido, kutha iki taun 1940an kelebu kutha hang diserang Jepang.

 
Sekitar Boom Meneng 1950an.

   Cerita Boom Meneng, akeh-akehe area pergudhangan (kidul lan kulon, area kantor pemerintah kelebu terminal penumpang (wetan ambi bucu wetan lor) ambi area penambatan kapal sak ubengane Boom bagiyan njero, uga dermaga-dermaga kayu dawane 15 meter ring sakubengane Boom Meneng dienggo sangkletane dhadhunge perahu lan kapal-kapal hang nyandhar, kabeh diecet cemeng.
   Kapal-kapal lan perahu kabeh hing ana mesine. Dermaga iku uga panggonane wong mancing iwak-iwak cilik.
   Pergudhangan pinggir kidul iku bangunan-bangunan tembok Landa, jejer sak dawane pinggir dalan. Gudhang-gudhang iki umume kanggo nampung kopra lan bungkil.
  Kopra metu gudhang langsung diwot kapal hang mandheg ring banyu kira-kira 25 meteran. Hang bakal diekspor nang Eropa/Australia melebu kapal tongkang Landa Esser standar Eropa, aju digawa nang tengah laut Boom Ombak, muatan dioper nang kapal internasional.

   Akeh manol-manole hang megawe ring kono teka dhaerah Gunung Ijen. Kadhung wayah hing ana pegaweyan, dhemen kemulan sarung.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor