Seri Basa Using Lawas: R. Soedira (2)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 09 Juni 2023 08:25 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-2)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Dene conto ukarane dijuwut teka aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
ancik-ancikan: bersetubuh, menerangkan orang laki-laki yang menunggangi orang perempuan.
Umah germa iku panggonane wong ancik-ancikan.
amet (ngamet): mengambil
Si Dul iku amet rambanan (godhong waru, dhadhap lan santen) kanggo pakanane wedhus.
angleng (bungeng): menerangkan pikiran yang bingung.
Pak Sanah iku ngomong, sakat mari ngawinaken (mantu), ngerasakaken utang lajur angleng.
akas: cepat, untuk menerangkan orang berjalan.
Si Samud iku yen (kadhung-red) melaku akas, mulane yen dikongkon gelis teka.
irig-irig: alat untuk menyaring pasir. Irig itu dibikin dari bamboo yang dianyam jarang-jarang, bentuknya bundar kuwung seperti welasah (tenong).
isun: aku.
Isun dina iki arep nyang sawah.
iyak: iya.
Si Karim iku yen (kadhung-red) ditakoni, apa arep nyang sawah? Jawabane: iyak.
uni (uni bengi): tadi malam.
Si Karta uni bengi nganggap gandrung.
using: tidak.
Si Kasan iku jenek umah, using gelem kelenceran.
uwel (nguwel): omel
Pak Hari iku nguwel lare memengan ring ngarep umahe.
uter (nguter): memindahkan tanaman.
Si Karman iku nguter peletikan (thukulan) poh gadhung.
usan (uson): gorengan usus sapi atau kerbau.
Si Dul tuku sega iwak uson.
nulek (welek): asap.
Ing kidul ika ana nulek kari akeh, nawi tebu kobong.
hudhek (udhek-red): menerangkan kambing yang beradu kepala.
Isun mari ndeleng wedhus hudhek.
hewer (ewer-red): lucu, meneragkan orang yang tingkah laku dan omongannya mengundang tawa.
Badhut komidi setambul iku hewer, mulane saben bengi akeh wong nonton.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : R. Soedira
Editor: Antariksawan Jusuf