Serbet Kerai, Arume Hing Mari-Mari
Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Januari 2020 12:17 WIB)
- Kuliner
Sapa hang sing tau weruh uwoh hang uwite nyelolor iki? Ngarepaken puwasa, anggere uwoh kerai dijaja ana ring pasar uga ring pinggir-pinggir dalan Rogojampi - Kabat - Banyuwangi. Regane ring antarane Rp. 3000 (uwoh hang cilik) sampek Rp. 20.000 (uwoh hang paling gedhi).
Kadhung wong Banyuwangi, ngarani kerai. Tandurane magih sak dulur ambi manisah, gambas, timun, labu, langkir lan liya-liyane.
Uwoh kerai hang wis mateng, paceke ambune arum. Daging uwohe seru masire, kadhung diibarataken sawi, medhuk. Kerai hang wis mateng temenan, kulite bisa melethek-melethek kelire rada semu kuning. Sasate, uwoh kerai hang daginge kandel iki, didadekaken serbet.
Sing angel lan sing akeh bandha kanggo nggawe serbet kerai. Mung perlu gula bain, kanggo nambahi rasa manis. Setemene kadhung sing kathik gula, ya wis manis. Lan sing ana ukuran akehe tambahan gulane kudu sepira. Merga bisa nurut nyang 'selera'ne dhewek-dhewek.
Kerai kari disigar dadi loro. Wijine bisa dibuang utawa dikatutaken. Daging uwohe bisa diserut utawa disendoki bain. Andohen asil serutane ring jembung. Kari diuwuri gula ring dhuwure, aja lali digalo. Kadhung dhemen cemek-cemek, lan gulane magih keretes-keretes, mari digalo kari nambahi es wungkul aju diombe. Seger!
Diandoh kulkas ya ulih tanpa digalo lan diendohi es wungkul sulung. Mergane serbet kerai bisa mbanyu kadhung digeningaken suwi. Lan ambune serbet kerai masiya wis gemet dientekaken, arume sing mari-mari.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.