Sumitro Hadi, Nggawe Tarian Sak Dawane Jaman
Moh. Syaiful (dipublikasikan pada Kamis, 01 Mei 2025 06:58 WIB)
- Opini

(Cathetan teka gelar karya tari Reuni Akbar Alumni Sanggar Tari Jingga Putih)
Ibarat wawane geni ring njero sekem, karyane Pak Mitro magih meromong digelar ring jaman saiki. Wawane sekem iku katone nana urube naming serta dibeliyaki nyatane meromong sing gelem mati. Karya-karya tarine Pak Mitro hang digelar ring Reuni Akbar Alumni Sanggar Tari Jingga Putih nong RTH desa Gladag tanggal 27 April 2025 iku rata-rata tari hang wis digawe ring antarane tahun 70-an sampek 80-an.
Kayadene Jejer Gandrung Jaran Dhawuk tarian gandrung hang digarap Pak Mitro kanggo lare-lare sekolah iki nyatane sampek saiki sing mati obore ambekana pirang-pirang tari jejer gandrung anyar digawe. Jejer Jaran Dhawuk hang nggambaraken kemayu lan kemewede gandrung nyatane magih pantes digelar ring taun 2025 iki, alihe tarian iki digawe ring tahun 1979.
Tari Pendekar Blambangan hang uga digelar ring bengi iku, uga bisa nggawe keploke penonton sing mari-mari. Paran maning tarian iki dijugedaken ambi penari-penari aseline bengen nalika tarian iki kawitane digawe. Tarian Pendekar Blambangan nggambaraken kelit lan sagahe pendhekar-pendhekar Belambangan rikala ngadhepi musuh naming seru lemese nalikane seserawungan ring pergaulan sedina-dinane. Padha ambi Jejer Jaran Dhawuk Tari Pendekar Blambangan digarap ring tahun 1979.
Tarian Padhang Ulan dadi tarian kawitan hang dikreasi Pak Mitro. Pikiran lan ameng-amenge Pak Mitro muluk sundhul langit merga weruh tari Padhang Ulan kawitane. Kepingine tarian iki bisa apik, iyane njaluk idin nyang hang duwe tarian kepingin nguwah sithik makene bisa diterima ring jaman kala semana. Tari Padhang Ulan uga tari lanang wadon pajuan hang nggambaraken seneng lan sumringahe lare nom-noman hang arep mangkat jejodhoan. Nyatane Tari Padhang Ulan iki saiki wis dadi tarian klasik hang magih enak dideleng ring jaman generasi milenial saiki, ambekana tarian iki digubah ring Pak Mitro taun 1975.
Gandrung Dor digawe ring taun 1988. Pak Mitro nggawe tarian iki kanggone lare hang wis gedhe sakumuran SMA mendhuwur. Nalika iku tarian iki milu Lomba Porseni Jatim Tingkat SMA. Meh padha ambi Jaran Goyang lan Jejer Gandrung Jaran Dhawuk tarian iki uga magih ditarekaken ring pentas-pentas lan panggung-panggung kesenian sampek saiki. Ring Jangeran tarian iki uga magih digelar dadi pambukak sakdawane pergelaran Janger. Ring kelas karya tarine Pak Mitro ana ring Reuni Akbar Alumni Sanggar Tari Jingga Putih tarian iki digawa alumni hang wis wayah mangkat emak-emak, nyatane magih katon apik lan alus disawang.
Magih ana ring taun 1988 nggawe tarian hang aran Kebyar Barong. Tarian iki kawitane dienggo lare hang sak umuran SMP, naming sakteruse tarian iki akeh dijugedaken lare-lare SD. Tarian hang nggambaraken lare-lare nirokaken barong hang jugetan iki nyatane sampek saiki magih dienggo materi tarian ring ekskul lare-lare SD sak Banyuwangi lan sanggar-sanggar tari ring Banyuwangi. Sing luput uga sanggar tari Rama Lestari hang tampil ana ring Gelar Karya Sumitro Hadi ring panggung Reuni Akbar Sanggar Tari Jingga Putih.
Sakteruse tari Gredoan, tarian hang nggambaraken tingkahe lare nom-noman hang mangkat arep jejodhoan iki digarap apik. Ambekana jare iki tarian dewasa, naming tarian iki hing mesum. Koreogerapine digarap apik kayadene pergaulane lancing lan perawan naming magih ngatonaken juged hang aturane netepi keendahane jugedan. Tarian iki digarap P. Mitro ring tahun 1988. Jare wong saiki nilai seni tinggi.
Hang pungkasan mesthine Tari Jaran Goyang. Tarian iki meh saben bengi dijugedaken uwong ring endi-endi bain. Umpamane ana ring tontonan Janger, tontonan dhagelan, lan saben ana hajatan ring masarakat hang ngundang angklung dhaerah. Hang mesthi tarian iki tari hang paling dianten-anteni penonton. Magih uga tari lanang wadon hang pajuan utawa pasangan tarian iki nggawa lakon wong lanang hang ditulak wong wadon hang didhemeni naming serta hang lanang nganggo ajian seret jaran goyang pungkasane wadone balik kementhel nyang hang lanang.
Meh padha ambi tari Padhang Ulan kawitane tarian iki garapane Suparman, naming serta Pak Mitrok diidini nguwah ambi penciptane tarian iki dadi kesuwur sampek nasional lan dikenal nong sak telatah Nusantara. Pak Mitro nguwah tarian iki ring taun 1969. Sakteruse ring taun 1970 Pak Mitro ulih kesempatan njugedaken Tari Jaran Goyang ring Istana Negara tepak Hari Ulang Tahun Kemerdekaan RI 18 Agustus 1970.
Ring panggung Nyerambah Arum Gandane gelar tari Reuni Akbar Sanggar Jingga Putih taun 2025 iku, Tari Jaran Goyang dijugedaken maning ambi penarine hang bengen dipentasaken ring Osaka Jepang. Ring Festival Midosoji Parade taun 2006 iku Tari Jaran Goyang lan Tari Jejer Gandrung dadi tarian hang makili Indonesia ring festival Midosuji Parade Osaka Jepang.iku. Tari Jaran Goyang hang wis dikereasi maning ambi Sumitro Hadi iki dadi katon sakrale merga tarian iki sing mung dijugedaken wong sak keloron naming ana tambahane maning yaiku jaranan buta hang nggambareken tekane ilmu seret jaran goyang mau nalika dikirim nyang penari wadone.
Magih enget nalikane Pak Mitro ditakoni murid-muride kelendi carane nggawe tarian hang terus bisa dienggo lan kanggo terus ning masarakat masiya jamane wis ngalih saya maju mengarep. Pak Mitro mung njawab, nggawe tarian iku sing mung sakdheg-saknyet dadi, naming sedurunge kudu ana tirakate, gedigu pak Mitro nerangaken.
Kirane teka saure Pak Mitro nyang murid-muride iku keneng ditengeri anggere nggarap tari kudu ngelakoni tirakat, karepe kudu ngelakoni marek nyang Pengeran Hang Kuwasa njaluk pitudhuh. Ngedhem pikiran sing mung nyang garapan naming nganggo sarana kekuwatan batin sakliyane kekuwatan sarana raga bain.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.