(Seminggu Ngomongaken Boom Bengen) Sak Ubengane Kodim

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 06 Agustus 2025 06:30 WIB)
- Opini



(Seminggu Ngomongaken Boom Bengen) Sak Ubengane KODIM
Ditulis ring Abdul Hamid


Sekitar Kodim bengen anane mung suket ijo, wera, dimanpaataken ambi tukang dobi kanggo mepe kumbahan putih. Dadi sak werane padhang suket iku dadi panggonan mepe lemek kasur putih ambi penganggo-penganggo putih ambi wong kampung Melayu lan Mandar. Ana keyakinan dipepe ndhuwure suket (dikelanthang) kaine saya putih.
   Kadhung mburine Kodim ana dalan sepur gedhe wujude segitelu kanggo endhase sepur nggerit (nguwalik awake sepur = atret), hang maune ngadhep ngalor supaya madhep nang Jember.
   Sampek kira-kira taun 1965 mburine (wetane) Kodim ana ril sepur-gedhi wujude segitelu. Dilengen hurup C abang nong gambar. Garis abang iku jalur sepur teka A ngalor ngetan nuju B (pinggir pisisir Boom Ombak), titik bungkasan ril teka pucuk kulon lan pucuk wetan pulau Jawa. Pas pucuk wetan iku ana pabrik lenga keletik (minyak goreng bahan kelapa/kopra) arane NV MEXOLIE, tepak jaman pemerintahan RI dinasionalisasi arane diganti PN Nabati Yasa. Sekitar pabrik akeh gerbong-gerbong tangki lenga keletik kanggo ngirim nang Surabaya sampek Jakarta lewat ril.
   Sebagiyan bahan dhasar lenga yaiku kopra disimpen nang gudhang-gudhang kopra parek Boom Meneng (sampek saiki gudhang-gudhang iku magih ana ning Boom Meneng pinggir kidul, dipugar ambi Pemda Banyuwangi). Tapi wangune Mexolie iku wis gemet.
   Nong lokasi C, mburine Kodim ana ril sepur wujude segi telu, kanggo mbalik langsir lokomotip endhase sepur supaya madhep ngidul maning.
   Jaman sakmono sekitar ril sepur (garis abang ABC) iku, kosong hing ana pendhudhuk, saiki musthine ya wis padhet lan akeh dalan aspal.
   Sasak sepur iku mau, hing mbujur sak wesi, 30 meter, tapi rong tugel sasak, disambung beton ning tengah.
   Kelebu mburine Kodim, sedurunge gadug B garis abang, ana sasak sepur, dawane kira-kira 30 meter, hing ana adhang-adhangane lan hing ana lembaran sirap kanggo wong nyabrang, dadi kudu melencat-mélencat balok jati bantalane ril. Kanggo umurisun waktu iku cukup adoh (emeh sak meter).
   Mangkane iku kadhung lare lanang wis bisa nyabrang sasak sepur iku dianggep wanen. Ning ngingsore sasak suwarane banyu tawa muwara Kali Lo rungu deres lan jeru, medeni. Jare, akeh bajule, maklum muwara kali akeh endhute.
   Nah pas ring beton tugelan tengah iku panggonanisun (umur 10an) sengidan belajar ududan dhewekan ning ngingsore ril. Rokoke rokok putih (dudu kelobot) merek Commodore lan rokok cengkeh cap Gerèndèl.
   Sekali ududan isun sampek rong jam entek 7 lencer ambi posisi "akesi" mendho-mendho lakone pilem barat. Lambe kerasa kobong. Udude tuku nganggo picis celengan.
   Kadhung ketemon rokokan rungu kakangisun Amin, isun wedi diuwel. Tapi kang Amin hing sampek meriksa nang sasak sepur boom. Kadohen.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor