Sutardjianto, Teka Keradenan Dadi Walikota Jakarta
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 17 April 2020 09:58 WIB)
- Tokoh
(Poto teka kiwa: ruwahe Pak Abdul Kahfi, Kang Bambang Sugiono, Pak Sutardjianto, kabeh tau dadi walikota ring DKI Jakarta)
Wis weruh yara, gok DKI Jakarta iku panggonane uwong sak Indonesia numplek golet rejeki lan mbangun karir. Kelebu wong Banyuwangi. Masiya panggonane adoh taping uga bisa dadi panggonan milu urun nyang merujuke ibukota iki.
Sak akehe 514 kabupaten lan kutha ring Indonesia iki, Banyuwangi wis nyumbang telung uwong hang tau dadi walikota. Dhaerah liyane ya ana pisan hang wargane tau dadi pejabat setingkat walikota tah gubernur ring DKI. Hang lebih akeh maning, dhaerah kang hing tau ana wargane hang njabat nong ibukota. Banyuwangi bisa nyumbang wong telu, edheng? Yaiku ruwahe Pak Abdul Kahfi, Pak Sutardjianto lan Kang Bambang Sugiono.
Hang nggarai mongkog, lan nawi kedadeyan iki bisa keitung mohal bisa ana maning, wong Banyuwangi hang dadi walikota iku bengene kanca sekolah sak bangku ring SMA Negeri Banyuwangi. Angkatan kang kepisan! Gedigu iku ceritane ruwahe Pak Kahfi lan Pak Tardji. Kayane ketepakan gedigu iku, sara dibaleni maning. Masiya bisa bain, tapi kayane muskil.
Wong loro iki minangka kanca sekolah sak bangku taun 1959-1962 lan hing nyangka kecaruk maning padha-padha dadi walikota taun 1993 sampek 1997. Pak Kahfi dadi Walikota Jakarta Pusat lan Pak Tardji dadi Walikota Jakarta Barat. Sak periode hang padha.
"Tau ana kedadeyan lucu, bengen tepak rapat ambi Gubernur DKI, Isun ambi Kang Kahfi lungguh jejer maning kaya jaman sekolah bengen. Enget magih guyon kaya jaman SMA bengen," jare Pak Tardji nang reporter belambangan.com.
Marek iku, Pak Kahfi munggah maning dadi wakil gubernur lan Pak Tardji dadi Kepala Inspektorat DKI, jare lakine Hj. Yayu Fathonah, wong Serang Banten, anake mantan Ketua DPRD Banten.
Jaman presiden Suharto bengen, hing ana bupati tah walikota hang teka wong Sipil kaya wis jamane Reformasi. Bengen bupati, gubernur lan jabatan seterategis liyane mung dijatah kanggo golongane wong militer minangka jabatan kang diarani "dwi-fungsi." Pak Kahfi munggah liwat jalur militer lan Pak Tardji dadi siji-sijine wong sipil ring antarane walikota Jakarta hang kabeh teka militer.
"Aju nyusul Pak Bambang Sugiono. Dadi wong Belambangan iku gawanan karaktere mula bisa mimpin Jakarta," jare bapake lare telu iki: Fatriz Dianita, Dian Fitrasari, lan Dimaz Fatroen.
Paran maning karire anake Lurah Keradenan Benculuk iki dikawiti teka ngingsor. Taun 1968, Pak Tardji wis ngawiti megawe ring DKI dadi pengawas Ireda/Ipeda. Aju tau pisan madeg dadi camat Kebonjeruk Jakarta Barat taun 1979, lan wolung taun sakmareke dadi Seketaris Kota ring Jakarta Pusat, aju munggah dadi Wakil Walikota Jakarta Timur. Marek iku dadi Kepala Biro Pemerintahan DKI Jakarta, aju pindhah maning dadi Walikota Jakarta Barat limang taun, lan pungkasan dadi Kepala Biro Bina Tata Pemerintahan DKI.
Sak suwene dadi walikota Jakarta Barat, Pak Tardji kesuwur dadi walikota hang kerep mbecikaken kampung-kampung kumuh lan ngeraketaken hubungan hang kuwat antarane ulama lan umara. Sing bisa diitung akehe kegiyatan mbantu nyantuni lare atim ring saben-saben kegiyatan tingkat RW, kelurahan, kecamatan sampek ring dinas. Lan mbantu ngedegaken pesantren-pesantren.
Hing maido kadhung iyane diganjar pirang-pirangane penghargaan, teka gubernur, menteri sampek presidhen. Ana 49 macem penghargaan kelebu telu Penghargaan Adipura.
Welase nang tanah kelairan kaya nana pupute. Minangka sesepuh Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) iyane dhemen ngelumpukaken wong-wong Banyuwangi sakperlu nyambung silaturahim. "Enak kecaruk, gesah nganggo basa Using," jare wong hang dhemen nang uwoh has Banyuwangi hang dienggo pecelan: belencong.
Pak Tardji kecathet dadi salah siji wong Banyuwangi hang taun 1972 ngedegaken kumpulan wong Banyuwangi hang kawitan ring Jakarta hang diarani Pewangi Jaya. Ring dina mburi, Pewangi Jaya iki ganti aran dadi Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) seperene.
Paran tujuwane ngedegaken Pewangi Jaya bengen? "Nomer siji, seduluran lan kangen ngomong cara Using. Dadi kadhung ana wong ngomong Using iku ati kerasa seneng, sakkal parek kaya dulur."
Tujuwan nomer loro, anane paguyuban iku kanggo ngeraketaken, paran maning kadhung ana keseripahan, hajatan, lebaran, aju padha teka, gesah cekakakan. Padha seneng.
"Hang nomer telu paguyuban bisa mbantu dulur hang hing duwe, uga mbantu Pemda majokaken Banyuwangi."
Mula kadhung ana acara-acara hang dianakaken Ikawangi lan ormas-ormas ring ngingsore, Pak Tardji iki kaya hing tau gelem ketinggalan. "Seneng kecaruk dulur-dulur Banyuwangi."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.