Sumitro Hadi: Pencipta Jejer Gandrung
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 19 Juni 2020 07:30 WIB)
- Tokoh
Ring sanggare Jingga Putih wetane Balai Desa Gladag, Pak Mitrok, gedigu biyasahe arane diceluk, nyeritakaken umbak umbul uripe, manis paite urip hang dilakoni nguri-uri kesenian Banyuwangi.
Pak Sumitro Hadi, aran jangkepe, masiya hing nduwe pendidikan formal tari, taping asil karyane dianggep salah siji karya tari Banyuwangi hang nduweni ‘roh’. Lan kemampuane hing mung diakoni nong tanah kelairane (iyane hang nggawe koreografi tari massal Gandrung Sewu 1, 2, 3), taping ya wis ngeliwati wates-wates negara. Pentas nong Australia, Hongkong, Jepang sampek nong Amerika.
Tari massal Gandrung Sewu hang ana ring Banyuwangi Festival, ana hang ngomong kaya hing ana ‘isine’, sakwise hing dicekel iyane maning.
Salah siji karyane hang sampek saiki dadi tari ‘wajib’ ring acara-acara resmi, yaiku tari Jejer Gandrung. Tari iki wis kaya dadi tari pembukaan saben-saben ana acara.
Lair 16 Agustus 1951, Pak Mitrok belajar tari otodidak, masiya iyane ya ngaku gok nduwe guru tari Bali lan tari Jawa. Kepinterane njuget tari liyane iki malah nyugihi ilmune. Tari Jejer Gandrung olih ilham kerana ndileng tari Remo Surabaya hang digawakaken ambi wong-wong wadon massal. Banyuwangi durung duwe, mangkane metu idene kanggo nyiptakaken tari Jejer Gandrung.
Pendidikane setemene guru, tau ngajar sing SMP 2 Rogojampi, Sekolah Pendidikan Guru (SPG) lan tau pisan dadi Kasi Kesenian, lan tau dipindah nyang Dinas Kebudayaan dan Pariwisata sampek nyang pangsiyune.
Konsep-konsep tarine, bisa diterima lan seteruse malah dadi cekelan ring penari-penari utamane generasi seteruse. Umpamane, iyane ngeringkes Hadrah Kuntulan, ngenalaken penari wadon ring Hadrah Kuntulan, nggawa Dikir dadi tontonan.
Wekase (dijuwut teka buku “Sastra, Seni, Santet” tulisane salah siji muride, Moh. Syaiful) nduduhaken gok Pak Mitrok iki golongane wong hang wis ‘marek’. “Wong iku bakal alus budine lan kandel rasa rumangsane kadung wis gobod endhut ring masalah seni, dudu seniman kadung magih duwe rasa iri, drengki, nafsu serakah lan angkara.”
Iki gesahan ambi iyane nong Sanggar Jingga Putih hang adhem. Gesahan ambi basa campuran, kadhang basa Using, kadhang ana basa Indonesiane:
Takon (T): Kelendi gandrung jaman bengen?
Sumitro Hadi (SH): Gandrung sedurunge tahun 1970-an iku bengen konotasine elek. Hang ana mung gandrung terob. Bengen iku, mesthi ana sontokan, jotosan, wong ndeleng gandrung iku. Ana omben-omben. Bupati jaman semono, Pak Paat (Djoko Supaat Slamet) kepingin nguwahi kahanan iku, kanggo ngangkat derajate gandrung. Iyane ngetokaken instruksi gandrung hing olih ngamen. Jaman bengen, soren digu, gandrung ngamen melaku. Olih picis. Dadi Pak Is, Pa Syukri (pegawai pemda) sepidhah montoran, ana laporan, di sana ada gandrung ngamen, diparani. Jare Pak Paat lebih baik dikasih kartu Induk terus dikongkon main, sampek gedigu. Yang mengangkat gandrung ya pak Paat.
T: Terus kelendi?
SH: Mulai tahun 1970, pak Paat ngomong,”Gandrung ini harus diangkat.” Alat musike, melebu nyang gamelan. Bengen hing ana kethuk, bahola.
T: Ana kedadiyan, jaman semono?
