Silaturahmi Lan Korona

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Kamis, 10 Juni 2021 10:10 WIB)
- Opini



Sing kerasa wis ping pindho iki suasana lebaran ring mangsa pageblug korona hang magih durung uncal iki. Kahanan hang kaya gedigi iki kadhange nggarai ati bingung uga sambat, paran maning ring wayah lebaran teka, ramene lebaran mung kaya dadi angenan lan kaya dadi sambatane ati. Isun dhewek ngerasakaken tapi ya magih ana rasa jenggirat hang kudu sunduduhaken ring uwong sak ubenganisun iki kanggo kecaruk ring lebaran 2021 iki kudu tetep semangat dibarengi donga makene korona bisa ilang selawase. Ring kana isun magih enget lebaran kawitan tepak wis ana pageblug korona.

Akeh hang padha lockdown dhewek-dhewek, paran maning kadhang kompak sak desa sing ngulihaken metu sakmarine sholat Id ring masjid. Ring kono pisan kadhang ana umah hang nguweni tulisan ring pager utawa ring ngarep umahe, kayata:

  1.  Sing nerima tamu
  2. Hang duwe umah magih lockdown dhewek
  3. Sepurane, magih usum korona. Mayo njaga awake dhewek-dhewek

Iku sithik hang sunweruhi ring pirangane umah hang sun liwati tepak melaku-melaku, anehe masiya lockdown dhewek-dhewek serang wis tradhisi, uwong-uwong iku ya tetep nyedhiyani jajan toplesan ring ndhuwur meja. Gedigu iku, isun ya tetep girang sebabe masiya wis katon kadhung sing bakale ana dhayoh naming tetep njagani jajan ring ruang tamu kerana mesthi ana bain dhayoh hang dipilih-pilih ulih sanja. Maksude ya kadhung dulur uga kanca hang adoh-adoh hing diulihi nyang umahe tapi kadhung tangga uga dulur hang parek-parek ya sing ditulak. Iku mauka sunweruhi ring taun sabene. Ring kono ana bedane, sun duduhi paran bain bedane lebaran ring mangsa pageblug taun sulungan (2020) ambi hang saiki (2021).

Hang kawitan, miturut isun ring taun sabene tepak malam takbiran uwong-uwong hang milu ngeramekaken ambi hang padha ndeleng tambah rame ring taun 2021 iki, sunkira ana nawi ping telune teka jumlah hang taun sabene. Ring kono uga rasa girang ring atine uwong-uwong ya tambah gedhi ring taun iki, paran maning teka lalare cilik hang padha milu ngeramekaken ring acara oncor-oncoran tepak malam takbiran iku. Pantese teka taun sabene hang rada cumpleng, uwong-uwong padha nduweni rasa kepingin ngeramekaken lebaran ring taun 2021 makene lebih rame teka taun sedurunge, ambi diniyati Lillahi ta'ala uga ndonga sing bakale keneng korona. Isun dhewek uga ngerasakaken kahanan hang gedigu meriah lan rasa cager hang numpuk kanggo nyambut dina lebaran.

Hang kapindho yaiku tepak solat Id, ring taun sabene ambi hang saiki mula bedane sithik, tapi tetep bain kadhung dideleng ring akehe hang taun sabene magih akehan hang saiki masiya kaceke mung sithik. Uga sakmarine solat iku uwong-uwong hang biyasahe langsung selametan ring langgar lan padha nyekar, padha tutupan kabeh umahe kejaba hang padha salaman utawa silaturahmi ring dulur-dulur parek. Tapi ring taun iki miturutisun ring desanisun dhewek bain wis akeh hang padha mbukak lawange kanggo nganteni dulur lan dhayoh hang kepingin silaturahmi njaluk sepura. Paran maning hang taun sore mung sithik kendharaan hang melebu metu desanisun hang padha kepingin silaturahmi, tapi ring taun iki wis padha wani silaturahmi nyang umah-umah hang sabene sing disambangi.

