Serakalan, Maca Kitab Al-Barjanji ring Ulan Mulud

Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Minggu, 17 November 2019 05:02 WIB)
- Opini



Ulan Maulud (Mulud) salah sijine ulan hang dianti-anti kanggone wong Banyuwangi, sakliyane Ulan Syawal. Ulan kelairane Nabi Muhammad SAW iki pancen wis dadi ulan hang digedhe-gedhekaken tinimbang ulan-ulan liyane. Meh saben-saben desa utawa kampung-kampung ring Banyuwangi, jenggirat anggone mapag ulan iki. Meh kabeh pada girang serta ulan Mulud teka. Ana hang mbeleh pitik, menthok ana uga hang mbeleh wedhus lan sapi. Kabeh mau diolah dadi panganan. Aju  disuguhaken anak rabine uga diteraken nyang wong-wong tuwek lan sanak kadange. Sing heran maning kadhung akeh wong hang padha ater-ater panganan nganggo rantang ring pinggir dalan.

Masjid lan langgar dirijigi, uga dilabur nganggo kapur makene saya putih lan rijig katone, mergane adat iki biyasahe manggon ana ring masjid utawa langgar. Mari gedigu dihias direnggo nganggo kertas kelar-kelir ana uga hang ditempleki spandhuk lan banner gambar-gambar unta lan gambar-gambar Mekah. Ring dina iku masyarakat Using Banyuwangi ngengeti ulan iki ambi arak-arakan judhang keliling kampung.

Serakalan ambi Sholawatan

Sakbenere serakalan asale teka Asroqol yaiku salah sijine ucapan utawa kalimah ring kitab Al-Barzanji hang aran “Maulidudiba’. Ring kana kasebut lan  digawa ring macawane, Asroqol badru Alaina artine kira-kira wis meledhung ulan ring tanggal limalasan (hang sunare bakal madhangi donya). Hang mesthine iku kabeh arupa kabar seneng merga wis lair utusan hang bakal nduduhi dalan padhang nong urip ring alam dunya lan sak teruse nong urip ring akhirat.

 Ana telung babakan serakalan ring ulan mulud. Babakan hang nomer siji hang diarani dzikiran. Ring babakan dzikiran iki diwiwiti ambi hang nggawa maca “Assalamualaik…” lan sakteruse. Ring babakan dzikiran iki Kitab Berjanji diwaca dilagoni ambi lungguh. Lagune wis diapalaken ring sak kabehe wong hang milu serakalan. Padha ambi macawan liyane. Serakalan ya ana hang nggawa lan ana hang njawab. Ring dzikiran gendhinge sing patiya pakem, sithik akeh ulih diuwah naming hang diuwah iku kudu dimupakati bareng . Mula iku lagu ring dzikiran saban desa lan saban kampung ana bedane. Ring babakan dzikiran uga ulih gawe jawaban nganggo basanan Using, kayata :

Mayo-mayo padha seba

Sebane wong pendhapa

Pendhapane kanjeng Nabi

Dzikiran selawat Nabi… ,

Kadhung jawaban hang ring njero Barzanjine kaya ngedigi:

Sholatun wataslimun

Waijekaf tahiyatin

Alamun ala illa

Hurobbusumma sholla

Hang liyane maning basanan ring Bahasa Melayu hang uga kerep digawa, umpamane:

     Numpak sepedah jangan diputar

     Kalo diputar rusak rodanya

      Anak muda belajar pintar

      Kalo pintar mahal harganya….

 

Macawan Riwayat lan Sejarah

Ring babakan nomer loro iki ana babakan macawan. Hang maca wong siji liyane ngerungokaken ambi niteni wacawane. Kadhung wis gadug ring ucapan Nabi utawa Rosul kabeh bareng njawab ambi sholawat. “Sholallahu alaiwasalam,…Salamun alaik”. Ring babakan iki hang diwaca iku bab kisah-kisah nabi. Diwiwiti ambi kisah laire Nabi Muhammad sampek uripe magih cilik sak teruse nampa wahyu kenabian. Sing lali uga riwayat keturunan Nabi Muhamad mendhuwur sampek gadug nyang Nabiyullah Ibrahim Alaihissalam.

Serta ring babakan nomer telu hang diarani Selawatan. Ring wayah iki wong-wong percaya nur Nabi Muhammad teka nyambangi wong-wong hang maca sholawat sakperlu arep nguweni syafaat nyang wong-wong hang maca sholawat. Selawatan diwaca ambi ngadeg kanggo nguweni hormat nyang nur Muhammad mauka."

Ya Nabi salam Alaika…”, gediku macane dikawiti. Ring babakan sholawatan hang maca ngadeg. Iki dikarepakaen kanggo ngurmat nyang Kanjeng Nabi ambi maca Sholawat. Kaya-kaya rohe kanjeng Nabi lan malaikat padha teka dungakaken nyang wong-wong hang maca sholawat nyang Nabi Muhammad. Mulane ring babakan iki wong-wong serakalan ngadeg ambi maca sholawat ring kitab Barzanji.

 Antarane babakan loro lan telu biyasahe ana hang ngeteraken toya arum. Toya arum awujud banyu hang dipethiki ambi kembang lan diirisi godhong pandan. Banyu aju diwadhahi nong kobokan gedhe. Banyu mau dikelilingaken nyang hang milu serakalan terus diusapaken nyang gulu utawa gorokan. Rasane adhem lan ambune wangi, dikarepaken makene bisa ngedhemaken gorokan hang arep asat. Mari gediku ana ombenan bir asem utawa wedang jeruk, utawa wedang jahe. Ombenan wedang mau diputeraken nyang sak kabehe wong hang milu serakalan.

Serakalan Jaman Saiki

Serakalan kadhung digawa kabeh dawane bisa sampek rong jam-an lebih. Naming kadang lagu sing digawa kabeh serakalan bisa gelis marine. Serakalan mari gedigu ditutup ambi donga.

Ring jaman saiki serakalan magih dilakoni ambi wong tuwek-tuwek. Sing akeh wong-wong enom hang bisa maca serakalan iki. Lare-lare enom paling bisane ya mung njawab bain, naming sing bisa nggawa. Merga lagune hang akeh maceme. Lare-lare enom saiki sing pati kuat kadhung dijak apalan lagu serakalan.

Jare Wak Syafi’i, wong Satriyan hang biyasah serakalan ring masjid iki dhung wayah muludan generasi peneruse kari mung sak trapan bain. Karepe mari Wak Syafi’i kadhung sing ana hang gelem ajar ngaji Barzanji iki, kira-kira wis sing ana maning hang bisa Serakalan. Mula iku lare-lare enom mulai diajari sithik-sithik ngajiya Barzanji iki. Iki ya sing dialami ring Masjid Satriyan bain. Ring Masjid/langgar liya ya gidiku pisan. Generasi peneruse hang enom-enom wis aras-arasen kadhung kon nyekel kitab Barzanji.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Serakalan Ring Ulan Maulud

Editor: Antariksawan Jusuf