Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (1)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 08 Juni 2023 09:31 WIB)
- Kolom Bahasa Using



Catatan R. Soedira 1920 (W74-01-1)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Dene conto ukarane dijuwut teka aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek dijuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

aju: lantas.

Si Karim iku yen (kadhung-red) ana tanggane kerepotan gawe aju teka nulungi.

apen-apen: pura-pura, artinya berbohong.

Si Mustam yen (kadhung-red) dikongkon paran bae (bain-red), apen-apen lara.

abete: tampaknya

Ring tegal (alun-alun) ana wong dodol kurungane manuk berkutut abete apik-apik.

ambal-ambalan: 1. anak tangga rumah

Tukang batu iku gawe ambal-ambalan ring ngarepe umah.

                                2. bolak-balik, untuk orang yang membawa barang, yang sering keluar.

Si Umar iku ngeladeni (ngeweni mangan) dhayoh ambal-ambalan.

anter: 1. cepat, untuk menerangkan lari.

Jarane si Jaja iku pelayune anter, saben diadu beberan menang.

           2. kencang untuk menerangkan suara.

Si Naya iku yen (kadhung-red) maca (nembang) suwarane anter sarta empuk.

anyeng (anyengen): untuk menerangkan tali, dibuat kencang.

Taline layangan iku ngelanthong, anyengen supaya kenceng.

aring-aring: menerangkan orang di depan api.

Si Murtam saben isuk aring-aring ring pawon.

aperuwa: coba, artinya kepingin tahu.

Komidi cerita iku jarene rame, aperuwa isun arep ndeleng.

abane:  suaranya

Isun uni bengi rungu abane penthongan (kenthong) telu-telu.

ambekane: meskipun

Si Karta iku tomblok memengan kodhok-ula kalah sak rupiah; Isun ambekane bandha mung 5 sen menang 80 sen.

anu (anune): miliknya, berarti memperlihatkan.

Anune (kelambine) Si Surat iku kelalen ana ring sumber.

aren: nama piring tempat makan nasi, bentuknya kuwung leter (piring sop).

Si Mudah teka pasar tuku piring aren sak lusin.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : R. Soedira

Editor: Antariksawan Jusuf