(Seminggu Ngomongaken Boom Bengen) Mungsing Melebu Boom
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 05 Agustus 2025 07:04 WIB)
- Opini
(Seminggu Ngomongaken Boom Bengen)
Mungsing Melebu Boom
Ditulis ring Abdul Hamid
Ring pinggire Boom Meneng, akeh gudhang-gudhang hang nyimpen kopra lan barang liyane.
Kopra dikirim teka Celebes (Sulawesi), Ambon lan Jawa. Pergudhangan pinggir kidul sampek saiki magih ana.
Komplek gudhang pinggir kulon kanggo barang-barang umum hang sipate garing kelebu bako, panganan lan ombenan PD (provisien en dranken).
Bida ambi gudhang pinggir kidul, gudhang-gudhang pinggir kulon, ukurane gedhi temenan, dhuwure 10 meteran, nganggo konstruksi wesi, tutup gentheng lan pinggire nganggo seng gelumbang. Lawange digeser kiwa tengen liwat ril.
Gudhang-gudhang seng iku sak ingetisun ana arane, Soponjono Veem, Windoe Kentjono Veem, Doelhadji Veem lan liyane. (Veem iku basa Landa artine gudhang).
Pinggir wetan Boom Meneng, pareke Boom Ombak isine kantor pemerintah ngurusi cuaca lan douane (bea cukai), uga ngurusi munggah mudhune penumpang (resmi nganggo karcis) jurusan Gilimanuk hang diupakara ambi PN Perpelin.
Akeh-akehe pegawe ning boom iku kuli manol, hang bandha tenaga thok.
Manol-manol iku dhemen serungkuban sarung kadhung tepak hing ana pegaweyan. Akeh-akehe teka dataran tinggi Ijen.
Turune sak dalan-dalan sekitar Boom, tapi hing bisa hubungan ambi non-koeli merga ana Serikat Koeli.
Dene manol-manol hang teka Buton hing netep, digawa mara mulih nang Buton kadhung urusan kapale wis marek.
Pinggir pesisir Boom Ombak hing pati ana wong merga panas. Palingan ana wong nekat ngelangi nang pelampung atawa kapal asing.
Iwak mungsing hang diwedeni wong kadhangane melebu banyu Boom Meneng, malah tau sampek minggir nang banyu tawa sekitar kampung Mandar sampek ring sasak sepur.
NV Mexolie (NV iku singkatan teka naamloze vennootschap= PT perseroan terbatas) ulih pasokan kopra ya teka gudhang-gudhang iku, panggonane parek-parekan.
Ning Bengkalingan (Jl. Kertosari) ana pabrik lenga keletik Hoo Gwan, hurupe gedi ditulis ning serotonge. Pabrik iki uga njuwut koprane teka Boom. Tepak ana keputusan pemerintah ngganti kabeh aran Cina aju Hoo Gwan dadi PT Naga Bulan.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.