Sosialisasi Urip Rijigan Liwat Gendhing Using
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Senin, 06 April 2020 07:54 WIB)
- Esai
Saiki pemerintah ring pusat sampek nyang desa padha ewuh sosialisasi urip rijig kanggo medhot lakune virus corona. Kampanye utawa sosialisasi mau, dilakokaken ambi petugas Koramil lan Polsek ring angger-anger kecamatan. Aparat mau, akeh-akeh nganggo basa lokal ring dhaerah hang diliwati, ana hang Basa Using, Jawa lan Medura. Iki kabeh, karepe mane gampang diterima ambi masyarakat akeh.
Manggone penganggit gendhing agage njuwut kesempatan iki, ambi mbantu pemerintah kanggo sosialisasi pantese apik seru. Mosok arepe mudhun gengsine kadhung milu cawe-cawe ngatasi wabah iki kelawan cara nggawe gendhing, merga iki dudu sewates mung masalahe Pemerintah, taping wis ngancem nyang uripe rakyat. Aja mung nganggit gendhing, merga mungkepingin ulih picis. Kadhung wayah gedigi iki, akeh hang dibutuhaken. Kelebu rika hang biyasah nganggit gendhing Using, makene masyarakat akeh gampang ngerteni.
Tahun 1970-an, gendhing-gendhing basa Using akeh dienggo alat 'propaganda' program pemerintah hang kuwasa jaman sakmana. Kaya ring gending RIJIGAN hang digawakaken Yeny lan Mus DS, teka OM Gurindam. Sak durunge isun ngira hang ngawa OM. Tawangalun - Rogojampi. Gendhing jaman bengen magih kejiret ring tradhisi Basanan, masiya karepe iku temenanan (serius), tapi aran guyon mane sing salah paham iku diselipaken.
RIJIGAN Gus baguse e ya wong bagus Kang Tapi ambune kok kari lebus Kabare ya sing tau adus Pantes bain perawane nana hang ngingus Yu ayune ya wong ayu Dik Tapi hahabe mambu lemuru Kabare ya sing tau kemu Pantes bain lancinge padha melayu Mula–mulane ya hang rijigan Wong marek gena sing kelepekan Kadhung liwat laler sing seliweran Wong rijig njaga kesehatan Jig rijigan e ya wong rijig kang/Dik Wong rijigan tandha sing sungkanan Rijigan ya rijigan Tapi aja ngerijigi barange liyan Syair/lagu: Tahun Cipta/populer: 1976 Pengiring: OM. Gurindam Artis: Yeny/Mus DS Produksi Rekaman: Ria Record Banyuwangi
Jare Kang Edy Purwo hang umahe Derwono, Singojuruh, gendhing iki ngilingaken jaman bengen. Magih nggosok untu nganggu bata utawa paras yang diejur banyu, adus gebegan sepet. Iki pancen nduduhaken repote urip jaman sakmono, sampek aran rijigan lan kesehatan kurang digatekaken.
Tabuhane emeh padha ambi OM Tawangalun Rogojampi, kendhang kempit alias ketipung hang ketara seru ring tabuhan mau. Pambukane (intro) seru dawane, malah kaya sing kerasa kadhung wis melebu nang gendhing. Cara nabuhe ya sing kari njelimet kaya lare-lare saiki, malah akeh nada-nada dasar digenjreng.
Kawitan aju nggebrak ambi Basanan, kaya dene Gandrung jaman sak mono ya akeh basanan lan wangsalan. Iki pantese minangka tekad kanggo njaga lan njejegaken tradhisi lawas, mane sing ilang. Diceritakan sindiran utawa pasemonan nang lare lanang, jare ambune lebus merga sing tau adus. Akibate iyane nana hang ngingus.
Cara milih ujar ambi ami uni [-us], nguweni rasa kaya-kaya hang ngerungokaken milu ngerasakaken ambune lare lanang hang sing tau adus mau. Isine katone mung sindhir-sindhiran, antara lare wadon lan lanang. Kaya tradhisi ring Melayu 'pantun berbalas', merga ring bait seterusne ana suwarane lare lanang.
Bait keloro gentenan lare lanang nyindhir lare wadon, jare sing tau kemu aju ababe mambu lemuru. Pungkasane, lancinge padha ngadoh lan melayu. Pilihan ujar lan uni [-u], nggambaraken kahanan ngelangut masiya tah isine lucu alias ewer. Iwak lemuru hang diceritakaken, jaman tahun 1970-an pancen panganan hang enak lan murah. Jaman sakmono 10 rupiah ulih 10 lemuru gedhe-gedhe. Masiya tah proteine gedhe, tetep bain wong-wong nganggep sepele, merga saking akehe lemuru ring Banyuwangi jaman sakmono.
Bait ketelu wis ana warah-warah urip rijig mau, kadhung kepingin urip enak lan akeh kancane. Merga wong hang wis sadar nang rijigan, sing gelem marek nang wong hang kemproh uripe. Malah ditegesaken pisan, kadhung lingkungan kurang rijig tandhane magih akeh laler selamberan. Bait iku dipungkasi pitutur hang resmi, kadung rijigan kanggo njaga kesehatan. Malah kadung hang nulis syair kaya almarhum Pak Fatrah Abal, pantese dalil "Rijigan iku bagian teka iman" bisa dilebokaken.
Bait pungkasan malah lebih teges maning, jare wong hang rijigan iku tandha sing sungkanan. Namin aran wong Banyuwangi, masiya temenanan (serius) kober-kobere nyelimpetaken guyonan. Ulih 'rijigan', naming aja ngerijigi barange liyan, alias nyolong lan ngutil.
Kari ngeneteni kiprahe lare-lare enom hang nganggit gendhing Using, kelendi iyane bisa nyampakaken uneg-unege. Sing terima dodol bingunge masyarakat, taping uga nguweni dalan metu, kelendi kadhung wis ngadhepi mangsa kaya saiki iki. Mesti bain ciri has wong Banyuwangi, ambi ewer kudu diselipaken ring gandhing-gendhing mau.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.