Seri Basa Using Lawas: R. Binata (11-35)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 26 Desember 2023 06:04 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Binata (W71-11-35)
Ater-ater:
Sakliyane R. Soedira, ana R. Binata hang nyathet ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1929-1932. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com
ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip.
brèmbèng: (Tidak ada keterangan).
beri atau bri: Nama seorang raksasa dalam pewayangan.
bèbék salu: Kelabang besar, warnanya merah kekuningan.
ulu jalak= tulak: Corak warna bulu ayam, hitam ada putihnya.
brènjat-brènjot= lebak mendhukul: Tidak rata.
berekan dari kata berek: Bonyok, terlalu masak. Juga berarti bumbu masakan ikan.
brukbuk= empuk, untuk tanah mawug.
Tela mateng mbrukbuk (mempur), yen (kadhung) sing ana pathine masiya wis mateng arane garuh.
mborod= mberod: Minggat, pergi tanpa pamitan.
mbradhat= mbrandhal: Mengambil barang dengan cara paksa, tanpa teman.
ngémplang= ngeblak.
mbretik: Meletakkan apapun sekenanya.
buras: Corak bulu kuda, bulunya bertotol-totol hitam putih campuran.
tompok= topok.
Isun tukokena glathik pilihena kang enom lan aja tompok, kadhung tompok isun sing dhemen sebab glathik tompok iku gelis bélong.
leteng: Ludah kental orang yang makan sirih.
brusahan: Berpisah setelah beradu mulut, untuk orang yang berumah tangga.
brajag atau sungga: Jebakan yang sudah ditanami kayu lancip atau senjata tajam.
braya= sanak kadang= kulawarga: Sanak saudara.
brondhot= braya (Tetapi berkonotasi kasar).
brènjoten: Benjol di sana sini.
Isun undhuhena jeruk, pilihena kang klimis, aja kang brenjoten.
bronjong: Perangkap untuk menangkap ikan wader, dipasang di sodetan pematang sawah.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.