Seri Basa Using Lawas: R. Binata (11-5)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 11 November 2023 06:15 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Cathetane R. Binata (W71-11-5)

Ater-ater:
Sakliyane R. Soedira, ana R. Binata hang nyathet ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1929-1932. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com 
ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Ejaan liyane, kayata klapa, mlaku (hang nganggo ejaan saiki mesthine ditulis dadi kelapa, melaku) miloni naskah aseline. Conto ukarane dijuwut teka naskah aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Kayata, ana yen (mesthine kadhung), nuli (aju), mbeneri (ketepakan), klapa (kelapa) lan liya-liyane. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip.

paksi gangsingan: Terlalu banyak pakunya (?-red).

piksa (besiki)= embuh: Tidak tahu.

poh wèni: Buah yang bentuknya seperti mangga, dagingnya putih, aromanya harum seperti kwèni, banyak dari pulau Bali. Umumnya hanya disebut: wèni.

pakèl: 1. Mangga hutan.
            2. Ketiak.
Alak ambune pakel, sing kuwat sun, rasane sing tau adus-adus, mulane ambune sing karu-karuwan.
alak: Wah.
sing kuwat sun: Aku tidak betah.
sing karu-karuwan: Tidak kira-kira (Tidak enak).

bagal: Bagian awal ekor binatang.

pak pung: Nama alat musik orang Bugis (kendang kecil, katépung).
Sering dipakai lagu mainan anak-anak: pak pung, lélépak lélépung, bapake nunggang jukung, emake nggampung, teka-teka njaluk ambung.

pakem: Pohon pucung. Buahnya dinamakan kluwek atau kluwak.

pakung, iwak pakung: Sejenis ikan laut.

sakang atau slakangan: Selangkangan.

kepeder= kepiyeng: Menangis melolong.
Keneng paran lare kau, kadhung nangis kepeder-kepeder, main suwene sampek iki durung mari-mari, njaluk paran?

main suwene: Lama sekali.

pedhèt= gudèl: Anak sapi. Yang masih kecil dinamakan embèng, beranjak besar kalau jantan namanya jawèn, kalau anak kerbau, jagir.

pudhot: Duda. Sering dipakai guyonan untuk orang yang sudah berumah tangga.

Tuku kancing ulih kokot.
Golek lancing oléh pudhot.

padapa= pardapa: Nama sejenis kue yang mirip srikaya menggunakan bahan pisang.

impèn: Bunga orang tidur.

madhang: Makan (nasi).

pèthoren= kèthoren: Sejenis penyakit kulit.

banyak patra: Ukiran yang banyak motif dedaunan.

tambang petra: (Tidak ada keterangan-red).

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor