Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-11)

Ater-ater:

R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.

Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Dene conto ukarane dijuwut teka aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.

kepejeng=kepiyeng:

1. Kepiyeng=kepijer, tertawa sampai perut terasa kaku.

Si Dasiman nonton ludrug, ulihe gemuyu sampek kepiyeng.

2. kepiyeng untuk bayi menangis tanpa henti.

Bayi iku yen (kadhung-red) nangis sampek kepiyeng awit (merga-red) ulihe ngedusi kesuwen.

kesereb: jatuh tertelungkup.

Lare iku mudhun teka ring ambal-ambalan ngarepe umah tiba kesereb.

ketemus: sosis, itu nama lauk yang menggunakan usus sapi.

Si emak menyang pasar tuku ketemus.

kiling: baling-baling, nama permainan yang kalau tertiup angin bisa berputar dan mengeluarkan bunyi, dibikin dari bambu kering atau kayu timaha.

Si Yunan iku gawe killing kayu timaha.

kemejut=kemesut: kaget, untuk menerangkan hati yang berdebar-debar.

Isun sore nyang pasar, ana ring tengah dalan meh diterak motor atinisun sampek kemesut.

keduk: ijuk, nama bagian dari pohon aren, warnanya hitam seperti rambut, bisa dipakai untuk sapu, tambang dan lain-lain.

Ngadiman nyang alas ngamet keduk.

kemunjilan: ragil, anak yang terakhir.

Si Mariyam iku anake mung 5 (1,2,3,4,5) kang no. 5 iku diarani lare kemunjilan.

ketinggulan: tertutupi, yaitu penglihatan yang tertutup (terhalang-red) barang yang lain.

Isun ana ring kebonan rungu ana suwarane kapal udhara liwat, nanging (naming-red) sun deleng-deleng sing ana katon, awit (merga-red) ketinggulan wit-wit klapa.

kening: bening, untuk air yang bersih.

Banyu saringan iku kening.

klethek: nama kerupuk kulit sapi (kerbau).

Si emak nggoreng kerupuk klethek rasane gurih.