Suwuk, Pengobatan Alternatip Hang Wis Emeh Ilang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 12 Juni 2025 06:51 WIB)
- Opini



Suwuk, Sistem Pengobatan Alternatip Hang Wis Emeh Ilang
ditulis ring Eko Budi Setianto

Sak durunge ana kedadeyan ‘Pembunuhan Dengan Dalih Dukun Santet’ tahun 1998 hang wis nggawe umeke wong-wong sak donya, nang Banyuwangi ana salah sijine cara pengobatan alternatip hang wis anjerah dienggo ambi wong-wong desa, yaiku ‘Suwuk’.
Embuh iku merga mantera ‘suwuk’e hang mandi tah kerana sangking percayane (sugesti) masarakat, nyatane peroses pengobatan liwat cara-cara suwuk iku wis anjerah dilakoni masarakat hususe warga Using Banyuwangi.
 
Peroses pengobatan nganggo cara-cara rapal donga hang diwacakaken nong ndhuwure banyu putih hang diwadhahi gelas, kekeb, bathok, lan sepiturute iku, wis katut ilang bareng ambi sirnane kasus tahun 1998 kala iku. Kelendi-kelendiya, kedadeyan ngenes tahun 1998 bengen iku wis ngilangaken salah sijine budaya lan kebiyasaan masarakat. Mergane tukang suwuk bisa diarani tukang santhet lan dadi sasaran paten-patenan. Ale bida antarane suwuk, santhet lan sihir.
 
Man Halik, salah sijine guru ngaji hang uga dadi tukang suwuk nong salah sijine desa ring wilayah Kecamatan Licin, ngaku hing gelem maning ngelakoni dadi tukang suwuk merga wedi didakwa tukang santhet. Semono uga para tukang suwuk liyane, hang wis biyasah mbantu tangga-tanggane hang mbutuhaken, padha ngilangaken ilmu suwuke.
 
“Saiki iki roh wis akeh Rumah Sakit, Puskesmas, utawa panggonan pengobatan-pengobatan liyane. Dadi, masarakat wis hing merlokaken tukang suwuk maning,” ujare Man Halik nyang penulis.
 
Miturut Budayawan Banyuwangi Hasnan Singodimayan, Santhet, ilmu pengasihan lan sepiturute, kelebu Suwuk, wis dadi kebiyasaan lan budaya masarakat Using Banyuwangi sakat jaman embah buyut bengen. Santhet lan sepiturute iku wis kaya dadi ‘pertahanan’ (resistensi) masarakat ngadhepi lingkungan. “Ilange santhet, suwuk, lan liya-liyane iku ya padha bain ambi ilange kultur lan budaya masarakat,” ujare Kik Hasnan.
 
Jaman tahun tahun 1970-an ring Singotrunan ana tukang suwuk hang mandi seru suwuke, hang kesuwur arane yaiku Embah Haji Salam. Seliyane banyu putih, iyane nganggo suruh temurus hang digores-gores nyang penguthike. Lare cilik hang awake kerasa anget lan golet tamba nyang Embah Haji Salam ya dadi lan warase. Jare wong-wong, Embah Haji Salam kadhung tepak nambani lare, matane dadi biru. Embuh bener tah sing. Taping yaiku mau hang penting larene hang ditambani dadi lan arone.
 
Sedurunge kedadeyan paten-patenan “dhukun santhet”, ana hang arane operasi petrus (penembak misterius), hang digawe jamane presiden kepindho Indonesia Pak Harto sak perlu nggawe amane masarakat kelawan mateni wong-wong hang dianggep jahat lan biyasah dadi ulere rakyat. Tepak kedadeyan iku ana pisan wong-wong hang diarani Tukang Suwuk ditemokaken wis diwadhahi karung. Embuh sapa hang nemtoaken gok tukang suwuk iku itungane dadi wong jahat pisan.
 
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Eko Budi Setianto

Editor: Hani Z. Noor