Hang ketelu, sakmarine salaman ring dulur-dulur desanisun, isun langsung menyang ring umahe embah teka ibukisun dhewek. Ring sak dawane dalan akeh kendharaan hang padha seliweran, uga ring pirangane titik malah ana hang rada mandheg lakune kendharaan serang ramene. Isun yakin wis akeh hang padha kepingin njaluk sepura lan uga nyepura dulur, kanca lan berayane ring lebaran taun 2021 iki. Ring perasaanisun dhewek ya ngerasa kadhung uwong-uwong iki mestine ya padha ngerasakaken kadhung lebaran taun 2021 lebih rame ketimbang taun sedurunge. Kahanan hang gedigu iku nggarai isun girang kaya-kaya donganisun wis diijabahi ambi Hang Kuwasa, hang sun arep-arep wis kelaksan yaiku kepingin lebaran taun 2021 lebih rame. Teka lurung wilayah Genteng sampek gadug Glenmore bain akehe wis sing kaitung, ana hang sepidhah montoran, ana hang nunggang montor, malahan ring pinggiran lurung akeh rombongan keluwarga gedhi padha silaturahmi ambi melaku jak akehan, salaman ring tangga lan sapa bain hang dicaruki ring sak dawane melaku iku.

Tepak lebaran dina hang kapindho, isun ngelencer ring dulur-dulur dhaerah Kalibaru. Ring kana ya mula suasane rada sepi utawa bisa sun itung emeh padha ambi hang taun sabene, tapi hang nggarai girang yaiku kadhung lebaran sedurunge isun sing sambang dulur-dulur Kalibaru kerana ana lockdown tapi ring taun iki Alhamdulillah wis padha mbukak lawang ring umahe dulur-dulurisun ring dhaerah Kalibaru iku, malah sampek gadug ring Kalibaru pegunungan (dhaerah Malangsari) ya akeh kendharaan hang seliweran padha salipan hang jumlahe ya hing kaya dina dina biyasahe. Ring kono isun ya tambah girang kerana rasa kangen ring dulur-dulur Kalibaru hang taun sabene sing kecaruk langsung tapi ring taun iki wis bisa silaturahmi lan gesah, muyab lan padha gemuyu bebarengan hang nambah janggete tali seduluran iku mauka.

Anane silaturahmi langsung kadhung dideleng teka penyawangan liya yaiku bisa mangan maneka werna jajan lan kadhangane hang duwe umah ya nawani madhang hang kadhangane sing ana ring pikiran dhayohe. Alasan liya miturutisun yaiku silaturahmi langsung mung ana alangan hang aran jarak hang kudu dijaga merga pageblug iki. Tapi kadhung niyate wis kepingin nyambung silaturahmi mesthine adoh lan pareke sing dadi paran, hang bakale diparani bain kanggo njanggetaken seduluran iku mauka. Tapi kadhung dibandhingaken ambi silaturrahmi online yara ngabeti ring sinyal utawa ring data paketan ambi wifi mauka, iya kadhung tepak lancar kadhung using yara bakale pedhot-pedhot ulihe gesah.

Dudu mung isun hang ngarani kadhung lebaran 2021 lebih rame dibandhingaken ambi lebaran sedurunge, tapi tepak ana kanca lan dulurisun nyang umah utawa tepak sun kelenceri ning umahe cumpune ya ngerasa kadhung ramean hang saiki lebarane. Mangkane isun wani uga yakin rasa hang wis ditutup ring taun sabene kudu dibukak ring taun iki kerana kadhung tetep ditutup maning bakale rasa iki mauka bisa meledhos lan malah ndadekaken sing karu-karuwan.

Ring ndhuwur iku mauka sun ceritakaken paran hang sun deleng dhewek, nawi ana luput utawa salahe ulihe isun nguweni inpormasi ya isun njaluk sepura hang akeh. Mula cerita iku isun mbandhingaken mung teka paran hang sun alami sakat ring desanisun dhewek ambi sakat kelenceran ring umahe dulur-dulurisun ring dhaerah Kalibaru, Genteng, Glenmore sakat lebaran taun iki. Tapi ya gedigu, ramene uga meriahe lebaran iki tetep nduweni rasa waspada hang tetep kudu ana kelawan miloni aturan protokol kesehatan. Akeh hang wis padha nurut tapi ya ana bain hang wangkot sing gelem miloni protokol kesehatan.

Ring kono isun ya mung nduweni angenan maning, kadhung korona iki muga bain  bisa gancang uncal lan sing kesuwen dadi sengker silaturahmi seduluran. Sing bisa dibandhingaken rasane tepak kecaruk langsung ring jejege awak ambi liwat njero kawat utawa online kaya dene video call, utawa nganggo aplikasi zoom.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf