Anggitane: HENI KURNIAWATI
(Minggu, 18 Mei 2025 06:23 WIB)
Sushi nong Ndhuwur Meja
Uwong-uwong kang buru mudhun sembayang lebaran pating salam-salaman nong pinggir lurung. Isun ngetutaken emak lan bapak salaman ambi tangga-tangga kang kecaruk nong ngarepe masjid. Sing kabeh uwong salam-salaman isuk iku. Merga ring Kemiren duwe adat unjung-unjung marani nyang umahe dulur. Jare kurang marem kadhung mung salaman nong dalan.
“Gancangana, selak dianteni dulur-dulur selametan lebaran.” Apak ngabani isun. Jangkahe mari-mari dawa. Isun nguber ambi rada melencat-melencat merga wedi ditinggal mulih sulung.
Undang-undangan selametan buru bain bubar. Wong lanang-lanang pating metu teka umahe Kang Bambang. Rampadan kopat, lepet, jangan lembarang, abon, misrok iwak sapi, lan liya-liyane magih gemeler ring pelanca. Ombenan cauk diwadhahi lumur dietap dhirik nong selane aren lan jembung. Wong wadon-wadon lan lalare cilik pating lungguh ngubengi rampadan gentenan ambi wong lanang kang buru metu.
“Hen, meriniya rawih. Madhanga! Kok arene. Apuwa emakira sing merene?” Mbok Nik rabine Kang Bambang nakokaken emak.
“Magih ana dhayoh ring umah. Jare engko nututi merene.”
“Dulur endi lebaran sedina kari subuh? Kang markir montor ring latarira iku tah dhayohe?”
“Iya, Sun rungokaken omonge kaya wong wetan, omonge bahasa campur Jawa.” Isun njelentrehaken gok dhayoh kang nong umah iku dudu wong Using aseli.
Isun lungguh ring pelanca aju njuwut piring kang ana ring ngarepisun enggo aren mangan kopat. Isun milih jangan lembarang ambi misrok iwak sapi. “Arang-arang bisa mangan iwak sapi kadhung sedinane. Ngombe cauk dhonge lebaran thok.” batinisun.
Dulur-dulur kang milu kauman wis pating mari madhang. Sisane rampadan wis diringkesi digawa mulih dhewek-dhewek. Emakisun durung ana teka nututi nyang umahe Kang Bambang. Piring lan jembung pecake wadhahe rampadan sun ringkesi lan sun gawa mulih dhewek.
“Balika pindho bain, Hen! Kadhung sepisanan abot. Setalangan emakira kari sing ana teka yuh. Lare cilik dikongkon ngunjali pekakas beling.” Abane Mbok Nik marahi isun. Pantese welas nyang isun, lare SD kelas lima wis tandang kaya wong gedhi.
“Isun kuwat, unjukena bain...!” isun semaur ambi mulung-mulung andhuk enggo ganjel suwunan. Sakat cilik isun wis biyasah diejaki emak nyang sawah. Mulihe disuwuni kayu kanggo denden geni. Saiki nyuwun pekakas wadhahe rampadan sing dadi kabotan.
Montor kang diparkir nong ngarep umah wis sing ana. Tengere dhayohe wis mulih. Gadug pawon wadhah-wadhah kothor sun selehaken ring cedhing. Sing gancang sun asahi merga weteng magih welangketen, kerasa ngganjel kadhung dienggo mungkruk.
“Yee, teka wis? Asah-asahane selehana bain, aju nyanga bale! Kok bapakira nganteni.” Emak mapag isun ambi nggelung rambute. Isun wisuh ambi nyincing kelambi anyar kang ditukokaken apak ring senenan sabene. Kelambi sepengadeg jare opahe isun puwasa nutug sak ulan. Mari wisuh isun mara nyang emak lan bapak kang lungguh jejer ring kursi mataharian nong bale. Mari njaluk sepura isun dikongkon lungguh.
“Hen, lungguha sulung tah! Apak arep ngomong. Dhayoh mauka ibuke Okta. Kakak kelasira kang pindhahan teka Surabaya.” Apak ngawiti omongan.
“Ana kepentingan paran, Pak? Mbak Okta sing milu merene?”
“Okta wis nong Surabaya. Sabene Isun ditilpun Pak Pras, walikelasira. Taping Isun ambi emakira sing wani mutusi. Saiki ibuke Okta wis gadug merene, kudu Sira kang bisa mutusi.”
“Ana paran seh, Mak, Pak?” Isun mangkat kerasa ana kang sing enak nong ati.
“Kang sabar yah. Sepurane kang gedhi emak ambi apak sing bisa nulung. Sira magih kelas lima, magih ana kesempatan taun maning. Kemah Cerpen iku yara pelatihan, sing lomba. Sedhenge Okta wis kelas enem, taun maning wis lulus, wis sing ana kesempatan maning.” Bapak ngomong ambi mandeng isun.
Jedher...! Rasane kupingisun kaya diselamber geludhug. Ati panas kaya diremet-remet sampek lutrek. Sing ana masan-masane apak mara-mara nyegah karepisun milu Kemah Cerpen. Banyu mata sing keneng dibendhung, sasat kotah nyang pangkuan ngepusi kelambi anyarisun. Ambi temungkul sun gulapi iluh kang magih mili deres nong pipi. Sun etap ati kang maune ajur. Ambi metek dhadha sun paksa ambekan kang sakat mau rasane kaya pedhot.
“Bapakisun gok mbelani anake uwong? Anake dhewek dikongkon mundur. Sapa kang sing kepingin milu acara bergengsi tingkat propinsi? Paran maning isun sing tau katut milu lomba. Mula isun sing pati nyaut nyang pelajaran. Taping kadhung nulis cerita mula dadi kesenenganisun. Mula abot gedigi tah sanggane dadi anake wong biyasah? Mesthine dinomeraken loro. Kudu jaya ngalah nyang wong gedhi. Aju engkapan lare-lare kaya isun iki ulih kesempatan? Umpama isun kang kelas enem, apa Mbak Okta gelem ngalah ambi Isun?” pitakonan iku uleng-ulengan nong pikiran.
“Wong ngalah iku madak kalah. Saiki sira ngeledhangi uwong, liya dina sira diparingi gangsar urusane. Kang percaya sira, Hen.” Abane emak ambi merekes pundhakisun. Kaya ana tenaga kang disaluraken teka tangane emak nyang awakisun. Sun tulih emak sing bisa nahan tangis pisan.
Isun sing mentala nulih emak milu nelangsa. Isun kudu bisa api-api tegas nong ngarepe emak lan bapak. Sun kelumpukaken maning suwara kang ilang kejiret nong gulu. Iya wis merga nurut wewarahe wong tuwek, isun ikhlas nerima.
“Kelendi, Hen?” apak takon mari-mari alus suwarane. “Iku ring meja ana titipane Mbak Okta, jare ring jero ana surate. Acake delengen isine paran.”
Isun mbukak kothak putih kang ana ring dhuwur meja. Ana isine surat temenan. Tangan isun gemeridhig mbukak amplope, katone tulisan tangane Mbak Okta. Sun waca isi surate edheng-edheng. Pikiran kang maune jumpret dadi penyar. Sun bukak kothakan kang magih nong ndhuwur meja, isine Sushi. Isun mesem enget semayane Mbak Okta. Iyane arep ngajak isun mangan ring dhepot kadhung bapake kang megawe nong luar negeri teka.
“Iya wis, Mak, Pak, Isun nerima.”
“Isi surate kelendi seh?” emak neges.
“Lulus SD Mbak Okta arep nerusaken SMP ring Surabaya. Saiki iyane karep seru milu Kemah Cerpen merga kepingin dadi penulis lan bisa Basa Using. Sedhenge ring Surabaya sing ana pelajaran Basa Using.”
“Yee, ya bener wis. Sira wis lanyah Basa Using. Kari ajar dadi penulis bain.” Bapak nggedhekaken atinisun. Isun manggut-manggut tandhane setuju nyang omonge bapak.
Sun pandengi sushi nong ndhuwur meja ambi mikir. Isun saiki wurung milu Kemah Cerpen. Kadhung ngukuhi salah-bener, sak kancaan bisa bengkerengan. Taping kadhung ukure apik-elek, kekancaan bisa awet sak lawase. Taun iki makene wis Mbak Okta kang melaku sulung milu Kemah Cerpen. Taun maning muga-muga ana kesempatan maning kanggo isun. Lamuna isun sing duwe kesempatan, isun bisa njaluk wuruk nyang Mbak Okta utawa genau ambi guru ring sekolahan. Padha bain wis, isun tetep bisa nambah ilmu lan malah ngeraketaken kekancaan. Kadhung isun ngalahan malah bisa akeh kancane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : HENI KURNIAWATI
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)