Sumono: Kepingin Nguripaken Naga Raja Ring Gambar Angklung
Hasan Sentot (dipublikasikan pada Jumat, 20 Maret 2020 08:36 WIB)
- Tokoh

Bengen Bupati Abdullah Azwar Anas kawitan njabat tau sesumbar, kadhung simbol Naga Jamang Gatutkaca iku nggarahi wong-wong Banyuwangi sipate kaya ula masiya wujude menungsa. Omongane Bupati hang akeh ngentekaken uripe ring Pondok Pesantren lan njabane Banyuwangi iki, sakkal diprotes wong akeh, budayawan, wartawan lan wong umum. Kanggo mbuktekaken omongane minangka penguwasa, Bupati Anas langsung munggel simbol mau teka ngarepe Kantor Pemkab Banyuwangi.
“Isun salah sijine wong hang sing setuju ambi omongane Bupati Anas, merga omongan mau nana lemeke. Teka endi iyane bisa ngomong gedigu? Apa teka ujar jare? Banyuwangi iku wilayah hang adiluhung kaya hang ketulis ring sejarah, salah sijine ya disokong ambi simbol Naga Endhas Gatut kaca. Iku wis sakat bengen, duduk gawenan anyar. Acak delengen ring Ancak Angklung Caruk jaman bengen, uga ring lawang melebune makam Sunan Giri, Putra Blambangan hang dimakamaken ring Gresik," ujare Sumono Abdul Hamid, pawongan kelairan Dusun Kemiren, Desa Alasmalang, Kecamatan Singojuruh iki.
Sumono sing terima ngomong, bukti hang ketulis ring sejarah dienggo lemeke ngomong. Malah Sumono hang pensiunan Krakatau Steel Cilegon iki ngakoni, anak turune wong Blambangan iku kelebu bibit unggul. Wilayah Jawa hang pungkasan duwe SMAN (taun 1959), naming lare-larene wis kudu sekolah ring njaba lan akeh hang sukses. Durung maning hang ring jalur pendidikan Agama, akeh seru pemikir agama, ulama hang asale teka Banyuwangi. “Mangkane Isun malah nangkep anane simbol Naga Endhas Gatut Kaca, malah akeh unsur postife timbang hang dikuwatiraken Bupati Anas. Malah pungkasane tahun 2012, wayah Halal Bihalal Bupati njaluk sepura ambi omongane lan ngakoni kadhung Naga Endas Gatutkaca iku simbol budaya. Anas janji arep nguripaken maning simbol mau ring panggonan sak mestine," jelentrehe Sumono hang saiki urip ring Jakarta.
Simbol Naga Endhas Gatukaca kanggone Sumono hang tau keliling donya sinau masalah “Sumber Daya Manusia” ngerti seru ambi werna maceme trah keturunan wong-wong jaman bengen. Malah kesenangane mau diterusaken ambi njerune belajar lan maca sejarah, utamane Belambangan jaman bengen. Teka ngerti lan pahame mau, Sumono aju kepingin seru nguripake simbol Naga mau ring panguripane wong Banyuwangi. Iki karepe uga kanggp mbuktikaken, simbol-simbol Naga mau akeh tuladha apik hang keneng ditiru utawa kanggo ngurubi tekad.
“Isun wis tau kolaborasi ambi Maestro Pelukis Banyuwangi, S Yadi, kanggo ngerancang maning wujud Barong Banyuwangi hang kudune ana gambar naga. Barong wis dadi lan saiki ana ring Semalang, Singojuruh. Naming isun ngerasa magih durung asil kaya paran hang dikarepaken sak mesthine, isun magih gagal nguripaken simbol naga ring atine wong Banyuwangi. Mangkane aju ihtiar maning negesaken wujud Naga ring Gambar Ancak Angklung. Iki wis mulai katon ana wujude, mengko bisa dipelajari lan ditiru ambi perajin Angklung ring Banyuwangi," gedigu jelase almuni Universitas Gajah Mada taun 1972.
Kanggone Sumono hang nulis Skripsi “Pembangunan di Banyuwangi” lan tau megawe ring Depratemen Perhubungan iki, mujudaken simbol nyang kesenian iku lebih gampang kudune. Uga cara mahami kanggone seniman lebih alus, saengga bisa nyurung nyang rasa rumangsane minangka seniman. “Saiki terus melaku gawe angklung ambi simbol Naga Raja, muga-muga gage dadi lan bisa ditiru ambi grup angklung liyane. Marek iku, aju padha mahami lan ngerteni, kelendi sejatine makna hang ana ring simbol Naga Raja iku”, tambah Sumono hang saiki duwe kawigaten gedhe nyang Dusun Pasinan, Desa Singujuruh, minangga kampung panggon merujuk kembange Angklung Banyuwangi.
Mengarepe kadhung wis temata kabeh, sakat teka wujud Angklung mau. Aju kudu diterusaken Angklung minangka tabuhan hang dadi cikal bakal teka tabungan Banyuwangi liyane, kudu diwerakeken dalane. Kepenteran penabuh iku gampang dilatih, lan sampek saiki magih sepirang-pirang hang ahli. “Naming kesempatan tampil ring panggonan-pangonan hang dhuwur, kaya ring Hotel lan Restoran kudu ditemenani. Uneke Ancak Angklung, bisa kanggo ngiringi wong hang ngopi ring Hotal uga hang mangan ring Restoran”, digu pengerep-arepe Sumono Abdul Hamid.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.