Seni Budaya Indonesia Ring Hongkong Mangsa Pageblug

Tirto Arum (dipublikasikan pada Selasa, 22 Desember 2020 05:31 WIB)
- Opini



Ngawiti musim bedhidhing (Musim Dingin) ring ulan Desember, ring sak njerone pageblug hang ngelantar sak donya, nggawe rakyat ngingsoran mikir jeru merga pageblug iki wis lebih setaun ring Hongkong.

Saya suwi saya akeh pengangguran merga pemerintah Hongkong nyuda maning papat anggota parlemen. Kelendi ring Indonesia dhewek? Aju kelendi nasibe buruh migran, mangka pengangguran wong kene dhewek saya munggah seru? Kahanan iki saya sesehan merga ring mangsa hang kudune kene bareng-bareng nggendhong indhit ngelawan pageblug iki malah ana wong-wong hang manpaataken kesempatan kanggo ngenthit picise rakyat melebu nong kanthonge dhewek, ngatasnamakaken covid. Temenan, kahanan digi iki nggarahi kene mung bisa metek dhadha.
Minggu tanggal enem Desember sore, semilire angin adhem nerak awak-awak iki. Cuwaca Hongkong cukup nggawe stamina milu mudhun pisan. Telulas derajat wis cukup nggawe awak iki lara masuk angin lan njelu sampek nong belung. Malah kerep kulit pecah-pecah lan bacot mimisen. Naming kahanan iku hing nggawe surude jangkah para buruh migran kanggo silaturahim nyang dulur-dulure lan kanca-kanca sak perjuwangan kelawan ngganggo jaket hang kandel hang temepel nong awak. Gedigu pisan para buruh migran kaya awak-awak iki para pelaku seni. Masiya hawane njelu seru kene magih semangat kanggo latihan ring tegalan suket Taman Victoria. Ring kana kene ana petugas teka kepolisian, imigrasi sampek satpam seliweran kanggo ngengetaken njaga jarak paling using semeter setengah lan diwatesi mung wong loro hang ulih ngumpul.

Pemerintah Hongkong uga wis netepaken dendha hang akeh, kira-kira selawe ewu dolar (45 juta rupiah) kanggo sapa bain hang ngelanggar aturan, kumpul lebih teka wong loro lan hing nganggo topong (masker).

Musik senam aerobik, seni tari gandrung, jaranan lan punjari mangkat muni maning ring sepeker-sepeker. Suwara gemerincinge gongseng kecaruk ubahe awak lan sampur iki malah dadi perhatiane jurnalis TVB Hongkong. 
Mangsa pageblug hang medeni iki hing nggawe surud niyate awak-awak iki kanggo nguri-uri budaya Indonesia. Kene tetep jejeg njaga ring sela-selane wektu hang mung sithik. Kene milu mongkog bisa ngibaraken panji-panji seni lan budaya Indonesia ring negeri tembok iki, kelawan adat istiadat, basa lan kesenian hang maneka werna teka Sabang sampek Merauke hang mesthi nduduhaken tampilan eksotike. Kaendahan panggonan kelenceran lan kulinere milu ngewani andil kanggo ngenalaken wisata ring wong sak donya.

Taping tepak donya kesereb keneng covid iki kaya-kaya nduduhaken gok donya iki saya tuwek, mung iman hang kuwat hang bisa mbentengi awak. Kene iki, para buruh migran mesthi megawe lan berjuwang sak kuwate kanggo ngenalaken seni budaya ring negara manca. Semangat minangka srikandi Indonesia hing tau uwah sithika masiya ana lesus hang nerjang Hongkong lan donya iki.  

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum

Editor: Hani Z. Noor