Sepuluh Taun Sakwise Dadi Modhel Samak Buku Markas Ketelon
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 08 Februari 2024 07:56 WIB)
- Tokoh

Tepak Paguyuban Sengker Kuwung Belambangan (SKB) nyiyapaken samak dienggo buku Markas Ketelon taun 2014, tukang desaine, Kang Taufiq Shaleh, golet poto modhele ring sekolah SD Lateng.
Kepilih lare telu hang pawakane emeh padha ambi karakter ring cerita Markas Ketelon: Danu pawakane sedheng, rambute rada kerinting kaya Nawi, Raul, keceng, cilik rambute gundhul kaya Osok lan Andre awake gedhi kaya Ahim. Lalare iku magih kelas lima tepak dadi modhel.
Ring taun 2014, buku iku ya tau dicetak akeh, dibandhani ambi Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi Pusat) megawe bareng SKB lan diedum ring sekolah-sekolah sak Banyuwangi.
Buku hang nyeritakaken tingkah polahe lare Banyuwangi iku, taun 2021 hak terjemahan Basa Indonesiane dituku ring Balai Bahasa Jawa Timur lan diterbitaken kelawan judhul Markas Tiga Petualang hang dialihbasa ambi Nur Holipah.
Wektu hing kerasa, mbelayu ngetepeng mara-mara, Danu hang bengen magih kelas lima, tepak dadi modhele samak buku iku, saiki wis semester telu kuliyah ring Unikom (Universitas Komputer) Bandung. Mula cita-citane dadi web developer utawa wong hang nggawe web. Danu, hang aran jangkepe Prawira Danu Kusuma, saiki wis hing patiya lanyah basa Usinge. Hing maido, polae sakat lulus SD, iyane mondhok ring Mojokerto. SMP lan SMA dilakoni nong MBI (Madrasah Bertaraf Internasional) ring Mojokerto. Lare Banyuwangi akeh hang melebu ring kono.
Kelendi kabare Raul lan Andre kancane sekolah bengen? "Kula kalih lalare alumni SD kelangan kontak sakat lulus niku."
Sak kancaan mondhok, mung iyane hang melebu Universitas Komputer. Kanca-kanca pondhokan liyane ning Bandung melebu ring ITB, Unpad, utawa UPI.
Merga wong tuweke manggon ring perumahan Griya Giri Mulya, Klatak, saben enem ulan iyane mulih ngetan.
Lare kemunjilan teka telu seduluran kelairan 2003, seru girange saben mulih, merga hang dikangeni ring Banyuwangi iku pesisire. "Teng Bandung, Mojokerto mboten enten segara." Hang paling parek ya nang Cacalan utawa pantai Solong.
Rencanane kadhung wis lulus, iyane arep golet pegaweyan ring Bandung. "Kula kepingine megawe teng Bandung. Tapi tuweke teng Banyuwangi. Banyuwangi niku yara versi sepine Bali, apik seru."
Kelendi nasibe bukune hang samake ana iyane? "Kadhung saget, Kula tumbas bukune, ane Kula digawa kanca mboten semerap nasibe."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.