SH: Saya pernah disatru ring lakine gandrung Asmah, pulisi, ambi tentara. Tepak iku ana gandrung ruwet, saya naik pentas, terus ngomong, urmatana tah gandrung iki, empun ngoten. Aja gedigi. Isun arep dianu, isun lapor nang Pak Tris sekretaris daerah. Pak Tris saya kok diginikan. Pungkasane Pak Paat ngomong nang Kodim, akhire wong loro dilebokaken sel nang Kodim. Gedigu mbelanine nang gandrung.
T: Kawitane bisa ana Jejer Gandrung kelendi?
SH: Mulai itu saya mulai, teka Jakarta, mulai sering main ambi Surabaya. Kok Surabaya ana ngeremo, remone wadon akeh, lan massal. Banyuwangi sing ana. Saya coba membuat, Jejer Gandrung. Sun jak penari gandrung professional, gandrung terop. Sun nggawa nang pendhapa, panggone masak hang nong mburi, tapi hing bisa polae gandrung profesional karepe dhewek. Akhirnya saya beralih ke siswa hang biyasah njuget tari kreasi. Dadi rong minggu bablas. Dadi lare hang hing bisa nggandrung, dilatih dadi gandrung. Lan bisa termasuk anake Pak Paat, Nita, sekarang dokter nong Kalimantan Timur. Yaiku wih gandrung pertama pelajar. Mariku basis-basise ana ring SMKK bengen ana, SPG Pandan, SMP1, SMEA.
T: Jare ana hang hing dhemen?
SH: Isun diceluk Kiyai Harun almarhum (Darunnajah Tukangkayu), Byek nggawe Jejer iku kaya diuwel. Anake bupati gelem.
T: Sedurunge ana Jejer jare ana tari Padhangulan?
SH: Jejer buru tahun 1975. Sulungan Padhang Ulan, mulai tahun 1968. Hang nggawe Wim Arimaya, terakhir nong Kabat. Sekolahe Asdrafi Yogya, dia bergaul dengan berbagai penari daerah liya, pinter nari Serampang 12. Padhangulan iku Serampang 12. Terakhir saya revisi tahun 1975, menjadi Padhangulan Banyuwangen. Ana sagahe, erek-erekane. Kadhung asline Serampang 12, tari pergaulan. Aseline mula ciptaan pak Wim, taping direvisi, dadi dudu gawenanisun.
T: Kelendi ring lalare sekolahan?
SH: Hing kaya saiki. Durung ana, murid njuget gandrung.
T: Pendidikan tarine teka endi?
SH: Jadi begini, Isun iki sekolah ya SPG, dhasare guru, kongkon mulang penter. Kok bisa njuget, karena lingkungan, kebutuhan. Lingkungan saya banyak orang njuget. Jadi saya terpanggil. Bapakisun iku lurah 24 tahun. Kadhung ana gong, gandrung, bapak nong kono.
T: Kadhung formale?
SH: Pak Paat iku, tahun 1973, menyuruh saya ke Jakarta, mengikuti diklat penata tari muda 2 se Indonesia nang Taman Ismail Marzuki. Sewelas dina. Saya dididik oleh rektore Udayana, lan Pak Made Bandem yang narasumber, Pak Panggah. Dari sana bekal saya. Isun paran sih, cuma seneng njuget. Sedurunge mula tari gandrung tahun 1970, digawa nang istana. Taping gamelane iku magih gamelan kaya paesan kuburan, pinggire garing, bunder abang. Gandrung telu hang digawa. Saya masih penari, kelendi carane, pungkasane golet kertas kertep, masiya tetep garing. Isun main nang tengah-tengah antarane Istana Merdeka ambi Istana Negara. Pasanganisun njuget Mimin, pegawai kantor pos.
T: Gurune Pak Mitro bengen sapa?
SH: Saya merasa tidak punya orang yang mendidik. Saya di SPG, Isun bisa tari Kelana Topeng, Jawa, Bali hang bisaan. Kadhung Bali ana pak Ketut Sidra hang ngajari. Malah iyane ketuane Parisada Hindu Dharma. Anake magih ana Indra, pasanganisun bengen. Ring Karangente. Kadhung Jawa, gurunisun Pak Suryo, arane hang ngajari Kelana Topeng. Malah saya ubah ke tari Topeng Blambangan, main nong TIM. Banyuwangen, gerakanae setengah Banyuwangen setengah Jawa. Jare wong Jakarta, baik. Tapi pacakane Kelana Topeng. Bengen hing pati ana, saiki yara akeh.
