Sritanjung/Surati ring Buku Cerita Rakyat

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 12 November 2020 07:44 WIB)
- Resensi



Kadhung maca buku-buku dongeng cerita rakyat lan asal-usul Banyuwangi, mesthi ceritane pedhot lan entek mung sampek banyune mambu wangi.
Hang cerita endi bain padha. Hang teka Jawa (judhule nganggo Sritanjung, dene lakine Sidapeksa hing pati disebut-sebut ring judhul), utawa hang pengaruh Bali, hang disebut-sebut Raden Banterang masiya tawis hang mambu wangi getihe Surati).
Isun nemu buku cerita hang judhule Putra Mahkota Raden Banterang ditulis ring Adi Wiguna diterbitaken PT Rakasta Samasta Bandung lan wis dicetak ping telu. Ring kene, hang dadi tokoh mung Raden Banterang lan Surati, hang liyane hing ana arane. Kelebu kakange Surati hang embuh kelendi carane bisa ndeleh udheng nong ngingsor kasure kanggo mitenah Surati. Surati digawa nong pinggir banyu parek segara. Sedurunge disuduk kerise lakine, Surati nyebur lan ilang nong banyu kono. Hang nyebut-nyebut "Banyuwangi" iku kakange hang api-api dadi wong edan mau teka pinggir banyu ring sabrang kana.
Buku hang keloro, Asal Mula Banyuwangi, Raden Banterang, hang ditulis Tira Ikranegara lan diterbitaken ambi penerbit Serba Jaya, Surabaya magih rada apik. Bapake Raden Banterang arane Prabu Menak Prakosa dibantu Patih Ragajampi, nyerang kerajaan Gianyar lan Klungkung.
Anake Raja Klungkung arane Bagus Tantra hang gedhi sipat irene nduwe adhik wadon Dewi Supraba. Karo-karone dikongkon metu teka kerajaan merga ana serangan teka Blambangan. Bagus Tantra diserahi keris pusaka lan ngungsi dikancani panglima Cokorde Rai.
Dewi Supraba hang ngungsi nong alas ring wilayah Belambangan iki emeh dipulasara ambi wong jahat aju diselametaken ambi Raden Banterang.
Cekak ceritane, merga dipitenah kakange dhewek, Banterang nemu keris pusaka Klungkung hang nambah tatage atine arep mateni rabine Dewi Supraba hang ngaku arane Surati. Surati nyebur nyang banyu lan banyune dadi wangi.
Buku liyane Kesetiaan Sri Tanjung (Asal-usul Banyuwangi) emeh padha ambi Lontar Sritanjung, lakine arane Sidapaksa. Ditulis ring Arni Windana lan diterbitaken penerbit Bening Yogya.Tapi Sidapaksa teka Kerajaan Sokakencana (dudu Sindhureja) lan rajane arane Hadiwisesa (dudu Sulahkrama). Sidapaksa dikongkon nggolet kembang Kusumajati ring Gunung Hamukti (dudu nggolet emas telung gelung ring kahyangan).
Cerita pungkase emeh padha Sritanjung nyebur nong banyu merga dikira nduwe laku elek ambi rajane. Aju banyune dadi wangi.
Setemene ring Lontar Sritanjung lan uga cerita hang wis ditatah ring relief Candi Penataran, Gapura Bajangratu, Surawana lan Candi Jabung, ceritane hing mandheg semono. Kadhung mung semono, kayane wong hang apik, wong hang dipitenah malah dadi sengsara lan mati.
Cerita sak teruse ring lontar aseline yaiku Sritanjung diuripaken maning merga pesthine durung wayahe mati lan Sidapaksa mbales mateni raja Sulahkrama hang wis arep ngerusak pager ayune Sritanjung. Ring cerita rakyat, wong apik hang kudune menang. Merga ana pasinaon hang kudune bisa ditiru ambi lare-lare. 
Lontar Sritanjung iki hang bengen kerep diwaca ambi wong Banyuwangi ring ritual macaan. Dudu lontar Yusup kaya saiki. Delengen ring tradhisi macaan, ana arum-arum yaiku wong hang maca njuwut banyu hang diendohi kembang hang aran Toya Arum (Banyu Wangi). Merga Lontar Sritanjung iki hang dianggep dadi asal-usul aran kuthane.
Kudune mula macaan dibalekaken maning nyang Lontar Sritanjung. Paling using saben acara kanggo ngerayakaken dina dadine kutha Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf