Sumping, Mangan Siji Arep Maning!

Nur Holipah (dipublikasikan pada Sabtu, 12 Maret 2022 09:39 WIB)
- Kuliner



Salah sijine jajan ulihe berkatan ring wong iwuh yaiku sumping. Embuh iku iwuh nyunati, ngawinaken, selametan paran bain, jajan iki mesti ana ngancani jajan bungkus godhongan liyane kaya tah lemper, awug, bugis lan sakpiturute. Kanggone wong Jawa kulonan, Sumping diweni aran Nagasari.

Sumping hang enak iku, hang kenul-kenul, sing atos lan bantet, lan alus adonane sing meringkil-meringkil. Kelendi tah ya olahe? Gedigi resepe. (Kadhung rika tau maca tulisan resepe Thuyul ring belambangan.com iki, adonan Sumping digawe kaya gedigu)

Bahan: 

  1. Gedhang sak lirang hang matheng kira-kira sing mbelkenyek. Kadhung kedalon, ya sing enak. Kadhung magih ngungkal, ya kurang enak. (Bisa nganggo Gedhang Saba utawa Gedhang Kayu, sukur aja Gedhang Keluthuk yah! Hahaha)
  2. Santen kelapa limang gelas belimbing (Iki rika bisa nganggo santen instan kadhung aras-arasen marut lan meres. Dhung marut lan meres dhewek rasane lebih gurih, aja lali kulit kelapa njaba daginge hang kelire soklat dikenceti makene santene sing buthek)
  3. Gelepung beras 500 gram/ ½ kilo (Bisa nganggo gelepung tukon utawane kadhung nggawe gelepung dhewek alias nyelep dhewek, beras hang wis pucusan dikum sulung sewengi. Dietus, buru siap diselep). Iki isun nganggo gelepung beras tukon).
  4. Gelepung kanji, kira-kira 1 ½ ons.
  5. Gula sak sire hang olah (isun nganggo 1/4 kilo)
  6. Uyah secukupe (sak sendhok teh)
  7. Godhonge pandan rong lencer puketen dadi siji, kanggo arum-arume.
  8. Godhong hang wis disuweki, kanggo mbungkus sumpinge. Kudune nganggo godhong hang wis alum. 

Kelendi nggawene? 
Gelepung beras, santen, gula, godhong pandan ambi uyah, diuled dadi siji aju dijenang ring dhuwur wajan. Tengerane ya kudu sampek kalis. Setemene ana cara liyane hang sing kathik dijenang: ngolahe mentakan. Kelendi iku? Diadoni bain nganggo banyu gemulak. Peresane santen dikuntek nyang gelpung berase pisan aju diuled dadi siji. Taping kadhung gedigi, marahi sumpinge gelis alid. Sing bisa awet. Mulane enakan dijenang, umpamane ngolahe mbengi, kira-kira sampek ketemu mbengi maning ya sumpinge magih enak dipangan.

Sesendhok rong sendhok jenangan gelepung mau dipenyet ring dhuwur godhong, aju gedhang hang wis dikenceti diandoh ring tengah-tengah terus dikemuli maning ambi adonan gelepunge. Gedhange bisa digeningaken wutuh siji, disigar utawa ditugel dadi loro. Serta jenangan gelpunge wis rata nutupi gedhang, gulungen godhonge. Nduwur ngisor dilepit.

Gedigu sakteruse sampek adonane entek. Kira-kira sak resep iki bisa ulih 30 iji sumping.

Wis mari, kari ngetap ring panci hang wis diwantoni lan gemulak. Dikukus kira-kira sampek keringet noring bungkus godhonge iku ilang. Utawane, kira-kira setengah jam. 

Kadhung duwe godhong Kecandhik bisa dibungkus godhong iku, bisa seminggu sumpinge hing mambu. Malah dadi keket.

Wis mateng, aja lali dientas. Sumping anget-angetan cocog digayem tepak derem lan udan, disandhingaken wedhang kopi secingkir ring dhuwur lepekan. Sumping, dhung mangan mung siji ya arep maning!

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Dokumen Pribadi

Editor: Antariksawan Jusuf