Seri Basa Using Lawas: R.Soedira (6)
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 Juni 2023 09:14 WIB)
- Kolom Bahasa Using
Cathetane R. Soedira 1920 (W74-01-6)
Ater-ater:
R. Soedira nulis ucap-ucap basa Using pirangane jilid taun 1920. Aju, makene bisa diwaca wong akeh, belambangan.com ngetokaken isine sithik-sithik.
Ejaan lan keterangan wis ngeliwati proses suntingan. Umpamane: oe dadi u, tj dadi c, dj dadi j, j dadi y, awalan h dadi ilang. Keterangane teka basa Jawa dadi basa Indonesia. Tandha titik ring ngingsore ukara d/t dadi dh/th. Keterangan kr (krama) dadi besiki. Dene conto ukarane dijuwut teka aseline, mulane magih kecampur basa Jawa sithik. Urutan ucape plek ketiplek njuwut teka manuskrip hang ana 10 jilid.
coret: korek api, alat untuk nyolok (menyalakan-red) rokok atau lainnya.
Si Karta tuku coret kanggo ngobong dheket (romot).
cara: 1. Cara=coro nama hewan, warnanya merah kehitaman, sering ditemukan di pecraken (wadah bumbu. Kalau kamus mencatat: ceraken).
2. cara tentang adat.
Cara kampung ika, selametane desa kudu nanggap wayang lan memuja nyang petahunan.
cokol: nama ikan sungai, warnanya huitam, bentuknya mirip ikan gabus, sejenis ikan bedhul.
ragi: bumbu, banyak macamnya.
ragi sangar iwake pitik, nganggo ragi: uyah, lobok, belimbing (asem(, lan santen lan terasi.
ragi bangos: iwake ketemus, godhong lobok, dirageni uyah, lobok, laos lan banyu sawatara, nuli (buru-red) digodhog.
rapen: yaitu tentang sisa-sisa rumput makanan hewan.
Si Suta ngamet rapen ring gedhogane sapi, kanggo makani wedhus.
rabi: orang perempuan yang sudah bersuami.
Si Mariyam iku saiki dadi rabine Si Marsan.
riwa-riwi: wira-wiri, itu tentang dua anak yang berjalan bersama.
Si Tayem lan Si Inem iku melaku riwa-riwi (kuncang-kuncung) arep tuku sega.
ring: di.
Ring pasar saiki akeh wong dodol langsat.
ruges: yaitu tentang anak yang gigi depan bawah (atas) tidak ada.
Si Karmin iku untune kang ndhuwur ruges.
rumyang: ramai, tentang tempat yang banyak orang.
Ring umahe si Jaya ana lare sunat, akeh wong kang padha teka, mulane katon rumyang.
renden (besiki): daun pisang.
Kula mendhet renden pisang sapapah.
renden= eron.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.