T: Jare tau ana masalah ambi Dzikir Mulud. Kelendi?
SH: Saya yang sering diceluk oleh Kiyai Harun. Pekara gandrung, pekara Dzikir Mulud sun unggahaken nang Mesjid Baiturahman. Kiyai Harun sangat berpengaruh. Akhirnya tetap disuruh laksanakan. Terop ng ngarepe masjid, kanggo wong Kemasan. Ngundang Kiyai Harun. Lungguh ngarep. (Kiyai Harun hing setuju) tapi tepak sholawatan, tangane milu ubah-ubah. Sampek ruwahe pak Dibyo Aris, ngomong, “kok delengen tangane.”
T: Kadhung Rodat Syiiran?
SH: Saya merasa Kuntulan ya wis gedigu iku. Paling-paling ciri khase Selewahan, ya gerakane digu-digu iku. Saya kepingin Kuntulan yang A, B, C berupa tarian. Ana Hadrah Kuntulan, hang rada gedhi, Rodat Syiiran. Kadhung Kuntulan agak panjang. Sapa hang mbecikaken Kuntulan, ya wong elek iki. Tahun 1972, masuk nong bu Dian, saya program satu jam menjadi 10 menit. Bengen mung Garuda Pancasila, Hormat Dor. Saya buat diterima dengan baik. Terus saya selenggarakan Festival riing Kabat. Wakeh grup teka Dusun dudu Kampung. Manggone ning Bareng. Hing melaku, isya melaku, mulih Subuh. Nah, tahun 1979, saya di SMP 2 Rogojampi, pertama kali wadon. Pertama kali keluar Banyuwangi lomba di Jember, mahasiswa Untag. Jadi hang pertama kali Kuntulan wadon, ya isun. Pertama kali Kuntulan ana kendang, ketuk, gong, ya isun.
T: Kawitane kecemplung ring tari kelendi?
SH: Mulai 1968 ya bergerak ya ngelatih, ya menari. Meh kampung sak Banyuwangi kabeh. Wongsorejo, Pasewaran, Glenmore, Kalibaru, Pesanggaran, ning endi-endi njuget dari kampung-kampung. Meh pesisir kidul Lampon. Masiya nong kidulan hing pati ana wong Using, Tegaldlimo iku rame. Isun ngeluncing bisa, jare wong ngewer, pokoke sembarang. Tau turu ring gedogan, sekolahan, turu ring Holiday Inn ring Los Angeles. Tau turu ngelesod, tau melaku nyang panggonan njuget teka Songgon nang Bumisari, pp. Apuwa truke hing bisa merana. Wis pengalaman hang gedigu berkesan.
T: Kelendi susahe sinau njuget jaman bengen?
SH: Setelah njuwut lare sekolah, hun ajari, iki ping pitu, hang gedigi ping enem, buru bisa. Pak Slamet Menur kadhung teka kana ana Tari Seduluran. Saya banyak menyerap orang-orang itu. Ternyata orang-orang yang latian njuget gak ngerti. Umpama mas Wim melatih, ngene, ngene digu taping sing ana arane, paran ngene iku. Buru saya di Pemda tahun 1970, sun arani nulis iku. Gedigi iki arane paran, gedigu iku paran. Saya identifikasi, ukur-ukurane semene. Tahun 1975, duwe buku Catatan Sementara, magih sementara sampek seprene, tapi wis dienggo, nong ISI, STKW Surabaya.
Jadi tahun iku tahun 1972 mulai saya merintis. Tahun 1974 sudah melatih guru-guru SD per kawedanan (pembantu bupati) Rogojampi, Genteng, Benculuk. Iki tangane gedigi, cangkah, cangkah geter, songkloh. Tahun 1975, buru dikukuhkan. Sayang gothang-gothang, magih tulisan tangan.
T: Paran bain kreasine Pak Mitro hang kolosal?
Tahun 1979, ana Jejer Jaran Dhawuk. Iki dudu kolosal.Kolosal hang tau sun garap iku Jaran Butha massal, Bre Wirabumi. Kadhung paduan suara, lare 600. Kesel wih, ana nawi emeh 100. Ana tarian hang hun gawe satu hari satu malam, kira-kira sedheng-sedheng kreatife. Kurang rong dina, ana upacara Korpri. Pak Hasan Ali, ketua Dewan ambi kepala Kesra, kepalanisun.
Tahun 1975, saya sudah membawa tari Padhangulan ke Surabaya. Banyuwangi iki nyewa sepur. Ana 7 gandhengan, wong 600 murid sd, smp, sma nang surabaya. Teka Surabaya turu nong sekolahan. Sun tangani dhewek. Tahun 1975, iku Jatim oleh hadiah Parasamya Purna Nugraha. Pokoke rame. Maine nong Tambaksari.
T: Paling cepet nggawe konsep tari, tari paran?
SH: Ana tarian mung hun garap rong dina. Lare cilik enem, hun ajari, tukang kendhang hun celuk, panjake hun celuk. Saya gak mikir, umpama kadhung isun nggawe konsep tari gandrung 1000 gak ada satu minggu. Lan anehe waktu digelar, rame. Judhulnya belum ada. Terus tepak nong pentas, “Tolong bapak-bapak kasih judul”. Ahire ana hang maju, ngewani judul Ater galeng, maksude kegiatane anak-anak kecil, wong tuweke megawe nang sawah, lare cilik-cilik memengan nong sawah.
T: Hang paling abot tari napa?
Isun nggarap tari hang paling abot, Jati Diri. Sebab konsepe rada abstrak, teka anak baru lahir, sampek mati. Intine gedigu. Iku merasa berat.
T: Kadhung Jaran Dhawuk hang jare dadi rujukan tari nong sekolah-sekolah tari?
SH: Kadhung Jaran Dhawuk, satu-satunya tari hang digawe buat tahun 1979, untuk Hari Pers nasional di Gresik. Telung dina, sebenarnya itu tari, yang saya ingin sampaikan, komunikasi gerakan gandrung ambi penabuh Keluncing. Awal jejeran, gandrung terob ya wis ana komunikasi. Tapi nong tarian, ya buru iku. Misinya, dulu pembangunan. Maune ana empat omongan, empat tahap. Setiap tahap ana maksude. Kok sikile dhengkol, njugete. Oh dalane njaluk dibecikaken. Mariki dibecikaken. Intine komunikasi.
Tari iku tau dituku dirjen kebudayaan, Ibu Edi Sediyawati di Jl. Panglima Sudirman Jakarta. “Ini saya beli, 1.5 juta, saya rekam, terus kasetnya saya sebar ke duta-duta besar.” Kebetulan isun tepak diklat tari penilik di Sawangan. Tahun 1980-an.
T: Penata tari akeh, tetapi hang bisa ngewani ‘ruh’ Pak Mitro. Trike kelendi?
SH: Kadhung nggawe tarian, aja mung menumpuk gerak. Mangkane dari konsep, ide dasar. Dari ide dasar, klimaksnya di sini. Kaya wong mulang iku gedigu, ana tahape klimaks. Kadhung saiki, kaya ndak ada kesan.
T: Kadhung penghargaan terhadap penata tari kelendi?
Ana seniman-seniman hang nganggo tari karyanisun, masiya hing secara langsung njaluk nang isun. Kabeh penata tari tau nganggo Tari Jejer, olih picis, isun hing tau njaluk picise. Rejekine dhewek-dhewek. Hing paran-paran.
T: Hang paling nggawe gela napa?
SH: Isun wedi dipangluh uwong. Tapi pada saat meluruskan sejarah, disalahaken ambi wong. Pada saat Gandrung 1000 keempat, nggawe Blambangan kalah ambi Landa. Akeh hang diceburaken laut. Tetapi ketika menggarap gedigu, wong tangisan, tapi disalahaken. Akeh hang muring pisan, kok Blambangan dikalahaken ambi Landa. Ale sejarahe gedigu. Gandrunge dadi laut, kapale melaku, terus ana hang diceburaken laut. Wong-wong Belambangan bengen akeh hang diceburaken segara. Tapi Belambangan dikalahaken muring-muring.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Lontar, Nov 2017
Editor: Antariksawan Jusuf